Mohon tunggu...
Khadijah Amroe
Khadijah Amroe Mohon Tunggu... pegawai negeri -

kau boleh membelenggu tangan dan kakiku, tapi kau tidak bisa mengekang jiwaku untuk menulis......

Selanjutnya

Tutup

Cerpen Pilihan

Cerita Cekak ; Setan Wadone ( Nyi Rantam Sari ) Melu Maring Umah

8 September 2014   09:48 Diperbarui: 18 Juni 2015   01:20 1852
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

7.EDISI : WEWEH BANTUAN BENCANA

“ SETAN WADONE ( NYI RANTAM SARI ) MELU MARING UMAH “

DENING : KHADIJAH AMROE

Ora nyana ora apa, jebulane dina kiye, Jeng Kade karo mas Hendri dong lagi tugas weweh bantuanbencana umah kobongan, jebulane dikintili setan wadon, dadine sak dawane dalan, ana-ana bae kedadean sing ngawe ati deg-degan setitik maning apes. Alhamdulilah, Gusti Allah isih maringi keselametan maring wong loro kuwe, akhire wong loro bisa balik maning maring umahe dewek-dewek padahal sampe ngumah be setane melu ngintiil manjing maring umah.

Tugase mulai nang tanjakan Desa Mendelem nang Kecamatan Belik. Dalane pancen manjat tur duwur nemen, terus turune yanurun nemen, ngingsore kadang ana jurange, dong dalane radan rata ya isine sawah-sawah karo alas roban sing lor karo kidule langka wong siji-sijia.

Pas kuwe nang tanjakan, mbuh kuwe tanjakan ke pira, ndilalah mobil coake manjat ora kuwat, dadine nang tanjakan mesine mati. Mas Hendri sing nyupiri raine katon abang ireng, keweden, kecut karo kuwatir dadi siji, Jeng Kade uga wedi nemen, soale ngingsore jurang amba, kayonge angger supire ora pinter-pinter nemen, mobile bisa njungkel mlebu nang jurang.Ngerti mobil coakke sing ngawa beras mandeg greg nang tanjakan, Jeng Kade gagian mudun, kayonge ta wedi mbokan mesine ora kuwat, terus mobil coakke nggloyor mlebu njurang. Mas Yatno sing ngater pan maring umahe Yu Daningsih sing umahe kobongan kuwe, uga gagian mudun, Mas Hendri tetep ngencotrem kenceng-kenceng.

” Wis Mas, mesinne diuripna ! ” Mas Yanto nggembor kading mburi mobil coak. Mas Hendri gagian murubna mesin mobil coake. Mesin moni....ngeeeeeng....nggeee..... tapi ya kuwe, mobil coake ora gelem manjat, bane muter tok malah dadine lemah sing nang ngisore ban pada mlayu menduwur, dadi kemebul kabeh. Jeng Kade gedeg-gedeg karo pikirane mana-mana,wedi mbokan mengko mobile ora bisa manjat, lah mengko keprimen kiye, melasna ya Yu Daningsih sing wis dingai ngerti yen dina kiye bantuane repan anjog nang umahe.

” Jajal Kang, Sampeyan manjat nang mburi, kayonge ta kurang beban nang mburi, ben bane jalan kabeh ! ” Mas Hendri weweh prentah maring Mas Yanto. Mas Yanto gagian manjat nang mobil coak mburi, mesin diurubna maning, bane muter, lemahe pating mencolot ana pasir karo watu cilik-cilik maning, kaya wong lagi ngganggsir umah. Alhamdulilah, akhire mobile bisa manjat tanjakan sing duwur kuwe.

” Kiye kan mobil coak, ya kudu ana penumpange nang mburi, sing numpak beras rong karung tok, ya kurang anteb, ” jarene Mas Hendri karo nguyu dong wis pada lungguh nang ngarep mobil coak lih mobile wis jalan. Nang dalan, pinggir-pinggire akeh watu gede-gede, kayane ta watu gede semono langka wong sing bisa mindahna kecuali alam sing mindahna. Jarene Mas Yanto, bisane watu gede separo umah bisa nang pinggir dalan, pating tletek, kuwe ya sebabe gunung sing mletus, ngetokna awu, lahar terus watu gede-gede, terus watune mabur-mabur anjog nang desa Mendelem.

Mobil coak akhire mandeg nang pos kampling.

” WisMas Hend, mandeg ngene bae, mengko aku tak pesen karo wong sing liwat gon ngundangna Yu Daningsih ben teka mene bae ben njukut beras karo nampa duit dewek. ” jarene Mas Yanto sing wis apal, dalan sing repan maring umahe Yu Daningsih ora bakalan bisa dilewati nganggo mobil coak. Dalane angel nemen, manjat mudun, tur mlebu adoh maring menjero.

Ora let suwe, kebeneran ana nom-noman loro liwat numpak motor trail ala ndesa. Wong lanang loro kuwe diadang Mas Yanto, terus Mas Yanto meweh pesen, ngongkon Yu Daningsih gon mene bae, maring pos kampling. Bocah loro nom-noman kuwe anut. Kebeneranjalur sing pan dilewati nglewati umahe Yu Daningsih, dadine ya kebeneran baelah.

Ora nganti seprapat jam, Yu Daningsih ngaton, mlaku kading ngisor dalan sing dalanane mudun. Mlaku nganggodaster. Mlakune lenceng nemen, anjog nang pos kampling, ambekane biasa bae, ora ngos-ngosan ora apa. Bener-bener hebat kiye wong wadon. Mlaku majat, sedoh-dohan maning, kayong ora cengap-cengap ora apa, jajal kuwe wong wadon kota, mesti ambekane pada cengap-cengap, ngos-ngosan ora karuan.

” Kene yu tak foto disit ! ” jarene Jeng Kade ngongkon Yu Daningsih gon ngadeg nang pinggire mobil coak karo Mas Hendri lan Mas Yanto. Jepreeeeet....jepreeet, kamerane Jeng Kade dipenjet tombole sing nang nduwur, Yu Daningsih katon mesem, kemayu tur kayong bungah barang ngerti pan olih bantuan beras karo nampa duit. Barang kwitansi wis ditandatangani, amplop sing isine duwit wis diwekenna maring Yu Daningsih, wis diwai penjelasan bab bantuan bencana kuwe kadingMas Hendri, beras ya wis digendong Yu Daningsih, balik maning mlaku sinambi nggendong beras maring umahe Yu daningsih dewek. mobil coake muter pan balik maring kota.

Dalane saiki nurun, kayong ngluyur....yuuuur...atine Jeng Kade melu ngluyur saking ngebute, mesin mobile kayong ora krungu suarane.Anjog nang alas sing gung liwang-liwung kuwe, ban mburi krungu....ceeeeeees......ceeeees....

” Waduh, bane gembes...... ” jarene Mas Hendri tambah njalakna mobile tambah ngebut.

” Terus bae Mas, dikebut bae, ben aja mandeg nang alas kiye, alase singit nemen. Cepet Mas ben gembese nang ndesa bae sing akeh uwong ! ” Mas Yanto terus nyemangati Mas Hendri gon njalakna mobil coakke radan ngebut.

Bane wis ngleyor-ngleyor, tapi dipaksa bae Mas Hendri njalakna mobile. Alhamdulilah, akhire pas nang ngarep toko nang ndesa Mendelem, Dukuh Kaliloji, mobil coakke mandeg greg.

Jeng Kade ngaso nang lincak sing nang ngarep toko. Mas Hendri gagian mudun karo ilang-ilengban mobil mburi, bener bane gembes nemen.

” Alhamdulilah ya Kang , bisa nyampe nang kene...” jarene Mas Hendri maring Mas Yanto.

” Untung nemen ya ora mandeg nang alas sing gung liwang-liwung kuwe, alas kuwe terkenale singit nemen. .... ” semaure Mas Yanto sing ngerti wilayah-wilayah nang Desa Mendelem kuwe, soale ya Mas Yanto kuwe petugas sosial sing nang Kecamatan, tugase maring desa-desa,dadine bener-bener ngerti nggon-nggon sing singit karo sing ora.

” Kiye mengko aku tak telpon maring kancaku ya, ben mene bae sekalian karo nggawa dongkrak, nggo ngganti ban ya..... ” jarene Mas Yanto maring Mas Hendri. Mas Hendri ngiyani. Paskebeneran, sing nduwe umah metu kading njero umah.

” Idilah...monggo mriki mlebet mawon Pak, Ibuk....” jarene bapak-bapak sing gayane ngomong katon medok ndesane kuwe. Bapak kuwe wis katon tua, klambine piyama karo nganggo sarung warna ijo. Nganggo kupluk warna ireng. Gagian wong telu mlebu njagong nang njeroumah, karo ngenteni kancane Mas Yanto marani nggawa dongkrak nggo ngganti ban.

Ora let suwe, wedang panas anjog karo poci-pocine sisan ora tanggung-tanggung karo gorengan tempe tahu rong piring. Gorengane anget, isih kemebul,dicokot ilate bisa melet-melet saking panase,, nang pinggire ana lombok cengise sing katon ijo-ijo kuwe.

” Monggo didahar Pak, Buk...! ” jarene bapak kuwe sing jebulane bapane sing nduwe umah.

” Nggih Pak, maturnuwun sanget...... ” semaure dayoh telu karo gagian njukut gorengan sing nang piring. Hmmmm...kayong wetenge kemriwik wis wayahe dahar awan, tapi ya gara-garane bane gembes, dadine dahar siange mengko bae, anjog sore ndean....dong bane sing gembes wis diijoli karo ban serep.

Barang lagi enak-enakan nyokot gorengan tahu karo tempe, kancane Mas Yanto teka kading kota, nggawa dongkrak karo peralatan liyane nggo ngganti ban. Ana wong telu kedungkrak-kedungkruk nang ngisore mobil coak, ngganti ban sing gembes, karo ban serep.

Ana setengah jam ngganti ban kuwe, bar wis rampung Mas Hendri gagian nguripna mobil coak sing saiki muatane wis entek, wis diwekenna kabeh karo wong-wong sing kena bencana. Bar nylogrongna duwit limalas ewu, etung-etung silaturahmi karo bakul warung sing wis nyediakna gorengan tempe karo tahu, terus mbayar wong sing ngganti ban, mobil coak terus mlayu, ngutir, mlencing....mlayu maring kota. Ban serep kuwepancen ora penak ya, disetiri mobil coake, mobile kayong pan katut miring-miring. Jarenne mas hendri sing nyopiri, mlayu mobile kayong angel nemen, miring-miring ora nggenah. Anjog nang kota, ban serep gembes maning, untung bae pas mandeg kuwe nang pereke umahe mas Yanto ana bengkel montor karo tambal ban, ya kebeneran nemen, bane akhire ditambal nang bengkel kuwe, Jeng Kade karo Mas Hendri mampir nang umahe Mas Yanto kanggo medang sing wis disiapna bojone Mas Yanto karo andon sholat berjamaah. Sholat rampung, daharawan wis rampung, weteng kayong wareg banyu karo angin karo mangkel bane gembes terus, bar kuwe marani ban sing ditambal, ban sing asli dipasang maning sawise ditambal. Bar mbayar rong puluh ewu, mobil coak gagian mlayu. Pas kuwe wis madan sore, wis ashar luwih, langite kayong peteng , mendung, kayong pan udan. Saiki mobil coakke nganggo ban asline sing wis ditambal.

Maning-maning gembes...maning-maning gembes, barang wis anjog nang alas Bantarbolang, ban asline gembes maning. Ya ampun, ana-ana bae dina kiye. Wis nang tengah alas, untung bae gembese nang pereke wong-wong sing lagi kerja nduduki lemah alas,buruh Perhutani sing nduweni alas kayu jati kuwe. Saking kesele, barang Mas Hendri mudun ngluruh bantuan, jeng kade langsung slonjor, ngeluk boyong nang jagongan ngarep mobil coak. Lah mbuh ora ngurusi wong-wong sing pada liwat, montor, bis sing sliweran liwat, sing penting judule ngeluk boyok, slonjor, nglurusna boyok kayong kesel nemen. Mas Hendri weruh Jeng Kade slonjor,gagian nggugah.

” Jeng...jeng tangi, kyeh mobile gagian, bane pan ditambal maning. ’ Mas hendri nggugah jeng Kade. Untunge Jeng Kade turune turu-turu ayam, ora lali nemen, mung pengin ngeluk boyong tok, nglempengna boyok, jeng kade gagian tangi mudun, njagong nang suketan ora adoh karo mobil coak sing bane lagi ditambal. Mas Hendri wira-wiri, telpon mana, telpon mene, telpon karo Pak Slamet, atasane, ngomong yen dongene ngirim bantuan kuwe nganggomobil Resque, dudu mobil coak kaya kiye, nyusahi tok ! Pas kuwe Pak Slamet lagi ana acara karo Kementrian nang Jakarta, dadi mengko jare pan disampekna, ben Resque kuwe didenggo nggo bidang sosial ya nggo nglayani sosial, ora didenggo mbuh, dinggo wong-wog sing ra nggenah !

Ana sejam luwih, Jeng Kade ngenteni nambal ban. Dadi angger didetung, sedina kiye, ban gembes nganti ping telu. Jarene Mas Hendri dina kiye dongene apes, tapi Gusti Allah isih maringi keselamatan. Sejam rampung, ban wis bener maning, Mas Hendri nylogrongna duwit seket ewu, ben dibagi wong- wong sing pada mbantu mau, jumlahe kayong ana wong lima. Ana sing wira wiri maring ndesa, njukut peralatan, wis pokoke macem-macemlah. Wong desa pancen pitulunge gede ya...

Mobil coak, dening wis sore gagian mlayu lenceng, tembe seprapat jam, mobil coak ana sing mandegna , wong lanang loro mandegna mobil coak, mobil mandeg, Mas Hendri mudun.

” Wonten nopo Pak ? ” jarene Mas Hendri kambe mudun marani wong lanang loro sing numpak montor lan mandeg ora patiya adoh karo mobil coak.

” Anu Mas, ban serepe ngglinding wau teng mburi. ” jarene wong lanang mau karo nodokna ban sing ngglinding nang dalan. Barang krungu bane ngglinding, Mas Hendri gagian puter arah cepet-cepet, kuatir mbokan bane ilang dijukut wong liwat nang ndalan.

” Regane ban larang Jeng, sak jutanan luwih, duuh.... payah mbokan dijukut uwong liwat. ’

Sruuuk..... mobilcoake megok melu-melu pecicilan. Sopire pecicilan ya bane melu pecicilan, muter arah terus mlayu. Pas beneran bane ditemokna bocah lanang cilik sing numpak pit, terus mandeg mekenan ban sing ngglinding nang ndalan.

” Untung ya Dek, sing nemokna Koe, suwun ya Dek, ” jarene Mas Hendri karo nylonongna duwit seket ewu nggo bocah loro ben bungah atine.

” Ya Allah, dina kiye apes terus ya Jeng... ’ jarene Mas Henri bareng mobil coakke wis mlayu maning.

” Wis alon-alon apaha, sing penting slamet Mas Hend. ”

” Iya Jeng, sing penting slamet tekan ngumah... ” semaure Mas Hendri. Barang sak jam nang jero mobil coak tanpa alangan apa-apa maning, Jeng Kade diturunna nang ngarep gang, perek umahe Jeng Kade.

:” Kesel apaha , ngesuk mangkat ya Jeng... ” pesene Mas Hendri karo Jeng Kade. Jeng kade manggut-manggut karo mesem. Pengin nemen tekan ngumah, adus sore repan maghrib, terus turu angler nganti esuk.

Esuke pas dina jumat, bar Jeng Kade balik ngantor jam sewelas awan, kayong kesele durung mari-mari, kesele kaya wong nduwe gawe, pitung dina pitung wengi ora ilang-ilang , langsung bae Jeng Kade turu nang kamar, turune angler nemen, ora ngerti yen nang pinggire Jeng Kade ana sing melu turu, bangsane lelembut. Jarene Mas Yanto jarene kuweNyi Rantam Sari, lelembut sing manggon nang alas Gunung Mendelem.

Pas kuwe bojone Jeng Kade mlebu maring kamar, repan jukut sajadah nggo sembahyang jumat, barang weruh, Jeng Kade kuwe lagi turu ana kancane wong wadon, pada bae mengkurep. Sing siji klambine putih rembyak-rembyang rambute.mengkurep, bojone Jeng Kade ya ora weruh raine Nyi Rantam Sari, Cuma weruh awake karo rambute , karo sikile tok. Bojone terus mikir, sapa maning wongwadon gede sing nang umah, wong anane bojone tok ? dadi bojone Jeng Kade ngerti yen kuwe mau lelembut sing ngintil maring umah. Barang diseblakna sajadah, setan wadon, Nyi Rantam Sari kuwe ngilang.

Dadi kesimpulane, perjalanan wingi sing apes terus-terusan kuwe sebabe dikintili setan wadon sing arane Nyi Rantam Sari sing manggon nang alas Mendelem. Jarene Mas Yanto, jare angger Jeng Kade maring Desa Mendelem maning,ambune awake Jeng Kade kuwe Nyi Rantam Sari kuwe wis ngerti, bakalan dikintili maning anjog maring umah....iiiih, sungkan ah,maring Desa Mendelem maning!

Pemalang, 10 mei 2014.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun