Mohon tunggu...
Unus Subiyantoro
Unus Subiyantoro Mohon Tunggu... Guru - Guru SMP 3 MAGETAN

saya seorang guru Bahasa Indonesia yang suka berliterasi apa saja

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Bunek

2 Mei 2024   00:13 Diperbarui: 2 Mei 2024   00:16 54
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Suwe aku ora nulis, tahunan malah puluhan tahun. Opo maneh nulis gawe boso Jowo. Hadeeeeh..! susah, tapi yo tak cobone. Mbok menowo isek iso. Karo tak srupute kopiku, seng isek tak wenehne mejo cerak leh aku nulis. Mejo sak ukurane mejo makan seng bahane soko galik kayu nongki, umure wae karo umurku sek tuwo mejone. 

Mejo tinggalane suwargi simbah buyutku. Jare si mbokku, mejo kuwi olehe soko telatah Demak Bintoro Jawa Tengah kono, tahun piro yoo si mbokku asale mejo mau. Opo pas jaman perang Diponegoro jare si mbokku karo ngremeng. Jaman semono, ora ono kendaraan koyo jaman saiki saiki. Enek oo yo cikar. Hanek saiki bis wira wiri, sliwar sliwer, teko lungo menyang ndalan-ndalan kan terminal seng jurusane eneng ngendio enek. Sak jam-jame yo wes cemepak, karek numpak weeee..!! teko tujuan seng dikarepke. 

"Hanek gowo mrene piye? " takonki karo heran. Si mbokku meneng wae, saja ora gatekne. Tangane sek umek ngulek smanel, jaaaaan prigeel. Tangane ngusap mripate seng mbrebes, amaergo kenek sawane brambang kan lombok beliau. "Piye awakmu mau takon opo? " sauri si mbooku. Lhaaaah piye iki..? ditakoni malah takon. "Nek.. Gowo mejo iki soko ngendi mauuuuu.., ngemplak eehhh! Demak. Ngono iku piye?? " baleni pitakonku seng disek. "Oooo.. kuwi! Hayo dipikul noooo.. " leh nyauiri enteng wae mbokku, tangane seng kiwo jupuk uyah sitik, ditaburne menyang sambele seng iseh diulek mau. Leh nyauiri pitakonku mau. Enteng men? batinku yo rodo gondok neng ati. "Di pukul piye toooo..?? Mosok soko Demak sampek kene.? Pirang dino sampek wetan gunung..?! ' takonku karo rodo bingung, semu heran. " Sak klebatan wes teko. " wangsulane si mbok karo guyu. Untune simbok iseh pepak lan rijik ketok. Aku tambah bingung, sak klebatan? Soko telatah brang kulon neng telatah brang wetan sak klebatan. Mosok tooo..? lokal. 

Koyo ceritane dadine Candi Jonggrang wae, seng ono telatah tanah Jowo suseh tengah kono.  Rikolo ing jaman biyen ono kraton gedhe seng neng tanah Prambanan. Rakyat telatah Prambanan iku biyen ayem kan tentrem seng dipimpin karo Prabu Boko jenenge. Nanging keraton Prambanan diserang karo keraton Pengging. 

Prabu Boko lan pasukan kalah, mati amargo keno karo senjatane Bandung Bondowoso. Raja soko keraton Pengging lan pasukane seneng amargo iso ngalahake keraton Prambanan. Wektu Bandung Bondowoso neng keraton Prambanan seng iso dikalahne, ceweke delok lan merugikan ono putri seng ayune uleng-ulengan. Putri iku jenenge Roro Jonggrang. 

Langsung Bandung Bondowoso kesengsem, gumun lan pengen sak naliko nglamar Roro Jonggrang supoyo gelem dadi sisihane. "Bocah ayu Roro Jonggrang, opo sliramu gelem dadi garwone kakang? " takon Bandung Bondowoso. Roro Jonggrang seng Jane iseh mangkel, serik lan benci karo Bandung Bondowoso seng uwes merjoyo romone Prabu Boko, lan ugo wes ngalahne negorone. "Bandung aku gelem dadi bojomu. Tapi ono syarate" wangsul Roro Jonggrang, mripate abang mandeng Bandung karo setengah nangis. Amargo karo ngempet roso sesek ono eng jero dodo. Ati ne iseh kroso perih. 

"Opo iku syarate Jonggrang?" takon Bandung Bondowoso pengen ngerti. "Syarate.., aku gawekno Candi. Tapi cacahe sewu, waktune tak wenehi seweng. " jare Jonggrang mantep. Bandung kroso kaget banget, weroh persyaratan seng diajokne lan weroh penjaloke si Jonggrang. 

Gek yo opo iso, wektu sewengi gawe Candi cacahe sewu. Bandung meneng sedelo, atine koyo-koyo o abang nesu ditantang karo Jonggrang. "Yoooh.. Jonggrang nek kuwi sanyemboro lan syarat seng mbok karepke. Tak turuti, tapi awakmu ojo selak nek wes kelakon dadi candine. " sanggupi Bandung. Sakbare ngomong ngono neng ngarepe Jonggrang, Bandung lungo nyiapke penjaloke Jonggrang. 

Eng wengi. Bandung Bondowoso  ngumpulne anak buahnya kabeh poro bolo Jin begasakan lan anak buahnya menungso rakyat Pengging. Sak uwese podo kumpul kabeh, Bandung menerima perintahperintah. Sawise ngrukne perintah mau, poro bolo Jin lan rakyat Pengging gotong royong langsung garap Candi seng sewu cacahe. 

Opo seng dijalok karo Roro Jonggrang. Roro Jonggrangvseng ndelengi kerjaane anak buahnya Bandung dadi wedhi dewe. Karepe syarat kon gawe Candi cacah sewu kanti wektu sewengi bakal ora biso kelaksanan. Nek ora kelakon, Roro Jonggrang ora sido dadi bojone Bandung Bondowoso. Tapi nyatane Bandung duwe ilmu seng ngedaop ngedapi. Iso nyelok lan ngumpulne bongso Jin, demit lan sak panunggalane kongkon bangun Candi cacahe sewu seng mong diwenehi wektu sewengi. Amargo soko wedhine, Roro Jonggrang nyelok lan ngumpulne dayang-dayange. Jonggrang mau ngongkon Abdi daleme Mba Karina damen, ngunekno lesung lan naburne kemana seng wangi. Poro Jin, demit langsung lelembut mau wedhi, disangkakne wes arep esuk. Kabeh poro Jin lan  bolone kabeh mlayu, balek kabe menyang panggonan asline. 

Candi sengcseng digawe sak janjane jumlah sewu, seng dadi lagi ono santang agus santang puluh Songo kurang sini. Bandung Bondowoso seng ngertiv kejulikkane Jonggrang dadi nesu gede lan mirko, amargo dibujiki lan video soko sumpahe. Bandung Bondowoso lamgsunh nyabdo Roro Jonggrang dadi patung. Gawe genepi Candi seng kurang mau dadi sewu. 

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun