Mohon tunggu...
Tantri Wuragil
Tantri Wuragil Mohon Tunggu... Guru - SMP Angkasa

Kepala Sekolah SMP Angkasa Colomadu

Selanjutnya

Tutup

Ilmu Sosbud

Materi Pidato Basa Jawa

20 Agustus 2023   14:32 Diperbarui: 20 Agustus 2023   14:39 507
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

GURU PINANGKA JURU KUNCI PANINGKATING MUTU PAWIYATAN

Assallamualaikum waroh matullohi wabarokatuh

Katur dhumateng Bapa Ibu Dewan Juri ingkang kula kurmati

Bapa Ibu Dwija ingkang kula bekteni

Saha para kanca pasarta andon wasis sesorah basa jawi ingkang kula tresnani


Ing sakderengipun sumangga penjenengan sedaya kula dherekaken ngaturaken puja puji syukur konjuk ing ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung,awit saking sih nugrahanipun

panjenengan sedaya saget makempal wontening papan punika,kanthi kahanan sehat walafiat mboten kirang setunggal punapa.

Bapa Ibu Dwija ingkang kula kurmati,keparengna kula pinangka wakil saking PGRI Kecamatan Colomadu  ndherek andon wasis sesorah basa jawi,wontenipun mengeti dinten ambal warsa PGRI ingkang kaping 71. Dene ing pepanggihan punika kula badhe ngaturaken sesorah kanthi tema nuwuhaken kesedharanipun para dwija saklebetipun ningkataken mutu pawiyatan.

Bapa Ibu Dwija ingkang luhuring budi

Pawiyatan punika salah satunggaling perangan ingkang wigatos lan kedah dipun darbeni dening satunggaling negari, awit pawiyatan mujudaken ukuran kemajenganing bangsa.

Sawijining perkawis ingkang dipun raosaken dening pawiyatan inggih punika kados pundi caranipun ngemonah mutu.

Kathah sanget sumber mutu ing pawiyatan,ing antawisipun: sarana gedhung ingkang sae,dwija - dwija ingkang pinunjul,asil biji siswa ingkang maremaken,panjurung saking tiyang sepuh,aplikasi teknologi ingkang mumpuni,pangarsa ingkang sae,kurikulum ingkang jumbuh kaliyan kabetahanipun siswa lan ugi wonten kawigatosan dhumateng para siswa. Nanging ingkang baken kangge ndandosi mutu pawiyatan  kawiwitan saking greget makarya para dwija. Para dwija anggadhahi jejibahan ngindhakaken kasiling pawiyatan.

Bapa Ibu ingkang minulya

Dados dwija punika satunggaling pakaryan ingkang luhur, nggulawentah para siswa ingkang minangka aseting negari, nyamektakaken generasi-generasi penerus bangsa.

Senadyan tasih wonten para dwija ingkang ngabdi kanthi sarana ingkang sakwontenipun, prekawis kepegawaian, lan honor ingkang dereng nyekapi,nanging sedaya kalawau katindakaken kanthi tulus ikhlasing manah, awit pawiyatan kedah lumampah kanthi sae.

Sumangga para dwija kula lan penjenengan sedaya ngupadi ndadosaken pawiyatan punika pinangka wengkuning watak pinuji utawi asring kasebat zona karakter terpuji.

Lare-lare ngraosaken pawiyatan ingkang ngremenaken, ngraosaken pawiyatan ingkang para dwijanipun pantes tinuladha. Para siswa tansah kemutan dhumateng sedaya dwijanipun ingkang satuhu luhur ing budi.

Ing tembe wingkingipun para siswa nganciking kadewasan lan manjing ajur ajer wontening bebrayan agung,mangkeh saget matur,"Kula sinau jujur, kula sinau mutu lan kula sinau integritas saking guru kula," sinambi nyebat asma penjenengan senadyan penjenengan mboten midhangetaken piyambak aturipun.

Sumangga kula lan penjenengan saget gadhah krenteg nuwuhaken kesedharan kangge ningkataken mutu pawiyatan kanthi cara:

  1. Ndherek kegiatan FKG,KKG,MGMP,Seminar lan sapanunggalipun.

  2. Sinau malih babagan teknologi supados mboten gaptek, ngginakaken LCD, Power          Point,damel bahan materi ugi lembar kerja.

  3. Ngembangaken materi kurikulum ingkang jumbuh kaliyan kabetahanipun siswa.

Ing wasana cekap semanten wonten atur kula ingkang kirang mranani penggalih kula nyuwun pangaksami, akhirulkhalam wabillahi toufik walhidayah

wassallamualaikum warohmatullahi wabarokatuh.

Dwija kinarya kusumaning bangsa,Dirgayuswa PGRI ingkang kaping 71,nuwun.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
Mohon tunggu...

Lihat Konten Ilmu Sosbud Selengkapnya
Lihat Ilmu Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun