Mohon tunggu...
PAK Shoes
PAK Shoes Mohon Tunggu... Ringan, Relevan, dan Refresh

Menebar kebaikan melalui tulisan ringan, relevan dengan keadaan, dan merefresh untuk memulihkan kebahagiaan.

Selanjutnya

Tutup

Sosbud Pilihan

Alur Lakon: Fathu Makkah

20 Agustus 2025   09:29 Diperbarui: 20 Agustus 2025   09:29 270
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Dok WJNS: Flyer pentas di Bacem, Ponggok, Blitar

ALUS KISAH 'FATHU MAKKAH'

Adegan 1: Pengkhianatan Suku Bakr lan Kafir Quraisy

Bengi kui penduduk Mekkah podo turu angler, atine ayem, ora was-was, sebab jumbuh karo perjanjian HUDAIBIYAH suwene 20 tahun mengarep ora ono perang antar suku (poro suku kang seteru podo setuju gencatan senjata). Nanging kahanan malik 180 derajat bengi kui malah kisruh ndadak. Geger gedhen ing sak tengahe kutho suci Mekah, nalikone tanggal 1 Januari 630 masehi. Kafir Quraisy bantu Suku Bakr, nyerang kanthi sesideman, nglimpe, ndingkik marang Suku Khuza'ah.

Bengi kui dadi ngimpi kang nggegirisi tumprap suku Khuza'ah, suara pating jelerit, suoro lengkingan maut, ora keno diampet-ampeti. Penduduk suku Khuza'ah sing bisa lolos; prio, wanito, lan bocah-bocah cilik podo kepalyu sipat kuping, ora karuan parane. Golek slamet dhewe-dhewe...

"Tuloongg.. tuloongg..." Kabeh podo bingung pateng bregnok njaluk tulong... Ono sing nutuk kenthongan titir.

(Ilustrasi suara geger, mencekam / panjak pating brengok, kairing nasyid 'Sholawat Badar').

Saperangan suku Khaza'ah ono kang duweni ide sowan kanjeng Nabi Muhammad, SAW. Matur bilih suku Bakr lan Kafir Quraisy blenjani perjanjian HUDAIBIYAH, ing mongso genjatan senjata, damai, ora ono perang, ora oleh nyerang, nanging kedadean mau bengi yekti dadi bukti kafir Quraisy wis blenjani janji.

Ogah kalah, suku Bakr lan kafir Quraisy sing wis rumongso nek dheweke nrajang perjanjian, mongko utusan Abu Sufyan ngadhep kanjeng Nabi neng Madinah. Tujuane njaluk supoyo perjanjian HUADIBIYAH dirubah...

Sakwuse mirengke laporane Abu Sufyan, Kanjeng Nabi ora nggape babar blas, ora ngendikan opo-opo,  lan ora nanggapi laporane...

Krono ora oleh tanggapan soko Kanjeng Nabi, Abu Sufyan sowan Abu Bakar, lan Umar supoyo gelem bantu ngerih-ngerih Kanjeng Nabi. Nanging usahane yo gagal total..

Isih urung trimo, Abu Sufyan banjur sowan Ali bin
Abi Thalib, kanthi wajah melas banget Abu Sufyan nyuwun iguh pertikele sayidina Ali.

"Demi Allah, aku ora ngerti babar blas kudu menehi saran opo marang awakmu. Lha sliramu kui rak sawijine pimpinan Bani Kinarah to? Gumregah lan njaluko pitulungan marang wong-wong ing daerahmu.." Sayidina Ali paring jawaban nolak panyuwune Abu Sufyan.

Abu Sufyan mengsuli, "Nopo menggah jejengan bilih kulo nywun tulong Bani Kinarah enten manfaate kagem kulo..?"

Ali jawab, "Demi Allah, aku ora yakin, nanging aku ora duweni sulusi marang persoalanmu".

Kanthi lemes, lan kuciwo banjur Abu Sufyan bali mulih tanpo asil. (karo gembrundel, "Gagal maning, gagal maning..")

Adegan 2: Nabi Paring Perintah Nyerang Mekah

Kanjeng Nabi Muhammad SAW, paring perintah marang poro shokabat lan pasukane supoyo nyiapake perlengkapan perang. Banjur kanjeng Nabi ndungo, "Duh Gusti Allah, Panjenengan dadosaken tiyang Kafir Quraisy mboten saged ningali lan mboten mireng hinggo kulo dumugi ing mriko tanpo dinyono-nyono.."

(Hikmah: kisah ing nginggil paring pelajaran bilih perjanjian dipun khianati pareng dipun batalaken). Kados dawuhe Allah:

"Lamun siro kuwatir arep (kedadean) pengkhianatan soko sawijine golongan, mongko balekno perjanjian iku marang dheweke kanthi podo-podo ngertine. Satuhune Allah ora demen marang wong-wong kang blenjani (khianat)." (Qs. Al Anfal: 58)

Adegan 3: Kisah Hatib bin Abi Balta'ah radhiyallahu 'anhu

Siasat awal: Kanjeng Nabi ngutus pasukan kang cacahe 80 supoyo tumuju marang perkampungan antara Dzul Khasyab lan Dzul Marwah, rikolo kui ing awal wulan Romadhon. Siasat iki supoyo musuh ngiro Kanjeng Nabi bakal tumuju wilayah kasebut.

Sawetoro iku sahabat Muhajirin kang asmo Hatib bin Abi Balta'ah nulis surat kanggo wong kafir Quraisy sing isine menehi kabar 'Yen to Kanjeng Nabi arep nyerang Mekkah'. Banjur Hatib utusan kurir sawijinging wanito supoyo ngeterne surat mau kanthi diupahi, banjur age-age si wanito nyimpen surat sakjrone gelungane.

Kanjeng Nabi nompo wisik (wahyu) saking Gusti Allah ngenani opo kang dilakoni Hatib. Banjur Kanjeng Nabi ngutus Ali bin Abi Thalib lan Al-Miqdad supoyo mburu wanito mau nganti kecekel.

Ali lan Al-Miqdad kasil blancang lakukan wanito mau, "Hee.. kisanak mandheko..!" Si wanito kaget malah nggelak layune kewan tunggangane, ora srantan kekarone nguber wanito mau.

Ali lan Al-Miqdad kasil ngendheg lakukan kendaraane si wanito, Ali langsung njaluk supoyo surat soko Hatib diserahne, nanging wanito mau ngelak, ngapusi, ngomong yen ora nggowo surat opo-opo. Naliko digeledah kewan tunggangane ora ditemokake surate, banjur Ali ngancam, "Aku sumpah demi Allah lan Rasul-E ora ngapusi. Demi Allah yen surat iku ora mbok serahne aku, awakmu bakal tak udani.."

Wanito mau kedher atine krungu ancamane Ali, age-age surat diserahne. Sakwuse surat ditompo, Ali lan Al-Miqdad enggal balik, kacarito wus dumugi ngarsane Kanjeng Nabi, Ali enggal ngaturake surat mau.

Banjur Kanjeng Nabi utusan nimbali Hatib bin Abi Balta'ah, lan didangu kanthi sopan, lan sabar. Lajeng Hatib jawab:

"Kanjeng Nabi, ampun keseso nuduh kulo. Demi Allah kulo tetep iman marang Allah ugi Utusanipun. Rumiyin kulo pancen anak angkate tiyang kafir Quraisy, kulo niku mboten wonten napa-napane tumrap kafir Quraisy, kulo mboten murtad Kanjeng Nabi. Kulo wonten mriko gadah Bojo lan anak, mboten gadah sanak kadang, bilih kedadosan perang sinten ingkang nglindungi? Pramilo kulo kirim surat supados kafir Quraisy kepotangan budi sahingga purun nglindungi keluargo kulo. Namung niku tujuan kulo Kanjeng Nabi.."

Umar kanthi pasuryan abang brangang matur, "Kanjeng Nabi, nopo Hatib niki kulo tugel gulune mawon! Hatib sampun ngianati Allah lan Rasul-E, munafiq.."

Kanjeng Nabi ngendiko, "Hatib iki tau nderek perang Badar, elingo dawuhe Allah marang wong kang melu perang Badar. 'Tumindako sak senengmu, siro kabeh wis tak ampuni'"

Umar sakolo jungkel nggugluk lan matur, "Allah lan Rasul-E lakung pirso.."

(Hikmah: Hatib ora gumolong dadi kafir kados firmanipun Allah wonten ing Qs. Al Mumtahanah: 1).

Adegan 4: Pasukan Islam Tindak Tumuju Makkah

Kanjeng Nabi kairing 10.000 pasukan tindak dateng Mekkah, sawetoro tugas-tugase Kanjeng Nabi ing Madinah kapasrahake marang Abdullah bin Umi Maktum.

Ing satengahing laku tumuju Mekkah, Kanjeng Nabi pinanggih rombonganipun Abbas sekluargonipun (Paklik ipun Nabi), pranyoto tujuanipun bade hijrah lan ngrasuk agami Islam.

Lajeng wontening wilayah Abwa' pinanggih Ibnul Harist lan Abdullah bin Abi Umayah (kolo semanten taksih kafir, lan sanget anggenipun musuhi Kanjeng Nabi). Kanthi sifat welas-asih, lemah-lembutipun Nabi ndandosaken luluh, Ibnul Harist lan Abdullah bin Abi Umayah kerso ngrasuk agami Islam.

Lajeng Nabi dawuh, "Ingsun pingin sliramu Ibnul Harist biso dadi penggantine paman Hamzah rodhiallohu 'anhu".   

Naliko dumugi wilayah Marra Dhahran, cedhak sanget saking Makkah, Nabi mrintahaken: "Pasukan, saperangan gaweo obor, lan Umar sliramu ingsun tugasi njogo.."

Dalu niku Abbas dipun tugasi khusus mlebet ing kitho Mekkah piambakan kanthi nitih Bighol (blesteran jaran lan khemar) kagunaipun Kanjeng Nabi.

Naliko wus mlebu wilayah Mekkah, Abbas nggoleki pendudukan Mekkah kanthi suoro kang lantang; "Hee.. penduduk Mekkah, podo metuo siro kabeh, lan sowano ing ngarsane Kanjen Nabi Muhammad, nyuwuno jaminan keamanan. Supoyo ora ono kedadean pernag ing negoro Mekkah kene.."

Woro-woro kang diumuke Abbas keprungu ing talingane Abu Sufyan lan Budail bin Zarqo' sing lagi ngobrol santei ning sanding api unggun. Banjur Abu Sufyan nyauri, "Ono opo kowe kui Bas, Abbas? Kok bengak-bengok mbrebeki kuping.."

"Iki lo, Kanjeng Nabi wis rawuh ing satengah-tengah umat. Demi Allah, olo banget, asor, kewirangan, yento nganti kafir Quraisy dikalahake Kanjeng Nabi, gulumu bakal ditugel. Kene munggaho ning Bighol karo aku, tak derekne sowan Kanjeng Nabi supoyo awakmu diparingi jaminan keslametan.." Katrangane Abbas.

Abu Sufyan enggal nylingkrik ning gegere bighol sak mburine Abbas. Lan naliko ngliwati obor kang dijogo dening Umar bin Khotob, Abbas dawuh, "Hee Abu Sufyan, musuhe Allah. Sakehe puji amung kagungane Allah kang wus nundhukake awakmu tanpo perjanjian opo-opo".

Krono kuwatir kedisikan Umar bin Khotob, Abbas nambahi banter lakune bighole. Age-age Abbas ngajak Abu Sufyan lumebu ing panggonane kanjeng Nabi.

Ora let suwe Umar nyusul, ora srantan langsung matur dumateng Kanjeng Nabi, "Duh Kanjeng Nabi, niki Abu Sufyan to?. Pun ndang kulo tugele mawon gulune".

Abbas nyaut, "Duh Nabi, kulo sampun paring perlindungan dumateng Abu Sufyan." (Nyuwun perlindungan saking Nabi).

"Wis ngene wae, Abbas lan Abu Sufyan, sesok wae sliramu balio mrene." Dawuh Kanjeng Nabi kanggo netralisir suasana.

Isuk uthuk-tuhuk kiro-kiro bakdo Subuh, Abbas enggal ngajak Abu Sufyan sowan Kanjeng Nabi. Banjur Nabi dawuh, "Ciloko he Abu Sufyan, ono to siro wis pirso yen ora ono Illah kang wajid disembah kejobo Allah?"

Abu Sufyan menguli, "Demi Bopo lan Ibuku pinongko jaminanipun. Adoh dino sakdurunge kulo pun gadah panyono bilih to ono sesembahan sak liyane Allah, mesti kulo mboten butuh nopo-nopo sak sampunipun."

Nabi ngendiko malih, "Ciloko sliramu Abu Sufyan, wis wayahe sliramu ngakoni yen to ingsun iki utusane Allah."

Abu Sufyan njawab, "Demi Bopo lan Ibuku pinongko jaminanipun. Bilih urusan niki ing sak lebete ati kulo isih mamang, ono sing ngganjel dugi sepriki."

Abbas nyelo, "Ciloko awakmu! Ngrasuko Islam! Syahadato Laa Ilaha illa Allah, Muhammadar Rasulullah sakdurunge Kenjeng Nabi nugel gulumu."

Pungkasane Abu Sufyan kanthi lilo legowo, leres-leres ngrasuk agami Islam.

Tanggal 17 Romadhon tahun 8 hijriyah, Kanjeng Nabi sak kafilahipun jengkar saking Marra Dzahran tumuju Mekkah.

Sakdurunge tindak tumuju Mekkah, kanjeng Nabi meringi tugas marang Abbas lan Abu Sufyan. "Tunggunen pasukan iki nek dalan tembus sak cedake gunung kono. Wis enggal budalo disik.."

Saksuwene ngenteni pasukan, Saben ono rombongan (kabilah) kang wis gabung Kanjeng Nabi lewat Abu Sufyan tangklet marang Abbas; "He.. Bas, kae iki sing lewat kelompok e sopo?"

"Iki kelompok utowo kabilah si suto ...." Jawab Abbas.

Abu Sufyan jawab, "Eleh aku ora duwe urusan karo group kui..." Saben takon, lan oleh jawaban mesti Abu Sufyan nyauri ngono kui.

Abu Sufyan kaget weruh kabillah kok samene akehe, senjatane lengkap, saperangan podo nggowo gendhero, katon wibawa banget. Banjur Abu Sufyan takon maneh, "Subhanalloh.. lha lek sing iki kelompok sopo Bas..??"

"Lha nek iki pasukane Kanjeng Nabi bareng sedulur Muhajirin lan Anshor..", jawabe Abbas.

"Wee lha dalah, nek iki ora ono sing bakal kuat lan sanggup nandhingi..", Saut Abu Sufyan ngedap, atine cilik, gegrek doyone.

Abbas nyauri nandesake, "Hee Abu Sufyan iku ngono Nubuwah".

Kanthi nyekel gendero Anshar Sa'ad bin Ubadah radhiyallahu 'anhu. Naliko lewat sak ngarepe Abbas lan Abu Sufyan, Sa'ad bengok banter banget,
"Dino iki dino pembantaian. Dino dihalalkane tanah al Haram. Dinane Allah ngedukake derajate kafir Quraisy."

Naliko dumugi Mekkah, sawijine shokabat matur Kanjeng Nabi, ngenani opo sing diomongke Sa'ad ning sak ngarepe Abbas, lan Abu Sufyan.

Banjur kanjeng Nabi paring dawuh, "Sa'ad ora bener, kosokbalene dino iki dino diagungake Ka'bah lan diduwurne derajat kamulyane kafir Quraisy dening Allah".

Kanjeng Nabi mrintahake supoyo gendero Anshor diserahake marang Qois (putrane Nabi), pranyoto panggah dicekel Sa'ad. Ono sing crito diserahne marang Zubair lan ditancep nek daerah Hajun. Pasukan Nabi nerusake tindakne tumeko wilayah Dzi Thuwa. Ing kono Kanjeng Nabi mungukulake janggane nganti jenggote meh tumempel pelana ing punggung e turonggo titihanipun. Kang koyo mangkono mau Kanjeng Nabi nuduhake tawadhu'e marang dzat kang ngatur alam saki sine. Bajur dawuh:

"Khalid bin Walid, pimpinen pasukan lewat sisih tengen, mlebuo Mekkah lewat wilayah Lembah-lembah. Siro Zubair bin Awwam, pimpinen pasukan, mlebuo soko sisih kiwo lewat daerah pegunungan. Tancepno gender iki ing pegunungan Hajun, entenono ing kono, ojo ngalih sak durunge ingsung tumeko".

Adegan 5: Menang Tanpo Perang

Kanjeng Nabi banjur nerusake tindake tumuju Mekkah kanthi tetep nungulake janggane sinartan maos wola-wali wahyuning Illahi:

"Sayekti Ingsun (Allah) maringi marang siro kamenangan kang nyoto." (Qs. Al Fath: 1)

Naliko lumebu wilayah Mekkah, kanthi suanten kang jelas Kanjeng Nabi Paring pengumuman:

"Sopo sing mlebu Masjid mongko aman, sopo sing mlebu omahe Abu Sufyan bakal aman, sopo sing mlebu omah lan nutup lawange dheweke ugo aman".

Kanjeng Nabi nglajengaken tindake dumugi Masjidil Haram. Lajeng thawaf kanthi nitih unto lan ngasto gendhewo kagem nggolingake lan ngrusak patung-patung kang ono ing sak kiwo tengene Ka'bah.

Naliko semanten Kanjeng Nabi maos firman Allah:

"Kang bener wus tumeko lan kang bathil wus ilang musno. Sayekti perkoro kang bathil mesti ilang musno." (Qs. Al-Isra': 81)

"Kang bener wus tumeko lan kang bathil ora bakal nglekasi lan ora bakal arep mbaleni." (Qs. Saba': 49)

Banjur Kanjeng Nabi lumebet sak jroning Ka'bah, priso enten gambar ing temboke Ka'bah arupi gambaripun Nabi Ibrahin lan Nabi Ismail kang lagi ngginakaken anak panah kagem ramalan. Lajeng Kanjeng Nabi ngendiko, "Mugi Gusti Allah binasakake wong kang gawe gambar iki. Demi allah Nabi Ibrahim ora nate nglakoni kang koyo mangkono". Nabi mrintahake kabeh gambar ing sakjroning Ka'bah supoyo diresiki.

Kanthi nyekel pinggiran korine Ka'bah Kanjeng Nabi dawuh:

"

"Hee wong Quraisy, setuhune Allah wus ngilangi sifat sombong, jahiliyah, lan ngegung-ngegungne marang leluhuriro. Manungso iku soko Adam, lan Adam iku soko tanah."

"Hee wong Quraisy, opo sing siro angen-angen opo kang bakal ingsung tindakne marang siro kabeh?" 

Penduduk Mekkah njawab, "Ingkang sae-sae mawon, duh sederak ingkang mulyo, putra saking sederek kang mulyo".

Lajeng Kanjeng Nabi dawuh: "Tak aturake marang siro kabeh lir kadyo dawuhe Nabi Yusuf marang sedereke: 'Ing dino iki ora ono don-paidon ing atase siro kabeh. Allah wis paring ngapuro. Allah  Moho Welas Asih. Balio siro! Sajatine siro wis Merdeka (bebas)".

Salajeng wonten ing dinten kang kaping kalih, Kanjeng Nabi paring dawuh (Khotbah) ing sak ngajenge penduduk Mekkah:

"Yekti Allah wis ngaromake Mekkah, mongko ora halal sing sopo wong kang iman marang Allah lan dino akhir numpahake darah (perang), lan nugel wit-witan ing kene. Lamun ono kang kanthi alasan perang kang ingsun lakoni, mongko jawaben; 'Yekti Allah paring izin marang Rasule, ora paring izin marang siro kabeh'. Allah mung paring izin marang ingsun mung sedino (wiwit jumudule srengenge nganti tumeko Ashar). Dino iki keharoman Mekkah wis bali koyo wingi uni. Mongko kabarno iki marang wong kang ora teko ing kene".

Biidznillahi, wiwit dino kui Mekkah dadi negoro Islam, ora ono maneh wong kang hijrah soko Mekkah neng Madinah. Suku-suku arab podo gemruduk ngrasuk agama Islam.

Satuhu sampurno pitulunganipun Allah, bebas utawi merdekane Mekkah ora gangge perang, ten-pinaten, lan pertumpahan darah, nanging lewat jalur diplomasi bil hikmah wal mau'idhoh lilhasanah. Fathu Makkah: Menang, Merdeka, bebas tanpo ngasorake, tanpo perang.

TAMAT

Keterangan: Lakon ini akan dipentaskan pada tanggal 29 Agustus 2025, di halaman Yayasan Almahmud Bacem, Ponggok-Blitar. Mari saksikan keseruannya di atas panggung.

Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
Mohon tunggu...

Lihat Konten Sosbud Selengkapnya
Lihat Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun