Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Humor

Macak Ayu

26 Maret 2013   08:39 Diperbarui: 24 Juni 2015   16:12 651
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Humor. Sumber ilustrasi: PEXELS/Gratisography

Tangga sebelah omah lagi ono acara, mantu anak wedok. Wiji sing kaet rong sasi kepungkur dikabari  kon ewang-ewang isuk iki wis ketok ayu. Ewang-ewange Wiji ora kon masak utawa nyiapno keperluan resepsi ning kon dadi penerima tamu. Prini, sing nduwe gawe, sengaja nyaluk kanca-kancane dadi penerima tamu. Dheweke sengojo ora milih arek enom-enoman. Ono wong papat sing didandani. Kaet shubuh Wiji wis tangi, siap di-make up. Anak bojone sing sik turu dijarno.

Nang omahe Prini wong-wong wis padha teka, rame. Sing rewang wis umek kaet isuk, malah kaet bengi. Wiji karo kanca-kancane sing wis ayu metu saka kamar, siap kate nerima tamu.

"Pak," celuke Wiji pas ndelok bojone teka.

"Sinten nggih?" takone Diman.

"Aku, pak, bojomu," omonge Wiji.

"Mosyok? Ayu men?"

Wiji mesam-mesem. Sakjoke rabi karo Diman durung tau maneh macak kebayaan lengkap tur di-make-up-i. Ora mung Wiji sing seneng, Diman yo melu seneng ndelok bojone. Wis lali rasane ndelok bojone kaya ngunu. Awake sing seger ketok pas atek jarik siset, semok. Tomin sing kaet tangi nggoleki bapak emake. Arek lanang sing wis dikandani kon ewang-ewang iku bingung kate lapo. Pas moro, ndelok bapake lagi mesam-mesem karo wong wedok arek lanang iku melu gelo.

"Pak, goleki mak'e kae lho," omonge mbujuk.

"Lha iki wis temu," saure Diman.

Tomin nyedek. Wong wedok nang sandinge bapake disawangi.

"Wis sarapan gurung?" takone Wiji.

Tomin gedhek.

"Malah plonga-plongo. Kono nang mburi, njaluk Mbak Mi," omonge Wiji.

"Mak'e?" takone Tomin ora percaya.

Wiji mesem maneh. Tibake anak bojone pangling.

"Kok ayu?" takone Tomin.

"Ojo kurang ajar koen. Aku lho ancen ayu," saure Wiji.

"Kapan? Tau ta, Pak?"

Wiji mecucu. Anake iku ancen njaluk digibeng ning Wiji ora pingin ngrusak pacakane sing wis tepak. Tamu-tamu wis padha teka. Acara yo kate dimulai. Diman sing kebagian ngewangi logistik moro nang pawon. Tomin sing kate melu bapake diceluk, dikongkon ngewangi ngangkati gelas karo piring. Kesel lek ewang-ewang, sore jam teluan Tomin mulih. Arek lanang iku turu. Tangi-tangi wis peteng kabeh. Dicelak-celuki emak karo bapake ora nyauri. Akhire arek lanang iku nang mburi omah, kate nguyuh.

"Lapo bengak-bengok?"

"Gusti!"

Tomin sing ora nyangka njumbul ndelok ono wong wedok lungguh nang ngisor wit pelem.

"Mak'e? Lapo sampeyan nang kono? Medeni!"

Wiji meneng ae, ora nyauri. Dienakno lek lungguh.

"Sik gurung mari ta mak acarane?"

"Uwis."

"Trus lapo gak ganti?"

Wiji mesem.

"Pak'e endi?"

"Kae," saure Wiji karo njuding nduwur wit pelem.

Nang nduwur Diman mesam-mesem.

"Lapo pak'e macak bedes ngunu? Gak ngerti lek wis bengi ta iki? Cakot ulo mbuh," omele Tomin.

"Ojo nyocot ae, kono dolen. Ki tak kei mang ewu, PS-an kono."

Diman mudun karo nyekel pelem siji. Wong lanang iku nyanding bojone. Anake sing isik njegegeg dikongkon ngalih.

"Emoh PSan, aku tak nang pasar ae," omonge Tomin.

"Lapo yahmene nang pasar? Jajan akeh kae lho."

"Kate tuku pormalin."

"Ngge opo?"

"Cek diombe mak'e, mumpung ketok rada ayu," saure Tomin karo mlaku ngalih, wedi dikepruk mak'e.

Mari anake lunga, Diman selot mepet nang bojone. Wong loro iku kaya manten anyar sing kaet ijaban. Bedane iki nang nggon peteng, ngisor uwit, dudu nang kuwade.

"Dek, aku pingin nyanyi," omonge Diman lirih.

"Halah, nyanyi opo?"

Diman njajal suwara.

"Umpomo sirahmu sekar melati..."

"Mekrok la'an gundulku," sauté Wiji.

"Lha iyo, kan sangulan hehe..."

Moro-moro Diman ngadeg, kate ngalih.

"Lah, jare kate nyanyi kok malah ngalih?"

"Aku kate njumuk henpon."

"Ngge opo?" takone Wiji karo rada mecucu.

"Kate telpon pulisi, tak kon ngamano cek gak onok sing ngganggu awake dhewe."

Krungu omongane bojone Wiji langsung mesem. Tangane bojone digandoli trus dikon lungguh maneh.

"Ngerti gak mak, ki wong sak dunyo lagek heboh?"

"Heboh lapo?"

"Lha Miss Universe'e ilang. Gak ngerti lek areke nang kene, sik pacaran karo aku."

Wiji mesem maneh, lengene bojone dijiwit. Tomin sing tibake ora nang ndi-ndi gedhek-gedhek ndelok bapak emake.

"Gusti, paringi waras," omonge lirih.

***

Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
Mohon tunggu...

Lihat Konten Humor Selengkapnya
Lihat Humor Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun