Mohon tunggu...
Ratna Palupi
Ratna Palupi Mohon Tunggu... Pendidik

Saya Ratna Palupi, merupakan seorang pendidik di sebuah sekolah menengah di Purbalingga. Selain hobby menulis, sering mengisi suara menjadi Voice Over Talent, sering berkarya membuat antologi puisi, aktif menulis rilis di beberapa media, juga memiliki passion MC, Host, Presenter, Moderator, sering diundang di beberapa acara baik resmi kedinasan maupun di masyarakat. Punya prinsip bahwa sebaik-baik manusia adalah yang bermanfaat untuk sesama dan hidup ini menyenangkan maka jangan jadikan beban.

Selanjutnya

Tutup

Sosbud

Tradisi Larung Sesaji Masyarakat Pesisir

20 Maret 2025   10:44 Diperbarui: 20 Maret 2025   10:44 171
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Masyarakat Kabupaten Blitar Jawa Timur Melaksanakan Tradisi Larung Sesaji / (Sumber FOTO: Dok Ratna Palupi for Kompasiana)

PURBALINGGA - Larung sesaji punika satunggaling tradhisi adat Kabupaten Blitar, Jawa Timur ingkang awujud upacara nglarungaken sesaji dhateng seganten utawi pesisir. Tradhisi punika minangka wujud raos syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung awit saking rejeki ingkang sampun kaparingaken. Miturut legenda ingkang sumebar, Larung Sesaji ing Telaga Sarangan punika magepokan kaliyan mitos asal-usul telaga punika, legenda nyariosaken babagan satunggaling pasangan kakung sumendha Kyai Pasir lan Nyai Pasr ingkang lajeng dados naga lan nyebabaken dumadinipun Telaga Sarangan.

Masyarakat ing sekitaripun pitados bilih pulo ing tengah telaga punika papan panggonanipun kyai Pair lan Nyai Pasir. Miturut kapitadosan masyarakat, Kyai Pasir lan Nyai Pusir nyuwun tumbal saben warsa. Menawi mboten dipunparingi sesaji, masyarakat pitados bilih penunggu telaga punika badhe duka lan saged ndatangaken bilahi. Amargi punika, Larung sesaji dipunlampahi minangka tetembungan pangurmatan lan panyuwunan keselametan.

Masyarakat sak tempat nyediyakake sesaji rupa-rupa, kados ta tumpeng, woh-wohan, asil bumi, kembang, lan kain, ingkang dipunrangkai kanthi tliti supados nglambangake keselarasan antawisipun manungsa kaliyan alam. Sesaji dipunpasang ing ngandhap tenda ing sacelak panggung, lajeng sesepuh desa ndedonga mawi basa Jawi. Sawise punika, gunungan sesaji dipununggahake dhateng prau, lajeng prau muteri teluk kaping tiga sadrngipun sesaji dipunlarung ing tengah segara. Saderengipun dipunlepas dhateng segara, sesaji punika dipunarak muter dhusun, dene para penari gandrung nyambut arak-arakan kanthi tarian. Sasampunipun punika, sesaji dipununggahake dhateng kapal, lajeng kapal tumuju tengah segara ingkang ombakipun alon, lan sesaji dipunlarung satunggal-satunggal dhateng segara.

Tradisi punika minangka wujud panuwunipun masarakat dhateng Allah SWT ingkang sampun maringi rezeki saking segara lan kaslametan nalika nglampahi pelayaran, ingkang kasemak saking bahan sesaji ingkang dipunanggep luhur lan gadhah makna khusus. Sesaji ingkang dipunatur punika boten namung minangka pralambang rasa syukur, nanging ugi minangka panyuwunan berkah supados saget pikantuk asil segara ingkang langkung kathah lan para nelayan tansah kaslametan nalika nglampahi segara. Kanthi tradisi punika, masyarakat ugi njagi rasa kebersamaan lan ngajeni warisan budaya leluhur, supados lestari lan tansah dipunlestarkake dning generasi ing tembe.

Larung Sesaji nglambangake rasa syukur, harmoni, lan hubungan selaras antawisipun manungsa kaliyan alam. Sesaji ingkang dipunlarung mujudake pangurmatan dhumateng Gusti ingkang Maha Agung lan panyuwunan berkah supados seganten tansah maringi rezeki. Tumpeng nglambangake panyuwunan marang Gusti, woh-wohan lan asil bumi minangka pralambang rezeki, kembang minangka kesucian, lan kain minangka pangurmatan. Prosesi larung sesaji nggambarake gotong-royong, kebersamaan, lan nyuwun kaslametan. Dene hubungan ingkang sae kaliyan alam iku saged ndhatengake berkah dhumateng generasi sateruse. (Hilma, Laura)

Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI

Mohon tunggu...

Lihat Konten Sosbud Selengkapnya
Lihat Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun