Mohon tunggu...
Nadia Stefanie
Nadia Stefanie Mohon Tunggu... Mahasiswa

Hobi saya membaca buku terkait Matematika, Ilmu Pengetahuan Alam dan Pendidikan di Sekolah Dasar.

Selanjutnya

Tutup

Pendidikan

Tembang Dolanan lan Macapat : Harmoni Budaya Jawa Sing Ora Tau Ilang Saka Wektu

16 Oktober 2025   15:32 Diperbarui: 16 Oktober 2025   15:32 31
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Sumber : Canva Education 

Ing jaman globalisasi lan digitalisasi sing saya ngrembaka, budaya lokal kerep klangan panggonan ing ati generasi enom. Nanging, budaya Jawa nyimpen warisan adi luhung sing kudu tetep dijaga lan dilestarkak. Loro saka warisan mau yaiku tembang dolanan lan tembang macapat. Loro-loron nduwni peran penting ora mung minangka hiburan tradisional, nanging uga minangka media pendhidhikan karakter, refleksi spiritual, lan sumber nilai moral kang ndasari urip masyarakat Jawa. Sanajan lair saka jaman kuna, tembang-tembang iki isih relevan lan migunani tumrap jaman saiki, mligin minangka pondasi pangembangan akhlak lan jati diri bangsa.

A.  Tembang Dolanan: Lagu Bocah Kanthi Piwulang Luhur

Tembang dolanan iku lagu tradisional Jawa sing biyasa dinyanykak bocah-bocah nalika dolanan utawa nglumpuk bebarengan. Irama lagu sing cendhak, gampang dieling-eling, lan nyenengak ndadkak tembang iki cocok kanggo bocah-bocah. Nanging, ing njero kesederhanaan lirik lan iraman, tembang dolanan nyimpen piwulang luhur kang bisa mbantu mbentuk karakter anak wiwit cilik. Conton, Cublak-Cublak Suweng ngandhut piwulang kerjasama lan kejujuran. Kata "suweng" (anting emas) minangka simbol bandha donya, sing kudu dijaga ora dadi sumber keserakahan. Ilir-Ilir, salah siji karya Sunan Kalijaga, nyemangati supaya manungsa tangi saka kesalahan lan ngudi kabecikan. Gundul-Gundul Pacul nuduhak tanggung jawab pemimpin marang rakyat lan anjuran supaya ora sombong nalika nduwni jabatan. Piwulang kang diagem ing tembang dolanan kaperang dadi nilai sopan santun, andhap asor, gotong royong, lan rasa tresna marang sesama. Nilai-nilai kasebut diwenehake kanthi cara sing nyenengake lan alami, sangga luwih gampang ditampa lan ditresnani bocah.

B. Tembang Macapat: Filosofi Urip Sing Disusun Kanthi Tembang

Tembang macapat iku bentuk sastra tembang klasik Jawa sing ditulis nganggo aturan guru wilangan (cacahing wanda saben larik) lan guru lagu (swara pungkasan larik). Ana 11 pupuh utama ing macapat, lan saben pupuh nggambarake fase-fase urip manungsa saka lair nganti seda. Urutan pupuh kasebut nuduhak lelampahan urip kanthi filosofi kang jero: Maskumambang (urip durung lahir), Mijil (kelairan), Sinom (masa remaja), Kinanthi (masa sinau lan digandheng piwulang), Asmaradana (tresna lan emosi), Gambuh (masa dewasa lan tanggung jawab sosial), Dhandhanggula (kabahagiaan lan kasampurnan), Durma (masa perjuangan lan peperangan batin), Pangkur (sepuh lan menepi saka dunya), Megatruh (nyedhaki pati), lan Pocung (pungkasaning urip). Saben tembang macapat asring dianggo minangka sarana refleksi, diwulangak ing sekolah, dipentask ing acara adat, lan dadi bagian saka kegiatan spiritual ing masyarakat Jawa. Macapat ora mung bentuk seni, nanging uga sistem nilai kang nglantarak manungsa marang urip kang luwih eling, sabar, lan bijaksana.

C. Tantangan Pelestarian Budaya Jawa Ing Jaman Modern

Ing jaman saiki, tantangan kanggo nglestarekak budaya Jawa saya gedh. Generasi muda luwih kerep kapincut karo budaya manca lan konten digital global. Lagu-lagu tradisional kaya Ilir-Ilir, Sinom, utawa Gambuh kalah populer karo musik pop utawa konten media sosial. Nanging, iki ora ateges budaya Jawa ora bisa lestari. Perlu inovasi lan pendekatan anyar supaya tembang dolanan lan macapat tetep bisa ditampa masyarakat saiki. Salah siji caran yaiku nggandheng teknologi digital kanggo ngenalak budaya Jawa. Bisa nganggo media YouTube, TikTok, utawa Instagram kanggo nyebarake tembang Jawa kanthi tampilan visual sing menarik. Musik tradisional uga bisa diremix karo unsur modern supaya bisa narik kawigaten generasi enom tanpa ngilangke ruh aslin. Kajaba iku, bisa digawe aplikasi edukatif interaktif kang ngenalak tembang dolanan lan macapat marang bocah wiwit dini. Pendekatan sekolah, komunitas seni, lan institusi budaya uga kudu terus berinovasi supaya pelestarian budaya ora mung dadi slogan, nanging bisa dirasakak lan ditresnani.

D. Tembang Jawa Minangka Pandhuan Moral lan Identitas Bangsa

Tembang dolanan lan macapat, loro-loron, nyimpen ajaran moral lan nilai sosial kang cocok kanggo kondisi masyarakat saiki. Tembang-tembang iku ngajari kita supaya ngajeni wong tuwa lan guru, urip kanthi sederhana lan nrima, gotong royong, toleransi, kontrol dhiri saka hawa nepsu, ngudi kawruh lan kebijaksanaan, lan ngupaya hubungan apik marang Gusti Allah. Nilai-nilai kasebut penting banget kanggo mbentuk masyarakat sing beradab, harmonis, lan berkarakter. Kajaba iku, tembang Jawa iku identitas budaya, wujud warisan luhur saka para leluhur sing kudu ditresnani lan diwarisak. Yen budaya iku ilang, kita uga ilang jati dhiri. Mula saka kuwi, nglestarekak tembang Jawa iku ora mung kewajiban kultural, nanging uga tanggung jawab moral kanggo masa depan bangsa.

Sumber : Canva Education 
Sumber : Canva Education 

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Pendidikan Selengkapnya
Lihat Pendidikan Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun