Mohon tunggu...
muklisin purnomo
muklisin purnomo Mohon Tunggu... Guru - Guru Ngaji

Penggiat Literasi Dakwah di Kulon Progo

Selanjutnya

Tutup

Sosbud

Khutbah Bulan Rajab Bahasa Jawa

22 Januari 2024   11:19 Diperbarui: 22 Januari 2024   12:16 178
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Sosbud. Sumber ilustrasi: KOMPAS.com/Pesona Indonesia

. . .

.

Jama'ah Jum'at ingkang minulya 

Alhamdulillah sakmenika kita sampun lumebet wonten ing wulan Rajab, satunggaling wulan ingkang kawastanan asyhurul hurum, arba'atun utawi sekawan wulan haram, utawi Mulya.   Allah sampun paring dhawuh:

"Sanyata wilangane sasi mungguhing Allah iku ana ralas sasi kaya kang wus kapacak ana ing Kitabe Allah, wiwit tumitahIng Langit Ian Bumi, yaiku sasi papat kang Mulya (QS. At-Taubah:36).

Ayat punika boten nemtokaken wulan nopo mawon ingkang kalebet wulan haram. Amila Nabi tumuenten paring katrangan :


Setahun ana rolas (12) sasi ing sajeroning tahun iku ana sasi papat kang Mulya, 3 sasi jejer urut yaiku Dzul Qa'dah, Dzul Hijjah, Muharram lan Rajab Mudhor kang ana ing antarane Jumadil akhir lan Syakban (HR. Bukhari) .

Wulan Haram miturut Syaikh Wahbah az-Zuhaily wonten ing Kitab Tafsir al-Munir tegesipun wulan-wulan ingkang anggadhahi kamulyan lan kaagungan ingkang benten kaliyan wulan-wulan sanesipun. Kasebataken wonten ing satunggaling Riwayat bilih maksiat wonten ing wulan-wulan punika dosanipun langkung ageng, kosok wangsulipun nindakaken kasaenan ing wulan punika ganjaranipun tikel matikel:

: .

Imam Qatadah dhawuh: amal salih iku luwih agung ganjarane nalika dilakoni ing sasi-sahi haram, lan  tumindak dhalim ing sasi-sasi iku uga luwih gedhe dosane tinimbang ing sasi liyane, lan sanadyan tumindak ing saben kahanan iku dosane gedhe.

Miturut Abu Bakar Syatho' ing Kitab I'anatut Thalibin  wulan Rajab kalebet wulan ingkang mirunggan, amargi turunan saking tembung "tarjib" ingkang tegesipun ngagungaken atau mulyakaken. Awit saking punika rumiyen, masyarakat Arab annegnipun sami ngegungaken wulan Rajab ngelangkungi wulan-wulan sanesipun. Para ulama ugi mastani "Rajab" kanthi tembung "Al-Ashabb" igkang tegesesipun "mili" utawi "netes", ingging awit saking deresipun tetesan kasaenan saha kaberkahan ing wulang Rajab.

Jama'ah Jum'at Hafizhakumullah 

Saking katrangan kasebat saget kita pethik piwucal, bilih wonten ing wulan punika proyogininipun ngathah-ngathahaken amal salih lan nilaraken tumindak dhalim. "Amal salih punika saben-saben tumindak ingkang saged nuwuhaken ridhaning Allah, sehingga ngasilaken manfaat, saged ngudhari utawi ngicali reribed lan tuwuhing kasaenan. Tiyang saleh tansah anggadhahi semangat ngginakakan wekdal kange nindakaken samukawis kasaenan, caos pisungsungan ingkang positif tumrap masyarakatipun.

Awit saking punika para ulama ngandharaken bilih tumindak punika kalebet saged kawatastanan menawi saged saged ngasilaken manfaat lan nyingkiri madharat. Miutut Muhammad Abduh, amal ingkang manfaat punika migunani tumraping dhiri pribadi, kaluarga, masyarakat lan sedaya umat manungsa, lan boten bebayani lan damel kapitunaning tiyang sanes. Mila wonten ing wulan Rajab samia kersa andhdhr utawi anybar wiji kasaenan, tamtu ing tmbe ngundhuh wohipun, yn nybar wiji kasaenan inggih angnni kasaenan, makatn ugi kosokwangsulipun. Botna pinanggih ing sapunika, sagd ugi tumnja utawi kaundhuh dening tdhakturunipun. Makatn saking gotkipun para spuh, awit Gusti Allah punika maha adil.

Allah sampun paring dhawuh:

Sing sapa nindakake laku becik, padha uga priya utawa wanita, lan dheweke iku iman, mesthi Ingsun bakal maringi panguripan kang kapenak ana ing Donya, sarta Ingsun bakal nyampurnakake ganjarane kalawan kang luwih becik, tinimbang karo barang kang wus tau ditindakake (QS. An-Nahl:97) 

Jamaah Jum'at ingkang minulya 

            Supados kita saged ngraosasaken kaberkahaning wulan rajab mil akita tansah dedunga dhateng Allah kados ingkang dipun serat dening Syaikh Muhyiddin Abi Zakariya Yahya bin Syaraf An-Nawawi ing Kitab Al-Adzkr bilih Rasulullah tansah maos dunga ngandhap punika saben-seben lumebet ing wulan Rajab:

"Duh Allah Allah, mugi paduka tansah maringi berkah dhateng kita ing wulan Rajab lan wulan Sya'ban lan mugi Paduka dumugekaken kita ing wulan Ramadlan."

Wondene amaliah ingkang saged kita tindakaken ing wulan punika, antawisipun:

Amalan ingkang saged dipun lampahi ing wulan rajab:

1. Ngathah-ngathahaken dedonga

Ing Kitab Al-Umm, Imam Syafi'I nyebataken:

 

"sanyata donga iku bakal kasembadan ing  wayah  limang wengi, yaiku, malem Jum'at, malem riyaya Kurban, malem riyaya Idul Fitri, malem Rajab, lan malem nishfu Syakban. 

Dedonga punika satunggaling wujud pangibadahan kita dhateng Allah SWT ingkang wigatos sanget wonten ing pagesangan kita. Kanthi dedongan estunipun kita sampun ngrumaosi bilih manungsa punika makhluk ingkang ringkih sehingga tansah betahaken pitulunganipun Allah. Doa ugi badhe nuwuhaken manfaat lan nyegah piawon ingkang badhe nemahi kita. Nabi sampun paring dhawuh: 

"sanyata doa iku bakal manfaati sabarang perkara kang wus dumadi, lan kang durung dumadi, amila para kawulane Allah padha ngakehno anggonmu dedunga.  (HR. Tirmidzi No. 3548)

2. Nindakaken shiyam

Shiyam wonten ing wulan ingkang mulya prayogi katindakaken awit adedhasar saking hadits riwayat Abu Dawud, Ibnu Majah, dan Ahmad:

 

"Padha nindakna pasa ing wulan-wulan haram"

Kita sami mengertos bilih shiyam punika satunggaling ibadah ingkang Istimewa nglangkungi ibadah sanesipun, kados hadis punika:

"saben-saben amal anak adam (manungsa) kanggo dewekke, kajaba pasa, karana sanyata pasa iku kanggo Ingsun, lan Ingsun bakal maringi piwales kalawan pasane."

Miturut Imam Al-Ghazali ing kitab Ihya' Ulumid-Din ngandharaken bilih sunahipun pasa dados langkung ageng ajinipun menawi katindakaken ing dinten-dinten ingkang utami kados ing wulan rajab punika.

Wonten mapinten-pinten pangibadahan sanesipun ingkang saged katindakaken ing wulan ingkang agung punika, kadosta maos al-Qur'an, maos shalawat, dedana utawi infak sadakah lan amal salih sanesipun. Ingkang baken, kados pundi kita saged ngginakaken wulan punika kangge ningkataken kualitas dhiri, sae punika gegayutan kita dhateng Allah utawi tumindak sae dhateng sasami. Mumpung taksih sehat, taksih kiat, taksih sempat, taksih sugih, samia cancut taliwanda ngginakaken wulan Rajab Ingkang Agung punika kanthi nanem kasaenan, dhedher wiji-wiji kamaslahatan sakathah-kathahipun, supados kita estu saged ngraosaken kaberkahaning wulan Rajab. 

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
Mohon tunggu...

Lihat Konten Sosbud Selengkapnya
Lihat Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun