Mohon tunggu...
Kang Didin
Kang Didin Mohon Tunggu... Jurnalis - Saya adalah Penulis dan Videografer serta foto grafer apa saja

MENULIS SEDIKIT NGAWUR SELEPAS MUNGKIN

Selanjutnya

Tutup

Cerpen Pilihan

Mugiyo Dadi Wong Mulya

4 Mei 2023   13:33 Diperbarui: 4 Mei 2023   13:42 403
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Kaya biasane, nek rasan-rasan perkara organisasi   Sardi Blenthot paling nikmat. Sebab iso nyikat wong sing ga sepemikiran apa rak sak ide gagasan, apa mane ora se geng. Biasa dalam organisasi iopo wae, mbuh iku organisasi social, atau organisasi pemerintah, angger ora cocok atawa besebrangan mesthi kerep congkrah. Siji meh mlaku, siji nakling nganti tibo. Dandhang unekke kunthul, unine kunthul onekke dandhang. Wes lumrah. Taeknekora.

Semana uga, Sardi Blenthot, sebagai tokoh sentra organisasi  perkacung tingkat kelurahan jonggring saloka, wes ngerti watak lan tiongkah polahe wong akeh utamane sing tau ngurusi babagan kegiatan. Ana wong melu organisasi iku sebab butuh eksistensi, panggung kontestasi dan pengakuan.

Ada juga yang aktif merga diajak kancane, kae aktif ko aku ga melu. Padahal sama-sama  kaum boro, ada semacam kebutuhan untuyk berbaur, membaur dan sayek saekoproyo dengan yang asli. Jadi nek dlam permainan sepakbola yo..butuh naturalisasi. Ngono po?

Menurut pinemune Sardi Blenthot,  wong wong koyo kui cen kudu diberi kesempatan ngraketke seduluran. Ning aja kebanjur, kadung nikmat, lali nek jebul kudu gentian karo kancane. Terus gawe-gawe..... kan hwasyu....

Lha nek Sardi Blenthot iku melu organisasi, iku kalebu merga melu-melu kancane gen ketok aktivis Jonggring saloka. Ming kui..... jane.

***

Ning dudu iku sing dadi fokuse, sing utama jane perkara kumpulan ngopi mau bengi. Luwih penak disebut kumpulan senajane nek mungguhe wong wong ahli iki kelebu forum pengajian, majlis taklim, atawa majelis ilmu.

Sak jrone acara jamaah ngopi, Sardi Blnthot iku duwe pinemu sing nggambarake pola pikire marang cah-cah nom sing taberi ngumpul, nongkrong, jagonfgan, udud gitaran bareng nang prapatan kidul ndesa. Pancen area kidul desa ana bug, sing enak nek dinggo papan njadum.

Miturut pinemune, cah cah nom kae yo lapo... po ga do duwe aktivitas sing luwih manfaat timbangano ming jagongan njadom nang pinggir ndalan.

Kawet cilik pancen Sardi Blenthot iku wis di mindset karo wongtuwone aja seneng kumpul karo cah cah kaya kae, kae ca hora mbener, kae cah rak nggenah, kae ga do gelem ngaji, males sekolah, mbolosan lan perkara sing di aminni karo Sardi Blenthot, lan kabeh elek. Ga ono sing apik.

Jane yow ajar nek wong tuwa kwatir nek anake awor cah cah kaya iku. Biasne pancen akeh ora mbenerre. Sebab wong tua pingin anakke dadi wong sing nggenah, ora urakan, manut miturut marang dawuhe wong tuwane. Tegese yo standar bocah apik.

Manut miturut, anteng meneng, gelem ngaji lan sekolah. Takddzim marang wong tuo. Kan yo iku sing biasane dadi ukuran bocah mbener opo bocah mbeler.

***

Nah, nganti tuo duwe putu, Sardi Blenthot pinemune yo ngono iku. Wes kadung saklek. Angger ana cah njadom nang bug iku mesthi bocah mbeler rak duwe akhlak. Cap e wis elek. Paten. Cam elekke. Bedo karo cah sing umahan manut.

Mesthi wae manut merga ketunggon wong tuwane loro. Bapak ibune nangomah. Nggatekke temen karo perkembangan anake.

Nah cah cah mau sing taberi njadom iku, iso uga wong tuwane ora nggatekke, ditinggal merantau, apa kedadeyan crah rumah tangga wong tuwane, terus melu mbahe sing wis sepuh. Akhire liar ora keurus.

Iso uga.... Sebab kabeh wis dadi garise dalan urip kanggone pawongan.

***

Nah sakwijineng dina, Sardi Blenthot  nembe besuk tangga, nang rumahsakit, sisan mampir gone kancane nggagas perkara arep tuku mobil Inova reborn. Nganti bengi lanjut penak guyon, ngalor ngidul perkara organisasi. Kaya sing diukarakke nang nduwur mau.

Wis lingsir wengi nembe krasa ngantuk campur luwe, sithik. Pamitan wisn jam 01.00. adem, ndilalah padhang bulan separo, lintang lintang kumepyar ana langit.

Sardi Blenthot pamitan.

***

Kenging napa Pak Dhe....

Ana bocah duwur rada gering, bagus , rambute pancen gondrong, kulite resik putih nandani nek iku remaja sing rodo kopen.

iki bensine entek Dek....

Oww..lha saking pundi pakdhe ? napa ajeng tindak pundi niki  pak Dhe ?

Iki ana sing dodol bensin eceran po rak, cedak kene. Iki seko rumahsakit mau.

Wah mboten Pak Dhe, mpun sami tutup.

Wah nek ngono yo alamat nuntun tekan pom bensin iki, Ya Alloh.

Ngaten mawong pak Dhe, nek purun, kulo step mawon nggih. Daripada nuntun tebih sanget lho Pak Dhe...

Oh ya Dhek, matursuwun.

Maka jadilah Sardi Blenthot distep kendaraane sampai nang Pom Bensin. Jam 02.30 Sardi Blenthot wes lebar mangan mie goring telor, njagong sak ngarep tivi karo udud. Kopi sing nembe diseduh katon kebule.... Tipis putih uap air.

***

Lha iyo nganti sak mene tuwone nembe sadar nek pinemuku selama iki jebul keliru. Jajal ne kora ana cah nom jagongan mau, kudu nuntun montor CBR sedawan dawan dalan. Walah..... lempoh. Bejo bae.... Jebul ko yo bocahe sopan, kepara iki mau boso mbarang. Ora kaya sing tak piker selama iki. Kulite resik, bersih yo Bagus. Srabatane jelas dudu bocah sing ora bener. Anake sopo kae....

Jebul cah-cah jaduman, ndongeng nganti bengi nang pinggir dalan yo ana gunana. Seklawase urip nembe iki sadar... astofirlooh....

Menawa aku luput duwe pinemu ala sak mana suwene karo cah-cah mau. Yo..... matursuwun dhek... kapan kapan aku tak liwat kana tak gawakke jajan. Menawa iso dadi silaturahim lan gayenge seduluran. Alhamdulillah.

Dadio wong sing mulya budine lan apik nasibe Dhek..... sepisan maning Maturnuwun.

Kendal, 4/5/2021

Malem 22 Ramadhan 1442 H

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun