Mohon tunggu...
Ki Ali
Ki Ali Mohon Tunggu... wiraswasta -

percayalah, jangan terlalu percaya. apalagi kepada saya.

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

[Cerkak Banyumasan] Surad Nemu Duren

6 Desember 2011   10:30 Diperbarui: 25 Juni 2015   22:45 236
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Ngrumangsani dadi anake wong ora duwe, Surad mesthi temandang angger ana sing prentah nyambut gawe. Mbuh kuwe pegaweyan enteng kepenak utawane angel rekasa, waton dheweke teyeng mesthi geleme. Kon macul lan pegaweyan sawah liyane ya gelem, kon bedhog ya mangkat, kon ngeneti tukang bas ya manut. Apa baen waton kober mesthi desanggupi. Kon met klapa baen ya gelem, senajan Surad dudu turuane tukang nderes.

Surad ora tau ngenyang sepira upah bayarane. Dewei sepira-pira detampani. Angger ana baen sing kasdu tega ngupahi semending, Surad lega-lega baen. Apamaning bakal wadul waleh aring wong liya, ngresula baen Surad ora tau. Ujare Surad, megin lumangyan ana sing gelem prentah dadi teyeng nunut dalan pangan. Surad ora kepengin wong sing ngodeni laten ora gelem prentah maning. Surad ngrumangsani deweke sing butuh nyambut gawe, senajan ngkana ya butuh ngodekena.

***

Setu Pahing Surad bedhog neng kebon budine Pak Jaroni, dewekan. Senajan ambane mung limang sangga sukete kebek tur lemu-lemu. Mulane Surad butuh rong tengari karo ngesuke nggulih bedhog.

Kaya lumrahe wong nyambut gawe neng desane, wayah bedhug Surat laut. Sisih lor sing urung kesaut agep dekerjani ngesuk. Nyangking pancong urung baen metu sing kebon Surad mandeg, ngrajug. Surad krungu ana swara mbok gedebug, pengrungone kaya neng mbang wetan neng kebon besiare Pak Guru Kardiman. "Duren gigal" batine Surad mbedhek. Pancen neng kebone Pak Guru Kardiman kuwe ana wite duren loro, siji neng sisih kulon, siji neng sisih wetan, kabeh agi pada woh senajan ora patiya mendot.

Surad gagian marani nglangkahi rajeg wit budin sing nggo wates kebon. Temenan neng sisih wetan dewek pancen ana duren gigal, malah ora kur siji tapi loro, gedhene ya lumangyan. "Kayane sing siji kiye anu gigal mau mbengi" Surad ngomong dewekan. Duren loro kuwe gigal karo rumput jepange sing pedhot. "Urung mateng jane tah..deneng sih gigal yah..kudune tolih kur kemangsang nggandil neng pange.." Surad gumun. Ndengak nduwur Surad weruh duren-duren liyane ya genah pada decancang nganggo rumput jepang aring pange.

Bingung ora ngreti sebabe, Surad gagian metu sing kebone Pak Guru Kardiman kambi nyangking duren loro.

***

Wong wadon tuwa kuwe megin kamitenggengen. Tangane ndledheg buyuten. Mripate ngecembeng neng banyu luh sing detahan-tahan kawit mau. Peraupane kebek penelangsan. Surad, anake lanang sing nggo cagak penguripane agi desidang neng balai desa. Abongane wong ora duwe sedulur, arepa sambat kudu sambat sapa. Ahad Pon nibani wetone Surad, esuk-esuk Pak Bau wis rawuh aring gubuge. Ngendikane Pak Bau jere Surad kon ngadep aring balai desa, agi dearani nyolong durene Pak Guru Kardiman. Senajan wis ngaturi wangsulan akeh-akeh, ningen Surad kalah omong karo Pak Bau. Sidane Surad kaya dene pesakitan sing deglandang wani.

Senajan batine si biyung precaya aring anake lanang, ningen wong tuwa kuwe kemutan menawa Pak Guru Kardiman kuwe adhine Pak Lurah. "Dhuh Gusti nyuwun pangampura", sambate karo mingsek-mingsek dewekan.

***

Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun