"PERBANYAK ISTIGHFAR
Oleh Kaseri, Gebangmalang, 10 Februari 2023
Hadirin Jamaah Jum'at rahimakumullah,
Monggo kito sareng ningkataken taqwa dumateng Gusti Allah, ajrih dumateng ngarsonipun Alloh, kanti nindaaken sedoyo printahipun soho nebihi sedoyo awisanipun. Supados kito sedoyo pikantuk kawilujengan soho kabegjan wonten ing dunyo ngantos akhiratipun.
Setunggale tindak lampah ingkang kalebet taqwa nggih meniko maos istighfar utawi nyuwun pengapuro dumateng Gusti Allah. Allah paring dawuh wonten surat al-Anfa33 :
Artosipun: Allah ora bakal nyikso wong-wong iku selagine sliramu (Muhammad) ono ing tengah-tengahe wong-wong iku. Lan Allah ora bakal nyikso wong-wong iku selagine wong-wong iku podo gelem Istighfar (njaluk ngapuro)Â
Â
Ma'asyirol Muslimin rahimakumullah
Ayat kasebat paring pituduh dumateng kito bilih ngatah-ngatahaken maos istighfar minongko sarono ingkang sae lan saget nyepetaken tumuruning pitulungan saking Allah SWT. Milo wonten setunggale dawuh Nabi saking riwayat Ahmad saking Ibnu Abbas:
Artosipun: sopo wonge ngakehno moco istighfar, mongko Allah bakal paring kajembaran saking saben-saben karupekan, kasusahan, lan Allah bakal paring rezeqi kang ora kesongko.