Mohon tunggu...
Indri Permatasari
Indri Permatasari Mohon Tunggu... Buruh - Landak yang hobi ngglundhung

Lebih sering dipanggil landak. Tukang ngglundhung yang lebih milih jadi orang beruntung. Suka nyindir tapi kurang nyinyir.

Selanjutnya

Tutup

Humor Pilihan

Limbuk Nubruk Gethuk [Cerkak Basa Jawa Ngokoan]

8 Desember 2014   21:10 Diperbarui: 17 Juni 2015   15:46 2275
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
14180225391622210237

[caption id="attachment_340196" align="aligncenter" width="528" caption="www.daunpandan.com"][/caption]

Bu Dewi Subadra katon resah dan gelisah, iki ora amarga cemburu marang Pak Arjuna sing pancen sering dilirik sana sini. Bu Subadra lagi galau ngenteni tekane sang rewang terkasih Dewi Limbukwati.

Sejam sakwise Bu Subadra wara wiri uhuy ngalahke komeng lan Adul ing acara tivi, saka kadohan katon blegere Kenya sing bener-bener mbodi alias ombo tur gedhi mudhun saka taksi, sanalika kuwi Bu Subadra langsung lega. Limbuk setengah mlayu langsung mlebu ngomah karo mbrengkut amarga gawanane sing sak hohah. Tanpa dinyana pak supir uga langsung melu mlayu nututi Limbuk. Bu Subadra sing nyawang rewange saka walik kaca jendhela  dioyak pak supir malah mesem seneng, sapa ngerti pak supir iku pancen naksir karo Limbuk, yo melu ayem nek pancen ngono lha Limbuk ki wis suwe dadi Jones alias jomblo ngenes.

***

Lagi seneng-senenge nyawang adegan film india lha koq Limbuk langsung mbukak lawang ngarep seru banget, Ndarane njomblak kaget tapi lha dasar Bu Subadra pancen ayu, pas adegan kaget malah tambah mirip karo mbak dian sastrowardoyo. Pak Supir sing ono mburine Limbuk langsung ngerem mendadak nek ora pingin mental merga kena bemper e Limbuk.

“Limbuk, kowe iki lho mbok yo alon-alon to nek mbuka lawang” Bu Subadra ngelikna rewange

“Duh Ndoro, ini darurat urgent, kula mesti cepet” saure Limbuk sakenake karo langsung ngeloyor memburi

Bu Subadra bingung bareng ngerti Pak Supir Taksi isih nggejejer ning ngarep lawang

“Lho wonten punapa pak?” takone Bu Subadra alus

“Nganu buk, nuwun sewu kula badhe nyuwun ongkos taksi” Pak Supir njawab melas

“Lho, tak kira sampeyan oyak-oyakan mau amarga naksir rewangku je”

“Mboten bu, lha mbake wau langsung mlayu dereng mbayar niku”

“Woo..dasar Limbuk ya, nggih mpun niki kula bayar”

“Maturnuwun bu” Pak Supir akhire pamit lega amarga ongkose wis dibayar

***

Ing Pawon…

“Kowe ki lho mbuk, iso-isone lari dari tanggung jawab, mesakne Pak Taksi mau rung dibayar malah mbok tinggal ngono wae”

“Lha pripun malih to Ndoro, ngendikane wau gek kon ndang cepet selak tamu-tamune rawuh, kula lak mesti nata jajanan punika, ndamel unjukan ugi yowis tak tinggal mlayu wae kan wonten ndara sing mbayar huehehe” Limbuk njawab karo nyenges njelehi

“Hmm..nek ora kelingan kowe rewangku sing paling jos wis tak cemplungna lumpur lapindo kowe mbuk” Bu Subadra gemes

“Oo enggih Ndoro, njenengan malah taksih utang lho, wau artane kirang ogh” Limbuk laporan

“Koq iso kurang to Mbuk, biasane duit semana lak turah” Bu Subadra gumun

“Lho Ndoro niki pripun to, wau lak ngengken kula tumbas gethuk, gempol pleret, thiwul ,klepon kaliyan lopis ngendikane sakniki jajanan arisan kedah sing produk lokal tradisional” Limbuk ngelingke ndorone

“Lho la yo, kudune kan malah luwih murah to mbuk, koq malah tombok ki piye?”

***

“Ndoro ki ampun menolak lupa to, jajanan tradisional punika kan wontene namung ing pasar besar mrika, tebih ndoro, kula mesti pulang pergi numpak taksi, nek biasane arisan kan kula namung tumbas ing toko roti pojokan, dados mlampah mpun tekan”

“Hmm iyo, lha tapi diapak-apakne nek panganan saka tela kudune yo luwih murah tinimbang roti to mbuk”

“Jiahh, Ndoro niku ndak gaul, sakniki sedaya nembe hunting makanan tradisional kagem arisan, permintaan tinggi otomatis harga naik , hukum ekonomi berlaku lho Ndoro” Limbuk keminter

“Opo iyo sih?”

“Lha Ndoro ki pripun, niki pirsani sing kula tumbas, gethuk mpun modifikasi campur keju, thiwul mpun mboten jaman ngagem wur-wuran klapa parut, sakniki topinge ngagem meses warna-warni. Pripun mboten dados luwih larang nek ngaten?”

“Hadeuhh, aku koq malah ngelu yo Mbuk, lha piye maneh iki mau intruksine Bu RT je, saiki nek arisan kudu nganggo makanan lokal tradisional ngko nek gak manut kan dikirane aku dudu warga negara yang baik” Bu Subadra nggresula

“Kula sih no komen ndoro, tapi sakniki nek tak pikir-pikir malah lucu lho, jaman mbiyen niku sedaya rebutan ben iso ketok sugih padahal kasunyatane utange arang keranjang,  nek sakniki sedaya sami lomba pripun ben ketok sederhana, padahal asline sugih raja brana…ahh mboten ngertos jamane, lha termasuk Ndoro niku”

“Koq iso aku sih Mbuk” Bu Subadra bingung

“Lha enggih, Ndoro niku lak asline sugih bingit, tapi gara-gara intruksine bu RT jajanane diganti gethuk, ketoke sih pancen luwih bersahaja ndoro tapi sakjane luwih mewah huahahaaha…delusi ndoro delusi huahahaha” Limbuk ngakak nganti ngglundhung

Mohon tunggu...

Lihat Konten Humor Selengkapnya
Lihat Humor Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun