Mohon tunggu...
Fazali Almero
Fazali Almero Mohon Tunggu... Mahasiswa

Mahasiswa

Selanjutnya

Tutup

Sosbud

Makna Tedhak Sinten Kang Iseh lestari

15 Oktober 2025   09:39 Diperbarui: 15 Oktober 2025   09:39 32
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Sumber foto  https://www.panggungharjo.desa.id/tradisi-tedak-siten/

Ing tengahing jaman modern sing kebak teknologi lan budaya manca, tradisi Jawa isih ngrembaka kanthi kaendahan lan makna kang jero. Salah sijine yaiku upacara Tedhak Siten, sawijining tradisi turun-temurun kang isih ditindakake dening masyarakat Jawa nganti saiki. Upacara iki dadi pralambang rasa syukur wong tuwa amarga anak wis wiwit bisa ngambah lemah utawa sinau mlaku.

Miturut pakulinan Jawa, Tedhak Siten lumrah ditindakake nalika bayi umur pitung sasi. Tembung tedhak teges "mudhun", lan siten teges "lemah". Mula saka iku, Tedhak Siten bisa dimaknani minangka upacara mudhunak bayi menyang bumi, minangka pratandha yn bocah wis wiwit mlebu donya anyar kanthi pangayoman lan pangajab saka wong tuwan.

Makna Simbolis Saben Prosesi

Upacara iki dumadi saka pirang-pirang tahap sing kabh nduwni makna filosofi. Wiwit saka ngliwati pitung tampah sing diisi pari, dhuwit receh, kembang, lan sega, minangka pralambang supaya anak entuk rejeki, kabegjan, lan urip kang berkah. Sawis iku, bayi bakal mlaku nyandhak tangga saka tebu wulung --- tebu sing nduwni rasa manis nanging kuat. Maknane supaya anak bisa dadi wong kang sabar, manis budi, lan kuat ngadhepi cobaan urip.

Sakwise mlaku ing tangga, bayi banjur dilebokak menyang kurungan ayam sing wis diisi macem-macem barang kaya buku, pulpen, dhuwit, alat musik, lan dolanan. Barang sing disandhak bayi dipercaya bisa dadi pralambang masa depan: yen nyandhak buku, bisa dadi wong pinter; yen nyandhak dhuwit, bisa dadi wong sugih; yen nyandhak alat musik, bisa dadi seniman. Sanajan mung simbol, nanging iki dadi pepeling kanggo wong tuwa supaya tetep ndhidhik anak kanthi bener lan penuh kasih.

Rasa Syukur lan Doa Wong Tua

Sawis prosesi rampung, wong tuwa banjur ndedonga bareng, matur nuwun marang Gusti Allah amarga wis paring kabegjan anak sing sehat lan bahagia. Keluarga banjur ngedum panganan tradisional kayata jenang abang-putih, apem, lan jadah. Jenang abang-putih nglambangak keseimbangan antarane kabecikan lan kabeneran, dn apem minangka pralambang pangapura lan harapan supaya anak dadi pribadi sing mawas dhiri.

Salah siji mahasiswa PGSD UNESA, Fazali Almero, sing melu nindakake proyek budaya iki ngandhakake, "Nalika aku nyekseni upacara Tedhak Siten iki, aku rumangsa kaget lan kagum. Saka upacara sederhana iki, kita bisa sinau bab unggah-ungguh, tata krama, lan rasa syukur marang Gusti."

Dosen pengampu mata kuliah Bahasa Daerah, Dr. M. Bambang Edi S., M.Pd., uga nambahak, "Mahasiswa  kudu bisa ngenalake budaya lokal marang generasi enom, amarga kabudayan iku dhasar pembentukan karakter. Tedhak Siten ora mung tradisi, nanging wujud nyata saka pendidikan moral lan sosial."

Lestari ing Tengah Modernisasi

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Sosbud Selengkapnya
Lihat Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun