Mohon tunggu...
Fadhil Nafi
Fadhil Nafi Mohon Tunggu... Editor - siswa

Penulis, seorang penulis pemula yang sedang belajar

Selanjutnya

Tutup

Ilmu Sosbud

Nguri-uri Budaya Wayangan

26 Mei 2024   00:25 Diperbarui: 26 Mei 2024   00:31 49
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Ilmu Sosbud dan Agama. Sumber ilustrasi: PEXELS

Wayang Jawa utawa kang wus biasa kasebut “Wayangan”, yaiku salah sijining seni pertunjukan tradisional sing sugih duweni nilai kebudayaan lan filosofi. Budaya Wayangan kasebut saiki wus dadi salah sijining warisan budaya kang paling penting sing diduweni Bangsa Indonesia. Ora mung dadi palipuran kanggo masyarakat umum, Wayang Jawa uga nyerminakkake kearifan lokal, Sejarah, lan nilai – nilai sing merasuk ing raganing masyarakat Jawa. Ayo kita anjelajahi kepiye apike lan unike saka seni Wayang Jawa.

  • Sejarah Wayang Jawa

Wayang Jawa duweni akar kang jeru ing Sejarah lan Budaya Jawa. Pagelaran Wayang Jawa wus ana saka abad-abad kang wus sue, kanthi akar-akare wus nyebar ning saben aspek uripipun masyarakat Jawa. Awalipun, wayang digunakake dadi alat kanggo nyebarake ajaran agama Hindu lan Budha. Nanging, bebarengan karo lakuning wektu, pengaruh saka agama Islam uga ambentuk narasi lan karakter ing pagelaran wayang.

  • Lakon – lakone wayang

Pagelaran wayang Jawa duweni galeri karakter sing kathah lan kebak ragam e. Saka pahlawan sing duweni watek gagah nganti antagonis  kang licik. Saben lakon duweni crita lan karakter unik sing anggambarake macem – macemipun sipat manungsa lan nilai moral. Contoh lakon kang sumuwur ing wayang Jawa kayata Arjuna, Gatotkaca, lan Semar.

  • Dampak Budaya Ing Pagelaran Wayang

Wayang Jawa ora mung dadi pagelaran kangge panglipur, dheweke uga dadi siji marang berbagai aspek budaya Jawa. Wiwt saka basa Jawa kang sering dienggo dening lakon nganti iringan gamelan pas wayange main. Saben elemen saka wayang Jawa ncerminakake budaya kang ana ing masyarakat Jawa.

  • Filosofi lan Moral

Ing sewalike crita kang dadi hiburan, pagelaran wayang Jawa duweni kathah bab ajaran moral lan filosfi. Saben lakon duweni pesen – pesen bab kasaenan, kasusahan, kesedhihan, kaadilan, lan pengorbanan. Saka crita-crita ing jerone, panyawang diajak supaya ngrenungake nilai-nilai panguripan.

  • Revitalisai lan Tantangan

Ing jaman saiki modernisasi lan pengaruh budaya saka jaba anggawe tantangan ing kepiye carane tradisi wayang tetep bisa tahan ing masyarakat. Kathah upaya lan usaha kang wus dilakokake kanggo nglestarikake wayang. Seni iki, saiki kalebu ing pendidikan formal lan non-formal sarta saiki kathah seniman modern kang nguripake maneh tradisi wayangan.

  • Simpulan


Wayang Jawa yaiku warisan budaya kang penting saka bangsa Indonesia. Luwih saka sekedar pagelaran utawa pertunjukan seni, Wayang Jawa dadi cermin saka kekayaan budaya, sejarah, lan filosofi kang dadi dhasar masyarakat Jawa. Kita para generasi kang nerusake  bangsa Indonesia, wajib hukume kanggo nglestarikake budaya kang kita duweni.  Saka Upaya kangge nglestarikake lan mpromosikake budaya, kita ora mung jaga warisane para luhur, kita uga njaga kaendahan budaya Indonesia sing kaya

Mohon tunggu...

Lihat Konten Ilmu Sosbud Selengkapnya
Lihat Ilmu Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun