Mohon tunggu...
Lilik Fatimah Azzahra
Lilik Fatimah Azzahra Mohon Tunggu... Wiraswasta - Wiraswasta

Seorang ibu yang suka membaca dan menulis

Selanjutnya

Tutup

Healthy Pilihan

Ayuuk Wisuh, Aja Misuh-misuh!

5 April 2020   05:20 Diperbarui: 5 April 2020   07:52 844
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

"Masker saiki angel golekane, Dik Lilik. Nek ana, regane biyuh, larang eram!"

"Lah, kan bisa nggawe masker dewe, Yu. Saka kain malah luwih apik. Bisa diumbah maneh. Ora perlu bola-bali tuku."

Sumber:https://id-theasianparent-com.
Sumber:https://id-theasianparent-com.

Yu Ginah meneng sawetara. Nagasarine wis entek, kari godonge. Srengenge uga wis panggah lingsir menduwur. Wayahe nerusake mepe kumbahan.

"Sik Dik Lilik. Aku arep takon. Imbauan kudu sregep wisuh nganggo sabun iku sakjane hubungane karo virus korona apa?" Yu Ginah nyegat langkahku maneh. Gelem ora gelem aku kudu njelasake kanti rinci.

"Virus korona iku sawijine virus sing diselubungi membran lemak lan protein, Yu. Lah sabun nduweni kandungan molekul sing bisa ngikat banyu lan lemak. Molekul iku kang bakal nyuwek membran virus korona nganti dedel duel trus katut banyu mili."

"Oalah, ngono tah." Yu Ginah manggut-manggut paham. "Saiki gunane masker apa?"

"Masker kanggo nyegah penyebaran virus liwat transmisi cipratan. Bahasa keren e droplet. Ngene, loh, Yu. Yen sampean wahing utawa watuk ora nganggo masker, cipratan umbel utawa idu bakal kena wong sing cedhak karo sampean. Cipratan iku yen ngandung virus, gampang banget nulari. "

"Lah yen anjuran ndekem ing omah?"

"Iku uga salah sijine cara nyegah penularan virus korona. Ketemu wong akeh ing panggonan rame iku bahaya. Sapa ngerti antarane wong-wong iku ana sing suspect utawa dadi carrier virus korona. Awake dewe ora weruh, kan? Mulane luwih becik meneng disik ing omah. Anteng. Ora blakrakan."

Krungu penjelasanku kang pungkasan Yu Ginah pringas-pringis. Sak durunge mlebu omah, deweke sempat mbengok-mbengok.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
Mohon tunggu...

Lihat Konten Healthy Selengkapnya
Lihat Healthy Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun