"Jangkrik, rek! Korona iki kok gak minggat-minggat! Ndekem nang omah terus ngene iki suwe-suwe bosen. Wis kepingin nglencer-nglencer aku."
Isuk-isuk---Yu Ginah, tonggo sebelah omah wis misuh-misuh karo ngemil nagasari sing ditumbas saka bakul mlijo. Aku mandek sedela, wurung mepe kumbahan. Nyahuti omelane Yu Ginah.
"Wis wisuh tah, Yu? Kok wis maem jajan."
"Waduh, iyooo...durung! Lali aku!"
Lah, iki. Kebiasaan ngene iki sing ora apik, dulur. Arep miwiti apa wae saiki kudu sregep wisuh nganggo sabun. Wisuh, yo. Dudu misuh!
Siji maneh. Kurangi njajan sembarangan. Masak panganan dewe luwih terjamin karesikane. Luwih higienis. Ora marahi lara weteng. Ora was-was ing njero ati, sing dodol jajan iku mau sehat apa ora. Resikan apa kopros.
Apa maneh ngadepi pageblug korona ngene iki. Njaga kuwarasan awak penting banget. Aja nganti imunitas awak mudun. Ngerti, kan, piye yen imunitas awak mudun? Iyo, bener! Macem-macem penyakit bakal rebutan ngrubung.
"Hat....hatsyiiiiiiim!"
Waduh, saiki Yu Ginah gebres-gebres wahing. Ngadep menyang aku maneh. Untung aku nggawa anduk cilik sing durung kober dakpepe. Spontan anduk iku dakenggo ngrukupi raiku.
"Yu, yen wahing utawa watuk aja ngadep nang kancane, yoo. Luwih apik maneh sampean ngganggo masker," aku ngelingake.