Ing sawijining dina perkuliahan mata kuliah Basa Daerah, para mahasiswa nindakake sawijining kegiatan unik lan sarat makna, yaiku simulasi upacara panggih temanten Jawa. Kegiatan iki ora mung dadi ajang praktik basa, nanging uga minangka bentuk nyata nguri-uri kabudayan Jawa sing wiwit luntur ing kalangan muda.Â
Acara panggih temanten iki dilakokak kanthi khidmat lan meriah. Para mahasiswa nganggo busana adat Jawa, para putri nganggo kebaya lan jarik, dn para putra nganggo beskap lan blangkon. Latar panggung dihiasi kain batik kanthi warna klasik sing maringi suasana tradisional khas Jawa.
Saben mahasiswa nduw peran sabenere, ana sing dadi pengantin kakung, pengantin putri, sindhen, lan pranatacara. Kabeh ngucapak tembung-tembung alus lan unggah-ungguh basa Jawa kanthi tematik, kaya nalika upacara temanten sejati lumaku.
Kegiatan iki tujuane kanggo nglatih mahasiswa supaya luwih trampil nganggo basa Jawa krama, uga supaya ngerti filosofi lan tata cara adat panggih temanten sing sugih makna moral. Salah siji mahasiswa ngandharake:
Dosen pangampu mata kuliah uga ngarepake supaya kegiatan proyek kaya mangkene bisa tetep dilestarkak saben semester, amarga ora mung ngasah keterampilan basa, nanging uga nambah rasa bangga dadi wong Jawa.
Kegiatan iki ditutup kanthi foto bebarengan kanthi ekspresi seneng lan bangga, minangka wujud sukses proyek basa daerah sing ora mung akademis nanging uga kultural.