Mohon tunggu...
Deni I. Dahlan
Deni I. Dahlan Mohon Tunggu...

Nama saya adalah Deni I. Dahlan. Salam kenal. :)

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Contoh Cerpen Berbahasa Osing dari Banyuwangi, "Alak, Temakno..."

28 Agustus 2014   21:09 Diperbarui: 18 Juni 2015   02:16 132
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

“ALAK, TEMAKNO …”

“Ayo, rek!”, jare Rizki nong Feri lan Ari.

Wayah iku dino Minggu. Serngenge mageh padhang. Telu lare SMP iku ndeleh sepedae neng tempat parkiran.

“Dinone apik. Iki wayah hang cocog gawe nggarap tugase nong Kali Bendo.”, jare Rizki maning.

“Pokoke sedino iki kudu mari tugase, yo!”, Ari nyaut heng sabar.

“Mangkane iku, kene kudu gotong royong myakne cepet mari!”, saure Feri heng kalah semangat.

Telu lare iku mlaku ngliwati lapangan bal – balan hang biasane di enggo pemaine Persewangi latian. Sakwise ngliwati lapangan, lare telu iku muduni kebonan hang akeh di tanduri wit karet.

“Kamerane siro gowo kan, Riz?”, takone Ari nong Rizki.

“Tenang byaen, wes hun siapno kabeh. Kamera, batere cadangan, lengkap wes!”, saute Rizki ambi rodo bingkak.

Wit – wit karet iku kadang – kadang roboh wayah udan polae lemahe longsor. Kiro – kiro limolas menit, lare telu iku muduni kebon karet. Diterusno nyebrangi jembatan kayu, hang wes puluhan taon ono nong kono. Krieettt… kriieeeetttt…. Muni jembatane. Nang ngisore jembatan iku, Kali Bendo lagi belabur. Sakwise nyebrangi jembatan, diterusno mlaku ngulon nong arah air terjun.

Lagi enak – enake mlaku, moro – moro mudun udan. Mulane mung gerimis, tapi suwi – suwi dadi deres. Rizki, Feri, lan Ari ngiyup nong ngisore wit karet. 10 menit. 20 menit. Sampek 30 menit udane gurung mari.

“Kelendi iki lare? Udane mageh deres. Biso – biso heng mari iki tugase.”, takone Rizki ambi rodo kuatir.

“Ayok terobos byaen! Selak sore!”, poksone Ari.

Feri nyaut, “Eh ulung ta lare! Udane iki deres yo, kadung keneng endas biso nggarai mumet. Kelendi kadung ngenteni terang sulung?”. Akhire, lare telu iku sepakat ngenteni terang.

Sakjam luwih lare telu iku ngenteni terang. “He lare. Iki wes sakjam luwih kene ngenteni terang, tapi udane heng mandeg – mandeg. Kelendi kadung kene nerusno perjalanan saiki?”, jare Rizki.

Mari dipikir – dipikir, lare telu iku sepakat mlaku maning. Dalan lemah hang dilewati lare – lare iku lunyu mergane mari keneng udan. Sempit pisan, mung cukup gawe sak uwong tok. Rizki hang mimpin nong ngarep. Nang mburine ono Feri lan Ari.

Wayahe udan mandeg, lare telu iku muduni lereng. Lare telu iku kudu mudun lan ngliwati kali mergane dalane ketutup wit – witan. Wayahe arep mancik nong ndukure watu, Ari kepeleset lan kecebur nong kali hang deres iku.

“Tulung, tulung!” bengoke Ari.

Untunge yane biso ngelangi nong pinggire kali. Nong ndukur wes ono Rizki lan Feri hang narik awake Ari.

“Siro heng paran – paran, Ar?”, takone Rizki.

“Sikile hun keseleo amarga temebluk mau.”, jare Ari ambi mringis ngempet loro.

Feri langsung nyekel lan mijeti sikile Ari hang keseleo. Temakno keselone parah.

“Aduh… aduh….”, jare Ari. “Kelendi Ar, siro biso mlaku tah?”, takone Feri.

“Biso, tapi mageh keroso cenut – cenut.”, jare Ari.

“Ayo Fer, kene tuntun Ari. Iro sebelah tengen, isun sebelah kiwo.”, jare Rizki.

Akhire, Ari di papah loro koncone iku. Tapi, buru pirang langkah, Ari ngroso loro lan mandeg.

“Apuwa siro, Ar?”, takone Feri.

“Aduh, sikile hun rosone tambah cenut – cenut. Koyoke kadung digowo sampek air terjun heng kiro kuat.”, jare Ardi ambi nyekeli sikile.

“Teros kelendi iki? Iki wes jam 1. Kene kudu ngrampungno tugas sakgurunge sore iki.”, jare Rizki.

Ari nyaut, “Riz, siro ambi Feri mlakuo sulung wes. Hun enteni riko kabeh nong kene.”

“Iro nong kene ambi sopo? Kadung engko ono paran – paran kelendi, Ar?”, takone Feri.

“Insya Allah heng paran – paran. Isun mageh kuat ngenteni siro kabeh nong kene. Hang penting riko kabeh gaduk nong air terjun, teros motrek air terjun gawe tugase kene.”

Akhire ambi rodo kuatir, Rizki lan Feri ninggalno Ari dewekan nong pinggire kali. Lare loro iku nerusno perjalanan nong air terjun, sing jarake kiro – kiro kurang telung kilo maning. Enak – enake mlaku nglewati dalan hang lunyu, moro – moro Feri mandeg.

“Apuwa, Fer?”, takone Rizki.

“Moro – moro isun kok ngroso lemes yo, Riz? Padahal isun wes madyang mau.”

Pas ndeleng Feri, Rizki langsung nyedeki nong gulune Feri.

“Fer, nong gulune siro ono lintah!”.

“Endi, endi?”, takone Feri bingung.

Akhire lintah iku biso dicabut ambi Rizki. Lintahe gedhi. Kiro – kiro ukurane sakjentike uwong.

“Palingo lintah iki hang nggarai siro lemes, Fer.”, jare Rizki.

“Iyo paling. Saiki awake isun rodo nggreges, sulung isun nak ngasuh.”, jare Feri ambi lungguh nong lemah.

Rizki ngeweni Feri ngombe. Mari ngasuh 10 menit, lare loro iku nerusno perjalanan. Tapi nong tengah perjalanan, Feri mandeg maning polae awake tambah nggreges. Akhire yane kepokso mandeg, heng biso nerusno mlaku lan ngasuh nong ngisore wit karet.

Gelem heng gelem, Rizki kudu mlaku dewekan myakne biso ngrampungno tugase lare telu iku. Yane kudu munggah mudun kali, mencoloti watu – watu, lan temebluk ping kaping – kaping amarga dalane hang lunyu.

Perjuangane yane setimpal ambi kasile. Rizki biso ngeliwati rintangan lan sampek nong air terjun hang dituju.

“Wahhh, iki bener – bener air terjun hang apik. Banyune seger, akeh wit – witan, lan suasanane mageh alami.”, batine Rizki.

Wayah iku wes jam 4 sore. Dadi Rizki langsung cepet - cepet motrek air terjun Kali Bendo. Sakwise oleh akeh potrek gawe tugas sekolahe, Rizki langsung mbalik lan marani konco – koncone hang ngenteni nang mburi, Feri lan Ari.

Cilokone, amarga kesusu, Rizki kepeleset watu kali lan kecebur nong kali. Kamerane kintir keterak aruse Kali Bendo hang deres.

“Ya Allah, kameraku!”, bengoke Ari ambi ngelangi ngejer kamerane.

Tapi apese, kamerane tambah adoh, heng biso dikejer. Lan lebih ciloko maning, endase Rizki kejadhug watu kali. Jeddhuuggg… Rizki semaput.

**

Feri lan Ari. Loro koncone iku hang di deleng Rizki pertama kali pas mripate melek.

“He tangi, lek! Ayo, budhal! Selak awan!”, jare Feri.

Rizki mageh bingung.

“Siro iki wes tangi tah gurung, Riz?”, takone Ari.

Rizki ndeleng sekitare. Temakne Rizki ono nong kasure dewek. Lan Rizki buru sadar, kadung dino iku mageh dino Minggu isuk!

TAMAT

Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI

Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun