Mohon tunggu...
Erwin Ivan Vinanda
Erwin Ivan Vinanda Mohon Tunggu... Guru - Guru Bahasa Jawa di SMA Negeri 2 Bae Kudus

saya seorang guru dengan 1 orang istri dan dianugrahi 3 orang anak yang luar biasa. Hoby olahraga, traveling dan menulis.

Selanjutnya

Tutup

Pendidikan

LKPD Pawarta Bahasa Jawa

28 Agustus 2022   23:55 Diperbarui: 28 Agustus 2022   23:54 2958
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Pendidikan. Sumber ilustrasi: PEXELS/McElspeth

LKPD PAWARTA

Kompetensi Dasar: Menganalisis isi teks wacana berita

Indikator: 

Siswa dapat mengelompokan unsur-unsur dalam berita (C4)

Siswa mampu menganalisis isi teks wacana berita dengan ragam krama (C4)

Siswa mampu menyajikan tugas pawarta dalam ragam krama (C6)

Tujuan Pembelajaran :

Peserta didik (A) diharapkan mampu mengelompokan unsur-unsur pawarta dalam diskusi kelompok (B), kemudian menyajikan isi pawarta dengan ragam bahasa karma (B) dengan baik (D), melalui diskusi kelompok dan tanya jawab dengan guru (C).

Pakaryan 1

Tindakna gladhen ing ngisor iki!

Wacanen pawarta ing ngisor iki kanthi permati!

Absen ganjil garapa pawarta 1 lan absen ganep garap pawarta 2!

Gaweya analisis pokok-pokoking pawarta kanthi nerapake pitakon apa, sapa, kapan, ing endi,kenangapa,lan kepiye!

Rumusana  isi pawarta ing dhuwur kanthi ragam krama!

Tulisen asiling garapanmu ing kertas utawa buku tugas banjur dikumpulke lan diketik

Banjur dikumpulkna ana ing link PJJ Basa Jawa: https://pjjsma2baekudus.mediadidik.com/u/tasks

Pawarta 1

Polrestabes Semarang isih nyelidiki sebab saka kecelakaan maut neng dalan Sriwijaya, ngarep TBRS, dina Rabu (6/1) nuli sing ngakibata keloro (2) wong mati. Nganti wingi, polisi during bisa mriksa Hanif, korban slamet kecelakaan amarga isih nglakoni perawatan neng rumah sakit.

"Kita butuh korban sing slamet kanggo dijaluki katrangan awal marang kedadean kecelakaan kesebut. Mengko yen wis dipriksa bisa meruhi amergane apa," tembung Panit Laka Lakalantas Polrestabes Semarang  Iptu Jumantri marang Wartawan, dina Kamis tanggal 7 Januari kepengker. Jenasah pengendara Honda Vario putih umur sekitar telung puluh (30) taun, nduwe awak kurus, kulit werna sawo mateng, rambute cendhak kanthi nggunakne klambi putih kembang-kembang wektu iki isih neng kamar mayit RSUP dr Kariadi.

Saka asiling penelusuraning TKP, korban ngrupakne bakul pitik potong neng pasar Karangayu. "Nanging kanggo mestekne kita arep nglakoke penelusuran lan panggolekan identitas amarga dheweke ora nggawa identitas arupa SIM utawa STNK,"  tambahe.

Link: https://www.pexels.com/id-id/@vlada-karpovich

Pawarta 2

Kecelakan segara bali kedadean ning segara Parangtritis, dina Minggu (19/11/2021), sekitar gebug 13.00 WIB. Kecelakaan iki nimpa telung bocah wadon yaiku Nicky Fitriani (15), Marini (38), lan Sunarti (39), katelune warga Sragen, Jawa Tengah. Kronologi kedaden kawitan pas rombongan keluarga saka Sragen Tengah plesiran ning Yogyakarta lan adus ning segara Parangtritis.

Saka dolanan banyu, katelu korban ora eling nglangi menyang tengah nganti palung laut. "Wektu adus dumadakan katelu korban keseret ombak menyang adoh, banjur ana warga seng ngonangi banjur laporan marang penjaga pantai," ujar Brigadir Sunarto, anggota SAR Polairud Polda DIY, dikutip saka laman resmi Polda DIY.

Untunge, korban cepet bisa dievakuasi penjaga pantai kang kanthi sigap marani numpak boat cilek lan ana sing nglangi. Dadine ora ana korban jiwa ing kadadean iki. Brigadir Suharto ngelengeke kanggo para wisatawan pantai supaya bisa nggatekake tanda lan ngutamakne kaslametan wektu nglangi. Ora angger buru senenge dhewe dolanan ing banyu nganti ora eling wayah lan papan.

Kapethik saka kalawarti Joko Lodhang 

 Panugasan ing griya!

1. Tulisen asil analisis unsur 5W + 1H  saka pawarta ing dhuwur !

2. Andharna isi pawarta ing dhuwur kanthi ragam krama !

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
Mohon tunggu...

Lihat Konten Pendidikan Selengkapnya
Lihat Pendidikan Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun