Mohon tunggu...
Atiek Rachmawati
Atiek Rachmawati Mohon Tunggu... Penulis Lepas

Menulis untuk aktualisasi diri

Selanjutnya

Tutup

Pendidikan

Tata Krama, Pilar Etika kanggo Panguripan Sosial (Artikel Berbahasa Jawa Karya Siswa)

11 Mei 2025   20:54 Diperbarui: 11 Mei 2025   20:54 174
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Dening: Eunica Theodora, Siswa Kelas XI.F3 SMA N 2 Surakarta (Foto dokumen pribadi)

Tata Krama yaiku paugeran sopan santun utawa norma perilaku kang ngatur interaksi manungsa kanggo kauripan sadina-dina. Perangane ngemot babagan sikap, tutur tembung, gerak awak, lan cara bersikap kang jumbuh karo adat, budaya, utawa kahanan tartamtu. 

Manut saka asale tembung, tata krama asale saka bahasa Sanskerta yaiku "tata" ateges paugeran lan "krama" ateges tertib utawa susunan. Tata Krama iku ora mung kanggo pergaulan kang umum, nanging ugasajroning lingkungan kaluwarga, sekolah, papan anggone makarya lan uga komunikasi daring utawa online. Tujuane yaiku mbangun karakter, mbangun rahayuning sosial, lan njaga jati diri budaya. 

Miturut https://www.bola.com/ragam/read/5523072/jenis-jenis-tata-krama-beserta-contohnya, tata krama ana akeh jinis, ing antarane yaiku tata krama komunikasi kanggo ngajeni lawan omong. Ana uga tata krama mangan kanggo njaga karesikan diri sadurunge lan sawise mangan. Banjur ana tata krama agama kanggo ngurmati papan ngibadah lan upacara agama, tata krama jroning kulawarga kanggo ngurmati wong tuwa lan anggota kulawarga liyane, lan sapanunggalane.

Bocah-bocah enom jaman saiki miturutku wis akeh perkembangane, nanging perkembangan kuwi kalamangsa wis ora jumbuh karo etika ing kauripan sosial, jaman saiki cah enom rada ora tinarbuka saengga sesambungan kulawarga ora cedhak, arang srawung siji karo liya, tur tumindak sakarepe dhewe. Kamangka, tata krama yaiku pilar etika utawa pondasi saengga ndadekake wewangunan harmonis antar manungsa. Akeh kasus bocah enom kang kelangan jati dhiri lan milih pergaulan sing ala amarga ora anane pasinaon etika sosial kang becik saka lingkungan, sakjroning kulawarga, utawa pergaulan ing sekolah, kasus iki eman-eman banget, apa maneh Indonesia iku negara kang misuwur karo sopan santune. Banjur, kepriye awake dhewe dadi generasi mudha ngadhepi tantangan iki?

Anasaperangan cara generasi mudha bisa  mrantasi masalah kelangan tata krama kanggo pilar etika ing panguripan sosial, ing antarane:

  • Sinau saka lingkungan positif, yaiku ngamati wong-wong sing perilakune sopan lan becik dadi tuladha

  • Ngajeni wong liya, yaiku ngrungokake lan ngerteni lawan omong

  • Latihan empati, yaiku manggonake awake dhewe ing posisi wong liya kanggo ngerteni perasaan dheweke kabeh

  • Ngendhaleni emosi, yaiku ora gampang tersinggung utawa nesu ing ngarep umum

  • Terus sinau, yaiku maca buku ngenani etika, budaya lan komunikasi efektif

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Pendidikan Selengkapnya
Lihat Pendidikan Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun