Â
Teknologi ing jaman saiki uwis akeh banget jinise. Akeh wong sing uwis ngerti lan melu keseret arus berkembange jaman. Dasare, teknologi iku sakabehe srana kanggo nyedyakake barang-barang sing diprelokake kanggo kelangsungan lan nggampangake urip manungsa.Dijupuk saka (https://id.m.wikipedia.org/wiki/Teknologi_kesehatan), tembung "Teknologi Kesehatan" nduweni teges yaiku penerapan kawruh lan katrampilan sing terorganisir ing jroning wangun piranti, obat-obatan, vaksin, prosedur, lan sistem kang dikembangake kanggo mecahake masalah kasarasan lan nambahi kualitas urip.
 Saiki, jaman samsaya maju, utamane ing bab kasehatan. Kepiye ora? Ing jaman saiki kanggo ngresiki kuping bisa nduweni alat sing ana lampune. Rak beda ta karo alat sing ana kapuke kae? Nah, alat pangresik kuping sing nduweni lampu LED kuwi uga salah sawijine asil inovasi sing dirancang kanggo ngerisiki kuping kanthi aman lan efektif.
 Ngomong babagan "Teknologi Kesehatan" lan "Pangresik Kuping", nate dilansir saka (https://ppjp.ulm.ac.id/journals/index.php/hms/article/download/10022/5704)  yen panaliten liya nemu menawa sawatara 77,5% responden ngalami sumbatan kuping akibat nggunakake Cotton Bud  kang keluwihen. Liyane iku, manut (https://sains.kompas.com/read/2019/08/14/190200823/seberapa-besar-bahaya-membersihkan-telinga-dengan-cotton-bud-?page=all) uga kajupuk saka panaliten ing taun 2017, yaiku bocah-bocah paling nduwemi resiko ngalami tatu ing kuping amarga kapuk saka Cotton Bud. Pranyata, rata-rata ana 12.000 kasus serupa kedadeyan saben taun.Â
 Nah, saka data lan masalah ing nduwur iku, bisa dikandhakake yen alat pangresik kuping LED beda karo saka Cotton Bud. Kira-kira solusine apa ya? Mangga ditingali sesarengan. Kanggo ngatasi bab kasebut, salah sijine tumindak kang bisa ditindakake yaiku nganggo alat alternatip. Bisa nganggo alat pangresik kuping LED sing inovatif iki, ananging ora asring. Liyane kuwi, kanggo keamanan sing luwih terjamin, ngresiki kuping ing ahline yaiku dokter THT dumadi opsi sing paling bisa diandelake. (https://www.alodokter.com/komunitas/topic/alat-pembersih-telinga )
 Alat pangresik kuping LED nduweni pirang-pirang fitur lan guna sing bisa nggampangake panggunane, yaiku :
1). Pencahayaan LEDÂ
Kapan maneh bisa ngresiki kuping kanthi padhang. Anane LED ing alat pangresik iki bisa cepet ketara panggon regetan sing perlu diresiki.
2). Desain sing Aman
Alat pangresik kuping sing siji iki nduweni silikon ing pucuk. Dadi, ora perlu wedi bakal krasa lara ana ing kuping.
3). PraktisÂ