Mohon tunggu...
Jalmakediri NuEukeurlieur
Jalmakediri NuEukeurlieur Mohon Tunggu... Wiraswasta - Wiraswasta

Orang yang sibuk memeriksa diri sendiri secara sungguh sungguh,tidak akan punya rasa dengki terhadap orang lain htttp://www.muniftea.blogspot.com

Selanjutnya

Tutup

Humor

Kurang Gawean

18 November 2012   01:56 Diperbarui: 24 Juni 2015   21:09 345
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Humor. Sumber ilustrasi: PEXELS/Gratisography

Isuk isuk Bogang wis
nggawe kesrohe wong
sak kampung....
Yo'opo gak
kesroh,mergo polahe
Bogang,Ndamin karo
Wak Pin dadi lan meh
tukarane.
Ceritane ngene :
Wak Pin sing tukang
gawe boto rodok
sumpek mergo boto
wis akeh tapi durung
ono sing payu.Lha mau
bengi Bogang moro nang
omahe Wak Pin,
Bogang : "Wak Pin,peno
mene isuk dienteni
Ndamin nang
prapatan,jare arep
nakokne boto peno.."
Wak Pin :"Temen tah
Min ?,kebeneran nek
ngono,boto wis
klumbruk'an durung
payu payu are..."
Bogang : "Iyo Wak,tapi
peno nggowo contone
ae..sing tipis karo sing
kandel.."
Isuk isuk Bogang
pethuk Ndamin
cangkruk'an nang
prapatan.
Bogang : "Koen nduwe
salah opo karo Wak Pin
min.?"
Ndamin :"Ojok ngawur
awakmu Gang,aku lho
gak nduwe masalah
karo wong iku.! "
Bogang :"Di eleng eleng
sik thah,jare koen mari
nggudo anak'e wedok..?
"
Ndamin : "Mbok
sumpah ,aku lho cumak
njawil thok.."
Bogang : "Lha yo mergo
iku,iki mau aku papakan
karo Wak Pin, wonge
nyekeli boto ngiwo
nengen..jare arep
nggolek'i koen .."
Ndamen :"Gek yo arep
lapo ?
Bogang : "lha mbuh,iko
lho wonge
mrene,pokok'e aku gak
melu melu wis.."(terus
lungo ko kono ).
Teko adohan karo
ngacung ngacungne
boto, Wak Pin mbengok'i
Ndamin "Miiiiiiiiin..iki lho
milih sing kiwo opo sing
tengen "
Ndamin (karo mundur
mergo keweden ) :"
sepurane
Wak ...sepurane Wak..."
Wak Pin (tambah banter
nek omong karo botone
dilungne nan Ndamin) :"
Iki lhoh..milih sing tipis
opo sing kandel....? "
Batine Ndamin " gak
tipis gak kandel nek
diasapne nang pipi yo
podo krosone rek "
Ndamin :"sing sareh
Wak,pun manut obong
obongane tonggo..."
Wak Pin (karo panggah
ngelung ngelungne
botone) : "Lho iki ngono
obong obongaku dewe
min...
"
Batine Ndamin
"..timbangane pipi diasap
ngiwo nengen tak milih
mlayu ae reeek.."
Ndelok Ndamin sing
keplayu playu Wak Pin
bingung nggremeng
dewe..."Ancene arek gak
nggenah,jare arep
pesen boto ,digawakne
conto kok malah
mlayu..."...
Bogang sing nginceng ko
adohan ngguyu
kepingkel
pingkel...sampek
nabrak cagak......! ! !

Mohon tunggu...

Lihat Konten Humor Selengkapnya
Lihat Humor Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun