Mohon tunggu...
Anisa Rahmawati
Anisa Rahmawati Mohon Tunggu... UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

Halo! Saya adalah mahasiswa S1 Pendidikan Guru Sekolah Dasar di Universitas Negeri Surabaya. Saya memiliki minat besar pada dunia pendidikan, pengembangan karakter, serta topik-topik yang berkaitan dengan kehidupan dan kemanusiaan. Saya senang membaca dan menulis sebagai cara untuk belajar hal baru, berbagi inspirasi, serta mengasah cara berpikir kritis dan empatik. Saya adalah pribadi yang terbuka, senang berdiskusi, dan selalu berusaha melihat sisi positif dari setiap pengalaman. Lewat tulisan di Kompasiana, saya berharap bisa menebarkan semangat belajar, nilai-nilai kebaikan, dan pandangan baru bagi siapa pun yang membaca.

Selanjutnya

Tutup

Pendidikan

Tedhak Siten Ora Mung Adat Nanging Ajaran Urip

14 Oktober 2025   10:53 Diperbarui: 14 Oktober 2025   11:02 52
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
https://id.pinterest.com/faizzakariya354/tedak-siten/

Saben wong Jawa mesthi wis ora asing maneh karo tradhisi tedhak sitèn. Upacara iki tansah ngelingaké aku marang pepatah lawas, yèn saben langkah manungsa iku nduwèni makna lan donga. Nalika sinau babagan iki ing perkuliahan Basa Daerah, aku rumangsa ana sing luwih jero tinimbang mung sekadar upacara adat. Ana nilai urip, ajaran, lan rasa syukur sing ora iso diganti déning apa wae.

Ing kelas, nalika dosen nerangaké makna lan prosesi tedhak sitèn, aku kelingan wektu cilik nalika ndeleng sepupu ngalami upacara iki. Wektu semana aku mung mikir, “wah lucu, bocah munggah tangga tebu.” Nanging sawisé ngerti maknane, aku dadi ngerti yèn saben undhak sing dilewati iku lambang perjuangan urip, saben banyu kembang sing diguyur iku lambang kesucian ati, lan saben donga wong tuwa iku tandha katresnan sing ora ana enteke.

Aku rumangsa, budaya kaya mangkéné kudu tetep dilestarèkaké. Ing jaman saiki, akeh wong sing luwih sibuk karo urusan moderen nganti lali marang asalé. Padahal, upacara kaya tedhak sitèn iki ora mung nguri-uri adat, nanging uga ngelingaké kita supaya eling marang Gusti lan nyedhaki makna kulawarga. Nalika bocah mudhun saka tangga tebu wulung, sejatine wong tuwa uga lagi sinau: sinau nglepas, sinau percaya, lan sinau ndonga.

Saka sinau iki, aku dadi luwih ngerti yèn basa lan budaya Jawa iku ora mung alat komunikasi, nanging uga warisan nilai urip. Aku pengin dadi guru sing ora mung mulang maca lan nulis, nanging uga ngenalaké murid marang akar budaya lan rasa hormat marang tradisi. Amarga saka kono, anak-anak bakal luwih ngerti sapa awake dhewe lan saka ngendi asalé.

 

Piranti lan Simbol ing Tedhak Siten
Saben piranti ing upacara iki nduwèni makna simbolis kang jero. Ana sawetara perlengkapan utama kang kudu disiapaké, antarané:

  1. Undhak-undhakan saka tebu wulung jumlahé pitu. Tegesé, bocah kudu ngliwati saben tangga urip kanthi taberi. Tebu wulung sing warnané ungu peteng dadi pralambang kekuwatan lan pangarep-arep supaya bocah tansah kuat ngadhepi cobaan.

  2. Kurungan manuk, pralambang urip donya sing kebak pilihan. Ing njero kurungan iki, bocah bakal diparingi pilihan piranti urip.

  3. Barang pilihan kaya buku, pulpen, dhuwit, perhiasan, utawa alat musik. Apa sing dipilih bocah bakal dianggep minangka pratandha dalan uripé mbésuk.

  4. Kembang setaman kanggo ngresiki jiwa lan raga, minangka lambang kesucian.

  5. HALAMAN :
    1. 1
    2. 2
    3. 3
    Mohon tunggu...

    Lihat Konten Pendidikan Selengkapnya
    Lihat Pendidikan Selengkapnya
    Beri Komentar
    Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

    Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun