Mohon tunggu...
Sayyid Jumianto
Sayyid Jumianto Mohon Tunggu... Guru - Menjadi orang biasa yang menulis
Akun Diblokir

Akun ini diblokir karena melanggar Syarat dan Ketentuan Kompasiana.
Untuk informasi lebih lanjut Anda dapat menghubungi kami melalui fitur bantuan.

Menulis untuk perubahan yang lebih baik

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Simbok#4 Aku Iseh Tresno Kowe

4 Juli 2020   08:41 Diperbarui: 4 Juli 2020   09:52 65
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Simbok #4 Aku iseh tresno kowe

Kanggo bojoku sik ayu dhewe

Isuk iki aku kroso
Kowe kok njur amung ngodog sego
Njur prung
Nyambut gawe

Lagi wae tak tinggal adus
"Mas aku nyambut gawe sikek"
Sakjane aku ora tego
Iseh wabah ngene nyambut gawe

Aku dhewe saiki setengah nganggur lha piye mulang soko omah nyambut gawe amung yen piket bersama lan piket harian wae, penak kandamu, malah ora penak, koyo mangan gaji buta kae rasane.

Sakjane iseh okeh sik arep tak nggo pawadan ben iso ketemu kowe nganggo alasan opo wae ben ketemu sliramu. Iseh kelingan duk rikolo kowe ora gelem mbales layangku kolo semono


"Yo dik"aku mbuka lawang kamar mandi njur tanganku diambung, pamit gawean.
"Ojo lali lawuhe iseh ndog godog neng mejo makan"
"Yo dik"


Neng mejo makan

Lagi wae arep mbukak ndog ana wa sako bojoku"mas ojo lali ngko masak, sayure neng kulkas, sak senengmu kono"
"Yo" jawabku

Kelingan wektu aku tau cemburu marang sliramu wektu durung nduwe montor kae kerep mboceng kancamu, saiki aku pasrah arep mbocengke sopo karepmu wong ngger iseh setia wae kuncine.


"Mas aku nduwe konca anyar yen bali searah marang aku, ayu lho mas, kandane wes tau nduwe pacar neng deso kene " wa bojoku aku ora ngagas ning sopo wonge mesti luwih ayu bojoku,
"Critane wektu SMA nduwe pacar kok koyo jenengmu yo mas?"
"Sopo jenemge?" Takonku
"Kepo mas?"bojoku malah gawe  pemgen ngerti sopo kanca anyare kuwi.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun