Al-sayyid jumianto
Isuk iki kabeh wong tangi subuh
Kaget suworo kentongan
Titir..
Deso kang sepi dadi rame
Kabeh metu
Ono macan mlebu kampung
Macane kuru
Kurang mangan
Opo mergo
Alase keno proyek dalan tol, bandara
Opo mergo alase keno proyek perumahan
Kabeh kaget
Macane kledang-kledang koyo pasrah
 trimo dicekel menungso
Nggilani neng marahi ngguyu
Macane medun
Ora ngerti mergo ngelih
Opo liyane
Sebab kidang lan babi
Dipangan menungso
Macane bingung
Saiki do dicekel
Digowo neng balai deso
Macane pasrah, lorenge ilang
Malah wong podo sorak
Saiki dileboke kebon binatang wae
Lhe tangi wes esuk
Aku kaget
Jebul mung ngimpi
Ngoyak macan
15112017