Mohon tunggu...
Sayyid Jumianto
Sayyid Jumianto Mohon Tunggu... Guru - Menjadi orang biasa yang menulis
Akun Diblokir

Akun ini diblokir karena melanggar Syarat dan Ketentuan Kompasiana.
Untuk informasi lebih lanjut Anda dapat menghubungi kami melalui fitur bantuan.

Menulis untuk perubahan yang lebih baik

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Aku Wes Lali Yen Tau Tresna Sliramu

16 September 2017   21:05 Diperbarui: 17 September 2017   00:08 1073
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Aku wes lali yen tau tresno sliramu

:Al-sayyid jumianto

minggu iki

ono wae

aku sik ora ngiro

yen kahanane koyo ngene


....awan panas

....mbengi atis

kaya tresna iki

kokap1792017alsayyidja

Sore iki bene ana rasa aneh ketiga nglarap sik awan panas nek mbengi atis, anyes.

Godhong gedang klarase garing, semono ugo wit jati kleyange mabur kena angin ning ndelok wae kae godhong mahoni gegrek ilang mreteli siji-siji tiiniba ing bantala.

Sumur padha asat, kalen uga garing metangkring, okeh wong nunggu jatah droping banyu, aku ora ngiro kaya ngene ketiga iki.

"isih akeh wong ora iso tuku banyu nggo galon" kandane lik Mo lewat WAne.

"pripun lik?" takonku maneh

"waduk saya susut banyune mundak ledeng yo angok banyune" jawabe lik Mo.

"ten sendang mudal mawon " kandaku

"yo ono, kebacut seneng PAM, neng bocahe ora gelem ngangsu mas"kandane meneh.

"kok ngoten?" takonku maneh.

"mbuh lagi do edan HP android kae" aku ngguyu jan semono bocah saiki kabeh goleh mudahe, ora gelem rekasa bener pengaruh teknologi.

"ngopo ngono?"aku nek kelingan ketiga iki marahi atiku sumringah lan seneng mergo ana kang iso marai kelingan yen musim ketiga iki sik marahi aku iso kenal dik Siti.

Akeh wong ngangsu semono neng sendang mudal kene marahi aku oleh kenalan yo gotong royong neng ndeso cah lanang nyungi banyu mbantu cah wedhok ngowo ember.

"mas aku diewangi ngowo ember iki"panjaluke kenyo ayu mou aku mu g mantuk nganti tekan omahe aku ota ngiro yen pak Carik nduwe anak wedhok ayune koyo ngene.

"langsung pawon mbak?" takonku

kenya ayu mantuk aku ora kedep sitiko, ngertiku yen bu carik ndisik wes sedho ora nyana iki anake kok ayu pikiranku nglarap pengen ngerti sopo dheweke.

"kok nguya nguyu mas Al?" takone lik tawil marang aku.

"lik putrane bu carik almarhum kok ayu yo?" takonku marang lik tawil

"ketoke bu carik sik sedha kae ora nduwe putra karo pak carik" kandane lik tawil karo aku.

"dadi sopo ?" takonku

"aku ora ngerti mas Al" karo lunga ngawa ember banyu.

Pikiranku nglamboro mesti anak angkate mergo pak carik wes tuwa udakara seketan tahu, ora nek kuwi bojone sik enom ah pikiran werna iki tak uwise kanti ngowo ember banyu neng ngomahku.

"mbok sopo to kenyo ayu sik neng omahe pak carik kae?takonku marang simbok.

"suk nek ngerti"jawabe simbok saya gawe penasaranku.

Rikala semana aku mben isuk lan sore yo njukuk banyu neng sendang mou ndadekake aku saya pengen ngerti.

Lan ora ngiro yen bali kuliah aku ndelok undangan neng meja tamu

"mbok pak carik arep nduwe bojo maneh?" kaget semu seneng

"yo ngopo lhe?" takone simbok maneh.

"ora kleru dudo seketan tahun oleh gadis rong puluhan tahun?"takonku karo simbok maneh.

"yo!"jawabe simbok.

"dadi kenyo ayu kae....?", pitakonku ora ana jawabe saprene

#alsayyidja1792017

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun