Lebaran yah..
Alhamdulillah,,,
Dina kiye awit esuk bar riaya awak laka mandege mobat mabit Ng sedulur sng perek lan rada adoh setitik. Sanajan akeh keluarga sng ora balik sng perantauan karena kopit, tapi ng kene esh ana sedulur. Mbah, buyut, pa Dhe, Bu Dhe, mamang, bibi, ponakan, tunggal putu ana apa. Gelem ora gelem arane nggo nyambung silaturahmi sng hukume wajib, sng penting njaga protokol kesehatan, maskeran, cuci tangan, jaga jarak diantarane.
Asline mau awan ws slonjor sedelat, lumayan nggo mbeger-mbeger awak, mung iya Kye awak esh lempoh bae, mata ya serada sepet. Kayane sh ws kakehen mobat mabit, kakehen mangan juga, hehehehe..
Maklum arane lebaran yah, teka umah kie sodori jaburan, anjog umah kae dein jaburan, ngalih umah liane ya ana jaburan, drung sng nyediani panganan ana apa, kupat lah sng lagi ngetren, lawuhe biasa ow opor ayam, ya Allah,,, nikmat temen lebaran yah.
Mbe ka iya,, kaya kie dadi sungkan pan nulis, kayong bebek ws kaboten jajan lan panganan kayane tah. Kwe digawe ora kabeh umah sng tak tekani nyediani kupat, yen nyediani kupat Kabeh nden Kayong lubar ow, mbuh anjog ngndi, wateke tah ws nggluntung Ng lempong awit sore kayane.
Ya Alhamdulillah esih diparingana sehat, menangi bada, sanajan ora bisa kumpul kabeh sng penting kabeh pada sehat.
Selamat Hari Raya Iedul Fitri para keluarga dan sahabat.. taqobalollahi Mina waminkum Minal'aidzin wal faidzin mohon maaf lahir dan batin.