Mohon tunggu...
Maulidah Nur Rohmah
Maulidah Nur Rohmah Mohon Tunggu... Perencana Keuangan - Ibu rumah tangga

Terlahir dari wanita tangguh dan, ingin menjadi wanita tangguh juga.. 🥰

Selanjutnya

Tutup

Love

Tanduran Kui Bakale Ngunduh Woh'e

24 Juni 2022   14:46 Diperbarui: 24 Juni 2022   14:57 621
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Love. Sumber ilustrasi: FREEPIK/Prostooleh

Tugas-tugas e wong lanang.... 

Tugas e wong lanang iku dadi tulang punggung, seng nduweni kewajiban nyukupi kabeh butuhe keluarga.

 Tugas e wong lanang iku dadi bojo ugo dadi imam seng nduweni kewajiban nuladhani makmume. 

Tugas e wong lanang iku dadi Bapak menehi pengayoman marang bojo lan anak-anak e. Wong lanang diciptake nduweni awak seng bakoh, tenogo seng ruso, supoyo ora gampang ambruk naliko di terak mobat-mabit e kahanan. 

Wong wedok di ciptake soko tulang rusuk e wong lanang, ora soko Sirah kanggo nduwur an supoyo ora lali panggone yen pancen panggone wong wedok kui ana sisihe seng lanang. 

Naliko wong wedok iso golet koyo,ojo banjur nyio-nyio karo sisihane, dadi ra due roso hormat, opo maneh ngremehne. 

Dadine opo-opo wong lanang iku panggone tetep ana neng ngarep. Paribasan"suargo nunut, neroko katut" ora soko sikil kanggo ngisoran supoyo ora di idak-idak, dadi iles-ilesan lan dadi panggone luapan emosi ugo kemarahan. 

Tapi, soko sisih liyo kanggo konco urip, cedak karo lengen ben kroso ayem, mergo nalikane kejlungup ana lengen seng tansah ngrangkul menehi roso ayem. Cedak karo ati ben supoyo di tresnani lan di gemateni, amargo omah-omah yen tanpo dasar roso tresno kui bakal anyep tanpo roso "bagai sayur tanpa garam".

Wong wedok kui koyo banyu putih, dadi pait utowo dadi legi iku tergantung wong lanang seng mbumboni, mulo dadio wong lanang seng iso dadi opo wae (selalu siap setiap saat) naliko dibutuhno. 

Ben urip kui iso tenang, sinau o nuruti kemampuan ojo nuruti kekarepan. Rejeki iku ora mung duit tok, tapi duwe bojo seng gemati kui yo termasuk rejeki. Kanggo sampeyan-sampeyan seng nemu bojo seng gemati ojo mbok sio-sio, rumaten, gematenono, ojo nganti mbok gawe loro. 

Mergo ono istilah wong nandur kui bakal ngunduh, nek nandure perkoro kesaenan,bakal e ngunduh e yooo seng sae-sae. 

InsyaAllah...........

Mohon tunggu...

Lihat Konten Love Selengkapnya
Lihat Love Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun