Mohon tunggu...
Sri Wintala Achmad
Sri Wintala Achmad Mohon Tunggu... Penulis - Biografi Sri Wintala Achmad

SRI WINTALA ACHMAD menulis puisi, cerpen, novel, filsafat dan budaya Jawa, serta sejarah. Karya-karya sastranya dimuat di media masa lokal, nasional, Malaysia, dan Australia; serta diterbitkan dalam berbagai antologi di tingkat daerah dan nasional. Nama kesastrawannya dicatat dalam "Buku Pintar Sastra Indonesia", susunan Pamusuk Eneste (Penerbit Kompas, 2001) dan "Apa dan Siapa Penyair Indonesia" (Yayasan Hari Puisi Indonesia, 2017). Profil kesastrawanannya dicatat dalam buku: Ngelmu Iku Kelakone Kanthi Laku (Balai Bahasa Yogyakarta, 2016); Jajah Desa Milang Kori (Balai Bahasa Yogyakarta, 2017); Menepis Sunyi Menyibak Batas (Balai Bahasa Jawa Tengah, 2018). Sebagai koordinator divisi sastra, Dewan Kesenian Cilacap periode 2017-2019.

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Candle in The Wind

13 Juni 2019   17:06 Diperbarui: 13 Juni 2019   17:20 1152
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

 

Lagu Candle in the Wind-ne Elton John kang ngebaki ruwangan warnet, ngelingake aku marang Prastiwi. Pacanganku rikala kuliah ing UGM rongpuluh taun kapungkur. Wong wadon kuwi wus tega medhot tali katresnanku. Amarga dheweke kepeksa nuruti panjaluke sakloron wong tuwane. Urip bebrayan karo juragan tahu kang lagi monjo usahane.

Menawa kelingan karo Prastiwi, tatu atiku kang wus mari rinasa perih. Nanging rasa perih kuwi kaya antuk tamba, rikala mitra Nuryana chatting lelantaran Messenger. "Piye kabare, Win?"

"Apik. Kabarmu apik to?"

"Pangestumu."

"Kabare kanca-kanca Yoja piye?"

"Ajeg. Mas Indra isih nulis cerpen, Jemek isih kerep pentas pantomim. Kang Barjo isih gawe wayang boneka lan nyambi usaha warung angkringan. Mas Agus isih kerep nongkrong neng sangisore ringin TBY. Kang Rudi lan Mas Dono tansaya mendem Facebook. Kowe ditakoke Wiwik."       

Sial! Sadurunge aku mangerteni sapa satemene Wiwik. Pawongan kang durung daktepungi kuwi, Nuryana wus off line. Kaya asep sigaret, pikiranku kumebul sajroning ruwang warnet kang panas, Amarga AC-ne mati rikala ngancik tengah wengi mau.

Tan beda reca kang ora mudheng apa bakal ditindakake, aku mung jinggleng sangarepe layar Facebook kang Messenger-e kebak pesen tanpa makna tumrap uripku. Nanging sadurunge logout, ana pawongan kang ngaku Wiwik kepengin dadi mitraku. Panjaluke pawongan kuwi dakturuti.

Durung ana wektu kanggo mangerteni profile lan foto pasuryane Wiwik, pawongan kuwi ngirim pesen lelantaran messenger. "Sugeng dalu, Mas."

"Sugeng dalu."

"Kadospundi pawartosipun salami kula lan panjenengan boten nate kepanggih?"

"Nyuwun sewu. Kadosipun kula dereng tepang kaliyan jenengan."

"Sejatosipun jenengan sampun tepang kaliyan kula. Menawi boten pitados, kula aturi bikak profile lan foto kula. Maturnuwun."

Tanpa aweh jawaban kang ora perlu, dakbukak profile lan foto-ne Wiwik. Gandrik! Menawa Wiwik ora liya Prastiwi. Pacanganku rongpuluh taun kepungkur. "Aku saiki wus ngerti satemene kowe. Prastiwi to?"

"Bener, Piye kabarmu?"

"Elek."

"Lho kok elek?"

"Aku wurung dadi sisihanmu. Piye kabare bojomu?"

"Mati. Disanthet karo mungsuh usahane."

"Inna lillahi wa inna illahi roji'un. Kapan?"

"Sepuluh taun kepungkur."

"Aku melu bela sungkawa."

"Ora perlu. Amarga kowe satemene seneng menawa bojoku mati toh? Eling marang kandhamu: 'Senajan ora entuk prawane. Randhane, ora apa-apa.' Ngono toh?"

"Ha..., ha..., ha.... Bener!"

"Salah!"

"Apa sebabe? Kowe saiki wus dhewekan toh?"

"Bener. Nanging sedhela maneh aku bakal duwe sisihan."

Maca jawabane Prastiwi, sakujur awakku rinasa tanpa bebalung. Pangarep-arepku bakal nandur witing katresnan anyar marang Prastiwi mati sadurunge tumancep. "Menawa entuk ngerti, sapa pawongan kang bakal dadi sisihanmu?"

"Nuryana."

Pandelenganku sanalika kunang-kunangen. Tanpa logout Facebook, aku tumuju bangkune pawongan kang dipasrahi boss-e jaga warnet. Sawuse bayar ongkos rental internet, daktinggalake bangunan warnet kang gawe tatu anyar ing tatu lawas atiku. Sadawane dalan tumuju kos, lintang-lintang ing langit kaya lilin-lilin kang katiyup angin. Mati sunare. Peteng lelimengan. [Sri Wintala Achmad]

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun