Mohon tunggu...
Upik Triwulandari
Upik Triwulandari Mohon Tunggu... profesional -

Ibu Rumah Tangga Peduli Bangsa

Selanjutnya

Tutup

Puisi

Geguritan: Ngendikane Simbah

21 Oktober 2013   20:57 Diperbarui: 24 Juni 2015   06:12 1202
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Puisi. Sumber ilustrasi: PEXELS/icon0.com

(Karipta dening : Upik Triwulandari)


Ngendikane simbah

Aku bocah wedok

Kudu tansah manut pitutur

Duwe kepribadian sing luhur

Amrih uripku boten ajur

Ngendikane simbah

Aku bocah wedok

Tandang gawe ra pareng grusa-grusu

Tansah sumringah ra pareng mecucu

Mulane wajahku katon ayu

Aku bocah wedok

Kudu sregep umbah-umbah

Nyapu ngepel ojo wegah

Sopo ngerti besok gede

Aku dadi lurah

Ngendikane simbah

Aku bocah wedok

Kudu hemat ra pareng boros

Yen mundhut-mundhut kedah atos-atos

Mulo uripku ra bakal rekaos

Ngendikane simbah

Aku bocah wedok

Ora pareng cupet pikire

Bijaksana jembar wawasane

Yen suk dadi pemimpin

Bakal adil marang rakyate

Besok gede aku pengen dadi DPR

Amrih ra ono korupsi sing jejer-jejer

Ngendikane simbah

Senajah isih cilik

Bukuku tumata ra mosak-masik

Lemariku rapi ra morak-marik

Amargo aku ra kakehan goyang itik

Aku bocah wedok

Aku pengen tansah ayu cerdas

Yen bisa kaya MISS WORLD 2013

Lembahane mblarak sempal

Pinter lan apik pikir, budi, lan akal

Sopo ngerti aku biso gawe kapal

Ngendikane simbah

Bocah wedok ra pareng isinan

Nanging ra pareng nggragas ing panganan

Mengko mundhak salirane koyo plembungan

Amargo aku bocah wedok

Ra pareng kakehan dolanan

Ra pareng kakehan jejogedan

Mengko ra kober belajar

Terus nonton tv

Acara ra buyar–buyar

Aku bocah wedok

Neruske lakune Kanjeng Ibu Kartini

Lembah ing manah jujur marang negri

Bumi Pertiwi pengabdianku

tumus jroning ati

Aku bocah wedok

Iku ngendikane simbah.


( Oktober 2013, Taman Remaja, Surabaya, Pentas Seni SD)

Mohon tunggu...

Lihat Konten Puisi Selengkapnya
Lihat Puisi Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun