Mohon tunggu...
Joko Yuliyanto
Joko Yuliyanto Mohon Tunggu... Jurnalis - pendiri komunitas Seniman NU
Akun Diblokir

Akun ini diblokir karena melanggar Syarat dan Ketentuan Kompasiana.
Untuk informasi lebih lanjut Anda dapat menghubungi kami melalui fitur bantuan.

Penulis opini di lebih dari 100 media berkurasi. Sapa saya di Instagram: @Joko_Yuliyanto

Selanjutnya

Tutup

Filsafat Pilihan

Islam sing Bener sing Endi?

19 Februari 2020   10:12 Diperbarui: 19 Februari 2020   10:29 541
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Islam sing bener sing endi?
Tulung ojo takok mengkono maneh. Aku dudu Tuhan. Bener kanggoku iku digoleki (sing temenanan), ora mung ngrungokne tausiyah sing ketoke apik. sing gambare bruwet kadang suarane bening. sing gambare bening kadang malah suarane kepyur

Islam sing bener sing endi?
Wes gedhe mosok raiso mbedakne wong jujur karo wong sing pinter apus-apus. Cobo sinau agomo meneh. Ojo sinau agomo mung seko sak akun instagram. Kabeh kudu disinauni. Jare nuntut ilmu iku wajib. Pilih-pilih ilmu ndak marai iren. Nek ra mudheng takok sing mudheng. Ojo sok nyimpulne dhewe 

Islam sing bener sing endi?
Ojo kadung anyel sik karo sing kono karo sing kene. Wes to, gagasen ustad idolamu. Rungokne kabwh kajiane. Ditelusuri biografine. Terus sinau islam sing aneneko rupo. Ojo mung mantep karo omongan "islam iku siji. Ora usah dikotak-kotak". Lha padahal dhekne yo mlebu kotak

Islam sing bener sing endi?
Takokno seko njero atimu. Agomo iku asline dinggo ngopo? Dadi khawatir, cemas, anarki, opo tentrem? Takokno maneh ing jero atimu. Munafik iku bener opo salah? Bariku digoleki artine munafik iku opo. Disinau temenan, sing munafik iku sing dituduh opo sing nuduh?

Islam sing bener sing endi?
Cobo sinau babagan khilafah sing lagi hits saiki. Terus sinau khalifah. Ojo mung berpendapat atas dasar "jarene". Nek arane pemimpin iku kudu bijak lan waskito. Mosok ono sedulur islam neng negoro liyo dianggep kafir. Dikon minggat seko negarane (palestina). Ati-ati milih ustad!!

Islam sing bener sing endi?
Ngirane nek pinter ngomong boso arab mlebu surgo, wediku ngko nek malah kepleset neroko. Sing mbok kirani mlebu neroko malah kleru mlebu surgo. Bedane iku, sijine ngidam mlebu surgo, sijine ngidam Gusti Allah.

Islam sing bener sing endi?
Wes dadi wong apik wae. Sing pantes nentokne islam opo ora iku Gusti Allah, dudu awake dhewe. Didongakne kabeh ben mlebu surgo. Ojo malah dituduh sing neko-neko. Opo meneh malih-malih nek duwe prinsip ukhuwah.

Islam sing bener sing endi?
Sing ra kakean bengak-bengok jihad neng Rohingya, tp fotone editan neng jakarta. Sing ora meneng koyo patung pas atusan muslim di tembaki pas sholat jumat neng mesir. Sing mbelani entek-entekan muslim palestina, ora malah mbelani negoro "suci" sing malah kesane nggadekne Ql-Aqsho nggo israel

Islam sing bener sing endi?
Ojo bingung. Mesti podho ngakoni islame dhewe-dhewe sing bener. Iku apik. Sing penting ojo podho padudon mergo fanatik karo sak ustad. Pesenku siji nek sekirane kok rodo nyleneh seko atimu, ojo mung manut wae. Iku sing arane baiat.

Islam sing bener sing endi?
Ugo aku. Sing yakin karo islamku. Nek sekirane ono omongan, laku, tindak tanduk sing wujud ngibadah nanging mbok kirani ora ono dalile. Aku hubungono. Tak jelasne sak kemengmu. Kabeh ngibadah mesti ono landesane. Ora gaco pancal. Aku yo ra bodho banget ngomong nek daging boyo iku halal!!

Mohon tunggu...

Lihat Konten Filsafat Selengkapnya
Lihat Filsafat Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun