Mohon tunggu...
Bang Auky
Bang Auky Mohon Tunggu... Freelancer - KBC 54|Kompasianer Brebes Jateng| Golet Jeneng Disit Mengko Jenang Teka Dewek

Pariwisata adalah locomotif ekonomi baru dimana banyak gerbong yang mengikuti dari UMKM, Transportasi, Pemandu Wisata, Hotel dan Restoran, Seniman, Souvenir dan mitra-mitra pariwisata yang lain.

Selanjutnya

Tutup

Humaniora Pilihan

Wong Enom Duwe Tanggung Jawab Maring Pandemi Covid-19

7 April 2020   22:44 Diperbarui: 7 April 2020   22:45 447
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Wong  enom alias pemuda-pemudi Brebes melu peduli anane pandemi covid-19 sing tambah luas wilayahe. Peraturan pemerintah sing ngongkon wargane nganggo masker durung ditanggapi kabeh masyarakat. Utamane masyarakat sing usahane tukang becak, ojek, dagang cilikan utawa masyarakat biasa, sebabe barange laka regane larang. 

Sebab kuwe sing ndorong puluhan bocah-bocah enom sing tergabung nang Brebes Merangi Corona(BMC) nganakna kegiatan mbagi masker kanggo masyarakat nang 17 kecamatan (7/4/2020).  Ana 1.700 masker dibagi nang pusat kumpule wong kaya nang prapatan,  pangkalan becak,  pasar karo terminal.

Dok. BMC
Dok. BMC
Salah siji Pengurus Relawan BMC Aditya Wahyu Pratama(18) ngomong salah siji cara nggo merangi corona kuwe membatasi kumpul-kumpul nang tempat umum (Social Distancing) karo nganggo masker. 

"Ngein pengertian karo masyarakat apa kuwe covid-19, pimen carane pencegahane karo pimen penularane. Saorane dina kiye mbagi masker masyarakat sadar pentinge jaga kesehatan,"jarene. 

Aksi kiye pan dilaksanaknaa bertahap mubeng giliran.  Dina kiye nang Kecamatan Brebesna nang Islamic Centre, Limbangan, Saditan lan Pasar Batang.


"Kegiatan kiye karena bocah nom merasa terpanggil,  duwe kepedulian karo sasiji-sijine wong karo arahan pemerintah pusat sing ana hubungane karo nganggo masker kanggo masyarakat sing ora mriyang, " tambahe

Sasaran sing diuja kuwe masyarakat sing uripe nang jaba, uga karena ekonomi sampai ora mikiri kesehatane dewek. Ora mikiri apa kuwe social distancing,  psycal distancing apa maning maskeran, sing penting ngasab golet duit nggo keluarga. 

Dok. BMC
Dok. BMC
Sebab kiye sing ndorong relawan BMC mudun nang masyarakat ngein edukasi karo masker, soale rentan kena dampake. Elshinta (18) Ketua BMC nganggo Bahasa Brebesan ngein edukasine endah langsung ngarti. Karo ngein masker lan brosur sing isini corona dijelasna apa kuwe Corona. 
  • Maskere di denggo ya
  • Endah ning umah bae
  • Ra usah lunga-lunga
  • Apamaning kumpul-kumpul
  • Ngakehi donga karo ibadah
  • Gagian wisuh tangane
  • Intine tanggap karo waspada. 

Dok. BMC
Dok. BMC
Dina kiye kerasa  istimewa paling ora bisa nyegah penyebaran virus corona lewat pembagian masker. Meski cilik skalane jumlah sing dibagi dibandingna jumlah penduduk Brebes sing akeh,  tapi nyong yakin gawean cilik kiye berdampak global. 

"Pas Peringatan Dina Kesehatan Sadunia, nyong karo kanca-kanca BMC bisa gawe sesuatu nggo negerine dewek. Semoga kiprah e pemuda-pemudi Brebes bisa bermanfaat nggo masyarakat, bisa ngurangi penyebaran virus corona, "jare Elshinta nutup omongan. (KBC-54|Kompasianer Brebes Jateng).

Fok. Kombes
Fok. Kombes

Mohon tunggu...

Lihat Konten Humaniora Selengkapnya
Lihat Humaniora Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun