Prabu Sarehas saking keraton Medayin nglakoni tapa brata ing dasaring samudera kanthi panyuwunan supoyo diparingi kanugrahan kasekten lir kadyo baginda Nabi Sulaiman. Ing sajroning pertapan Prabu Sarahes dipun rawuhi Nabi Kidlir banjur paring dawuh;
"He Raja Sarahes... mandhego anggen iro topo. Iki tampanono kulit kayu kang duweni kasiat ampuh linuwih. Lamunto siro dahar, siro bakal biso mengerteni totojalmane sato kewan, lan bongso lelembut..."
Gumregah Prabu Sarehas jengkar soko topone. Kanthi jawab uluk salam lan sungkem takdhim dumateng Nabi Khidir.
"Oh.. Kanjeng Nabi Khidir, kasinggihan dawuh kawulo tampi peparing panjenengan ndiko.. matur agunging sewu panuwun.."
Kocap kacarito, naliko kulit kayu kang diparingake Nabi Khidir wus tumempel ing epek-epeke Raja Sarehas, bareng karo kedepe netra Nabi Khidir ilang soko ngarepe Sang Raja. Kanthi bombong, bingahing manah Raja Sarehas tumuli mentas soko jerone samudro.
Anggenyo tindak Sang Prabu wus dumugi ing kraton Medayin, datan srantan langsung tumuju ing pawon kagem maringake kulit kayu mau marang juru masak e keraton, Ki Nimdahu, Ki tolong iki olahen dadi apem dimen kepenak anggeku dahar".Â
Sakwuse apem mateng, apem kang kagem Sang Prabu diganti kanthi apem biasa dening Lukman Hakim (putrane Ki Nimdahu, juru masak). Ki Nimdahu mengaturake apem kolowau ingkang sampun katukareken dumateng Raja Sarahes. "Sumggo Prabu junjungan kulo apem sampun sumadro.."
"O iyo, matur suwun Ki Nimdahu..."
"Nuninggih Prabu kepareng kulo wangsul dateng powon..."
Enggal-enggal Prabu Sarehas ndahar apem, anging sampune dahar ora ono perubahan opo, ora koyo dawuhe Nabi Khidir ing sajrone topo broto. Raja Sarehas ora wani dawuh opo-opo, mung meneng karo angen-angen ngudoroso, "Mosok to Nabi Khidir dora?.. Ah.. tak kiro ora mungkin, mesti ono sing salah karo awakku.."