Mohon tunggu...
Sukadi
Sukadi Mohon Tunggu... Headmaster

Saya suka menulis, karena dengan menulis bisa menghadirkan kebahagiaan

Selanjutnya

Tutup

Bahasa

Supriyoko, Sosok Inspiratif Nampa Pangajen Sutasoma

15 Oktober 2025   22:12 Diperbarui: 15 Oktober 2025   22:12 53
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
(Sumber: Kredit/FotoMgMp)

Wes suwi banget aku ora nulis nganggo basa Jawa. Amarga kageret inspirasi saka kancaku cedhak jenenge Supriyoko. Jare Guru Ndesa saka SMPN 1 Parang. Banjur aku nulis tulisan iki minangka rasa syukur lan melu seneng  amarga prestasine sing wis digayuh. Rebo Kliwon, tanggal 15 oktober 2025 dheweke nampa penghargaan sastra Anugerah Sutasoma Tahun 2025 ing  Gedung Tjut Nya Din, Balai Bahasa Provinsi Jawa Timur, Jalan Gebang Putih No. 10, Sukolilo, Surabaya. Sing nyerahake/maringi penghargaan kuwi yaiku Bapak Amir Mahmud, mantan Kepala Balai Bahasa Jawa Timur. Penghargaan iki diwnhake minangka wujud pangajn marang wong sing nguri-uri kabudayan Jawa.

Supriyoko kuwi sosok sing luar biasa lan dadi tuladha kanggoku. Ora mung guru, nanging uga pegiat literasi sing dedikasi banget kanggo donya maca lan nulis. Dheweke dadi anggota aktif ing Tim Hujan Buku, sawijining komunitas sing nyebarak semangat maca lan nulis, ora mung kanggo murid, guru nanging uga kanggo masyarakat umum.

Saliyane seneng ethoh nulis, Pak Yoko uga dadi Ketua MGMP Basa Jawa ing kabupaten Magetan. Ing jabatan kuwi, dheweke tansah nyengkuyung para guru basa Jawa supaya luwih kreatif lan inovatif ing ngajar. Dheweke kerep ngadani pelatihan, workshop, lan diskusi babagan cara nguri-uri basa Jawa ing jaman saiki. Saben acara, dheweke tansah nggawa suasana sing nyenengak, semangat, lan inspiratif. Ora mung kuwi wae, Pak Yoko uga wis nulis buku akh, wiwit saka kumpulan geguritan, crita cekak, nganti buku pendhidhikan. Tulisan nduwni daya panggugah sing kuwat, amarga tansah nyampur antarane katresnan marang budaya Jawa lan refleksi urip saben dina. Dheweke yakin yen aksara lan sastra Jawa ora kena ilang, lan kudu digembleng kanthi cara sing nyenengak lan migunani.

Aku dadi kelingan rikala samana, ora nyana ora ngira yen aku bakal melu ethoh dadi penyusun buku Email Saka Jakarta anggitane Bapak Suprawoto Bupati Magetan. Kok isa aku melu ethoh neng buku kang bakal kacethak telung jilid iku. Aku ya ora ngerti piye mula lan bukane. Ning sing tak eling wektu iku kancaku kang aran Supriyoko kuwi ngajak aku melu ethoh ngrampungne jejibahan saka Bapak Bupati. Kenangapa Pak Yoko ngajak aku padahal babagan tembung utawa ukara Jawa babar pisan dudu dadi keahlianku. Ibarate aku ya mung aran kaya bledug kang kanginan, ara isa apa-apa, apa maneh pono ing babagan kuwi. Urip iku terus mlaku, bebarengan karo wektu, sing bisa gawa lakumu, supaya apik nasibmu. Paribasan iki sing dadi semangate anggonku nyandak tembung lan ukura arupa file-file saka Majalah Panjebar Semangat tulisane Bapak Bupati kang diklumpukake dadi siji.

Banjur pengalaman sing tak duweni bareng Pak Yoko uga kasil mujudake buku Sejarah Pendidikan Kabupaten Magetan sing dicethak Dinas Pendidikan, Kepemudaan dan Olahraga Kabupaten Magetan (2022) lan aku uga melu ethoh dadi penyusun buku Sejarah Desa Kabupaten Magetan (2021) kang bukune wes dicethak Dinas Pemberdayaan Masyarakat Desa Kabupaten Magetan dadi telung jilid  (Mutiara Lereng lawu Jilid 1, 2, 3). Uga melu ethoh nyusun buku Inspirasi Istimewa Widama (2023) Yayasan Wira Daksa Utama Magetan. Buku iki sing ndhadekake trenyuh ketes eluh.

Kiprahe Pak Yoko ora mandhek ana babagan nulis wae, nanging uga mujudake salah siji acara gedh sing kerep digarap yaiku "Mbulan Dhadhari", sawijining acara budaya sing digelar bareng Dinas Kearsipan lan Perpustakaan (Arpus) kabupaten Magetan. Ing acara kuwi, para seniman, guru, murid, lan pegiat literasi padha nuduhak bakat: maca geguritan, nembang macapat lan pagelaran seni tradisional. Aku dhewe kerep melu mbantu nyiapak acara iki. Saben wektu latihan utawa rapat, Supriyoko tansah ndadkak suasana guyub lan nyemangati kabeh tim. Apa maneh sing ndhadeake aku bungah dheweke nyipta lagu Mars Bumi Mageti Bumi Literasi kang inspirasine teka Tim Hujan Buku usung-sung buku menyang Gor Ki Mageti nganakake Pameran buku lan Pendapa Suryagraha wektu iku nyambut Kepala Perpustakaan RI bapak Syarief Bando. Sing paling edan anggone nylinthis gawe lagu Dalan Kembar sing klip videone diperanake dening Bupati Magetan Bapak Suprawoto lan Bunda Titik Sudarti. Aku ya ana kasyuting klip lagu ciptaane kang diwenehi judul Dam Jati (2021)

Nalika Pak Yoko nampa Panghargaan Sutasoma, kabeh wong sing kenal karo dheweke padha bungah lan bangga. Panghargaan kuwi ora mung kanggo pribadine, nanging uga dadi pangakuan kanggo kabeh pegiat budaya lan literasi sing wis kerja tanpa pamrih.  Aku pribadi rumangsa bangga lan kagum. Aku ngerti sepira perjuangan Pak Yoko kanggo nulis, lan ngatur wektu antara dadi guru, penulis, lan penggerak budaya. Kadang dheweke ora turu nganti bengi mung kanggo ngrampungak tulisan utawa nyiapak kegiatan. Nanging sing paling nyenengak, dheweke senengane ngopi padha karo kesenanganku. Menawa ana wektu longgar ngopi bareng lan ngrembug babagan sastra ugi ethoh babagan apa wae.

Kancaku Supriyoko wis maringi tuladha yen nguri-uri kabudayan iku ora mung nganggo omongan, nanging kudu nganggo tumindak nyata. Panghargaan Sutasoma sing ditampa dadi bukti nyata yen semangat, kerja keras, lan ketulusan bakal ngasilak asil sing endah. Muga-muga Pak Yoko tansah pinaringan kasuksesan lan tetep dadi inspirasi kanggo generasi muda supaya basa lan budaya Jawa tansah urip lan berkembang ing tengahing jaman digital iki. Salam literasi saka bumi Mageti.

Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI

Mohon tunggu...

Lihat Konten Bahasa Selengkapnya
Lihat Bahasa Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun