Riyoyo dino ke-3 aku lan kaluwargo isuk-isuk lungo menyang pantai lumut, aku lan kaluwargo mangkat numpak motor, sakwise tekan pantai langsung menyang pinggir laut foto-foto bareng lan dolanan banyu laut bareng adikku. Aku lan adikku suwe dolanan ning pinggir laut lan nggoleki kerang ning pasir-pasir.Â
Sakwise dolanan ning pinggir laut aku lan kaluwargo menyang warung pinggir lan pesen sarapan. Aku lan kaluwargo pesen mendoan lan kupat tahu, sakwise sarapane teko aku lan kaluwargo langsung mangan bareng ning saung-saung lan menikmati keindahane pantai lumut.
Rampung sarapan neng saung-saung liren bareng kaluwargo durung langsung muleh, aku lan adikku dolanan menyang pinggir laut maneh. Sakwise awan aku diundang ibuk diajak muleh, aku mbalik neng saung-saung lan siap-siap arep muleh.
Sakdurunge menyang parkiran aku diajak muter ngelilingi pantai lumut kang indah lan suasana sejuk aku lan kaluwargo foto-foto maneh neng dalan menuju parkiran.
Aku lan kaluwargo langsung muleh neng omah. Aku seneng bisa dolan neng pantai lumut kang indah pemandanganne lan menikmati bareng kaluwargo. sesuk kaluwargo ngajak maneh menyang pantai lumut amarga suasane indah.
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI