Mohon tunggu...
S. R. Wijaya
S. R. Wijaya Mohon Tunggu... Editor - Halah

poetically challenged

Selanjutnya

Tutup

Bahasa

[Basa Jawa] Empok-empokan

10 Desember 2010   16:36 Diperbarui: 26 Juni 2015   10:50 435
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

[caption id="attachment_76840" align="aligncenter" width="400" caption="CNKK"][/caption]

Nek kangen Yogja aku biasane otomatis kepingin nganggo cara Jawa kaya saiki. Dadi ngapura yen ana bagas-kewarasan sampeyan sing ora paham, ya.

(lha sakjane apa gunane njaluk ngapura wong ngapurane cara Jawa kok. Apa ya kanca sing Minang lan Mandailing jur mudheng apa piye? Pekok banget sing nulis iki)

Eniwei, aku ujug-ujug kangen Cak Nun (CN) uga. Mulane aku arep crita pasal CN.

Sampeyan ora misuh, lho. Dudu pasal agama, kok. Critane kemproh-kemprohan thok ki: Perkara CN sing tau ngekei bab “empok-empokan”. Becik aku kandhani dhisik, “ngempoki” kuwi artine kira-kira “ngentuti”. Nanging pakeme entut sing paripurna, dudu entut moderat duweke sampeyan saben dina iku. Empok luwih signipikan katimbang entut. Ha, ya wis ngono kuwi lah. Rumus pertidaksamaan mitikmitika-ne:

{e  m  p  o  k} > {e  n  t  u  t}

halah....

Empok-empokan iki khas bocah-bocah langgar jamane cilikan CN. Dilakoni yen ana wektu-sela awit adzan nganti qamat. Dadi critane bocah-bocah langgar kuwi uyeeeg ’ae. Playon mubang-mubeng, plotrok-plotrokan, entut-entutan, empok-empokan. Lha jenenge bocah kok. Meneh, imame kerep suwe olehe teka. Lha cocok wis....

Lha kaya apa, ta, wacana empok-empokan? Apike ben aku langsung ngepek ukara-ukarane CN wae sak eling-elingku. Kabeh sing nututi ning ngisor iki kedaden ning mBantul, omahe CN, taun rongewu pitu. Nanging ta' tambahane uba-rampe sithik-sithik no, ben sansaya marem. Kameraaa, eksyeen!

.

Sak weruhku, mbiyene empok-empokan kuwi termasuk mainstream."

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
Mohon tunggu...

Lihat Konten Bahasa Selengkapnya
Lihat Bahasa Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun