"LIBUR MURID, LEMBUR GURU"
Ing sawijining dina, cuaca cerah, swasana sekolah SDN 1 Danguran katon sepi. Murid-murid wis padha libur. Nanging aneh, ruang guru isih ana cahya lampu padang, tandha yen ana kegiatan nang njero.
Essada, murid kelas 5 sing pinter nanging kritis, mlaku-mlaku nang sekitar sekolah. Ora let suwe, ketemu kancane: Bono sing guyonan, Danang sing rada serius, lan Doni sing polos gampang bingung.
Essada crita, "Aku heran, saiki murid libur, tapi Bu Guru malah padha mlebu. Wingi aku weruh Bu Titin bawa koper, tak kira arep piknik, jebul isine dokumen."
Bono langsung nyelutuk, "Yo pancen ngenes, murid libur dolan, guru malah koyo karyawan shift malam. Pak Budi tak delok mung lungguh meneng, mandeng tembok, kaya mikir utange negara."
Danang nambah, "Kebijakan jaman saiki aneh. Libur dadi milik murid tok, guru mung numpang sambat. Libur tenan mung nang kalender, praktik e guru tetep lembur."
Doni, sing polos, nyeletuk, "Aku tekan sekolah pengin main, jebul ketemu Bu Guru Wulan, lagi upload data PBD jam setengah rolas awan. Tangane gemeter, matane sembab. Kaya habis nulis soal ulangan 100 butir nganggo tangan loro."
Kabeh padha ngguyu getir. Essada mesem, nanging banjur medem sedhih. "Ngono lho, guru kuwi dudu robot. Dheweke uga butuh istirahat, butuh piknik, butuh diakoni. Pendidikan iku tanggung jawab bareng, dudu guru tok sing kudu mikir, wong tua lan siswa yo kudu melu tanggung jawab."
Bono langsung nyeletuk, "Pancen kudu digawe Hari Guru Beneran Libur Nasional. Nek murid libur, guru kudu oleh voucher nginep nang hotel!"
Danang nyenggol, "Minimal oleh makan siang gratis lan bebas ngisi raport manual!"
Doni nutup obrolan nganggo geguritan: