Unggah-ungguh basa Jawa nduwèni kaunikan sing ora ana ing basa liya. Basa Jawa iku nduwèni tingkatan tutur, yaiku ngoko, madya, lan krama. Bab iki ndadèkaké basa Jawa ora mung dadi sarana kanggo komunikasi, nanging uga dadi cermin kabudayan lan tata krama wong Jawa. Unggah-ungguh basa Jawa nduwèni sawetara tingkatan basa sing nggambaraké tata krama lan rasa ajrih marang wong liya.
- Basa Ngoko Lugu yaiku basa sing saben tembungé nganggo basa ngoko, biasané dienggo nalika rembugan karo kanca sapantaran, wong sing drajaté luwih cendhek, utawa wong tuwa marang anaké sing luwih enom.
- Ngoko Alus utawa Ngoko Andhap iku campuran antarane basa ngoko lan krama alus sing dienggo kanggo ngajèni wong liya, kayata wong enom marang wong tuwa utawa wong tuwa marang wong enom sing isih kudu diajèni.
- Krama Lugu utawa Madya iku basa krama sing ora dicampur karo krama alus, luwih sopan tinimbang ngoko alus, lan biasané digunakaké nalika rembugan karo wong sing anyar dikenal utawa bawahan marang pimpinane.
- Krama Alus utawa Inggil iku tingkatan basa paling luhur sing dienggo kanggo ngajèni wong liya sing luwih tuwa, luwih dhuwur drajaté, utawa durung akrab, kayata murid marang guruné. Unggah-ungguh basa iki dadi ciri khas lan kabanggaan masyarakat Jawa amarga nggambaraké tatakrama, rasa hormat, lan unggah-ungguhing budaya.
Ing jaman saiki, panganggone unggah-ungguh basa Jawa saya suda lan ora kaya mbiyen manèh. Akeh sing ngomong “wong Jawa ora njawani”, amarga akeh bocah enom sing luwih seneng nganggo basa saben dina utawa campuran basa Indonesia lan basa gaul tinimbang basa krama sing luwih sopan. Kahanan iki bisa kelakon amarga faktor saka njero awak, kayata kurang kesadaran lan piwulang saka kulawarga, uga faktor saka njaba, kayata pengaruh kanca, media sosial, lan budaya manca.
Lunturné unggah-ungguh basa Jawa nduwèni pengaruh gedhé marang watak lan kabudayané para mudha. Sirnané panganggon basa sing santun ndadèkaké rasa ajrih lan ngajèni marang wong liya, utamané wong tuwa, saya suda. Kajaba iku, jati diri lan nilai-nilai luhuring masyarakat Jawa uga saya luntur. Yen ora dilestarèkaké, unggah-ungguh basa bisa ilang lan mung tinggal dadi warisan budaya tanpa penerus.
Mula saka kuwi, perlu ana usaha kanggo nambah panggunaan lan sinau unggah-ungguh basa lan budi pekerti sing becik. Bab iki ora mung ana ing tumindak saben dina, nanging uga carane nganggo basa nalika rembugan karo wong liya. Minangka generasi enom Jawa, kita kudu melu njaga lan nglestarekake basa daerah supaya ora ilang kepriye wae. Yen basa daerah bisa tetep urip lan berkembang kanthi apik, mesthi bakal nggawe budaya Indonesia dadi luwih apik, éndah, lan nduwé ciri khas sing kudu diugemi bebarengan.
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI