Mohon tunggu...
Nurhidayatul Masfiyah
Nurhidayatul Masfiyah Mohon Tunggu... Mahasiswa Universitas Negeri Surabaya

salah satu mahasiswa universitas negeri surabaya yang hobi membaca

Selanjutnya

Tutup

Pendidikan

Saka Kamera Dadi Rasa : Perjalanan Gawe film Unggah-Ungguh Basa Jawa

18 Oktober 2025   21:55 Diperbarui: 18 Oktober 2025   21:55 12
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

foto film pendek unggah-ungguh basa jawa
foto film pendek unggah-ungguh basa jawa

Sajrone perkuliahan Basa Daerah, aku lan kelompokku oleh tugas kanggo nggawe film pendek nganggo basa Jawa. Awit sepisanan krungu tugas iki, aku rumangsa bungah nanging uga rada kagok. Nanging nalika ngerti topik sing dipilih yaiku unggah-ungguh basa Jawa, aku langsung semangat amarga iki bab sing wigati lan asring ora digatekake dning generasi saiki.

Ing proses nggawe film, kelompokku rembugan kanthi jero bab tingkat tutur basa Jawa, kayata ngoko, madya, lan krama alus. Skenarione nyritakake babagan bocah enom sing wis ora ngati-ati maneh nganggo basa krama marang wong tuwa. Saka kene, kita kepengin nuduhake yn tatakrama iku ora mung ana ing wujud tembung, nanging uga ing sikap lan tumindak.

Nalika proses syuting, ana akh tantangan sing kudu dilakoni. Kadhang ana adegan sing kudu diulang amarga ana sing keseleo ngucap tembung krama utawa ekspresine durung pas. Nanging, saben kesalahan iku dadi pelajaran anyar kanggo luwih nggatekake tata basa lan rasa hormat marang wong liya. Aku pribadi rumangsa luwih nguwasani panggunaan basa Jawa krama lan luwih paham makna sejati saka unggah-ungguh.

Saka pengalaman iki, aku ngerti manawa unggah-ungguh iku dudu mung aturan basa, nanging gambaran saka budi pekerti. Nalika wong nggunakake basa Jawa kanthi bener, sejatin dheweke uga nindakake ajining dhiri lan ngurmati wong liya.
Film sing diciptakake kelompokku ora mung dadi karya akademis, nanging uga dadi pangeling-eling kanggo awake dhewe supaya tansah ngugemi tatakrama lan ngajeni basa Jawa minangka warisan budaya luhur.

Projek iki ndadekake aku luwih tresna marang basa Jawa lan luwih bangga dadi bagyan saka generasi sing isih nguri-uri kabudayan. Muga-muga film cilik iki bisa dadi inspirasi kanggo kanca-kanca mahasiswa liyan supaya ora isin nganggo basa Jawa lan luwih ngerti makna sejati saka unggah-ungguh basa.

Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI

Mohon tunggu...

Lihat Konten Pendidikan Selengkapnya
Lihat Pendidikan Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun