Mohon tunggu...
M. Edy Sunarto
M. Edy Sunarto Mohon Tunggu... profesional -

Jawa asli, masa kecil & sekolah di Jawa Timur. Be cheerful. edysmartpro@gmail.com

Selanjutnya

Tutup

Humor Artikel Utama

Rampok Nyleneh

11 April 2015   14:25 Diperbarui: 17 Juni 2015   08:15 121
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
1428737017637725363

[caption id="attachment_360239" align="aligncenter" width="503" caption="Ilustrasi perampokan harta benda_pwitebingtinggi.wordpress.com"][/caption]

Rikalane sumebar kabar bab omah neng kutho bla bla duweke kulowargo Samaran, sawijine penggedhe, kerampokan durung suwe iki, tinemu ono sing aneh ing TKP mau. Rampok sajak ora butuh nggondhol barang mbejaji tur larang regane, klebu TV plasma layar lebar, VCR, lan jam tangan mewah Rolex. Sing wis nyoto digondhol rampok mung arupo kothak werno putih, isi bubuk werno putih semu klawu. Mengkono antoro liyo sing kacetho njeron lapurane pulisi.

Miturut katrangan pihak kantor pulisi kang mengku TKP kono, sing nguwatirke bubuk kuwi saklerapan memper kokain mutu dhuwur sahenggo rampok rumangsane wis oleh gepukan muantep tur gedhen2.


Sesuke, pak Samaran sing omahe dijarah rampok nganakake konferensi pers. Disorot pirang2 kamera duweke prasasat kabeh stasiun TV pak Samaran si penggedhe mau ugo mratelakake pangarepe sakluwargo marang si rampok mengkene:

“Tulung supoyo sing ngrampok omah kluwargaku lan katutan nggowo utowo sing nadhah lan nguwasani kothak putih lilo legowo mbalekake. Kothak putih mau mligi nggo nyimpen awu sisane kremasi jasad sedulur wadon sing murud ing kasidan jati tembeyan iki.”


Kocap dino sesuke, tonggo teparo geger mergo neng ngarep dalan mlebu pekarangan omah TKP ditemokake jasad salah siji gembong narkotik sing wis suwe klebu DPO pulisi. Layon katon nyandhing kothak putih wadhah awu kremasi dulure pak Samaran si penggedhe sing bareng dititiprikso pulisi jebul wis kalong separo.

Kertas sak suwek tememplek kothak nganggo lakban mowo tulisan mengkene:


“Wong iki wis banget kumowani ngedol barang palsu marang aku, mulo pantes dirampungi. Pangapuro sing gedhe wae, separo awu sedulurmu kadhung wis kasedhot mergo kasengguh bubuk sabu. Ojo dadi penggalihan abot. Sugeng siang.”

----- MESS -----

Yo wislah. Semene dhisik yo sob.

Jakarta, 11 April 2015

Tabik & salamHUMORana.com

ttd& cap stempel resmi

Departemen Humor Garing


Mohon tunggu...

Lihat Konten Humor Selengkapnya
Lihat Humor Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun