Sinau Iqro minangka sawijining proses pambelajaran kang nduweni tujuwan kanggo nglatih kabisan maca lan nulis kanthi tliti. Sanajan asale saka pangajaran maca aksara Arab, sinau Iqro uga bisa dadi pondhasi penting kanggo ngembangake kaprigelan maca lan nulis aksara Jawa. Ing jaman saiki, akeh siswa sing luwih akrab karo aksara Latin tinimbang aksara Jawa, sangga kawruh lan katrampilan babagan aksara Jawa saya nyuda. Amarga kuwi, sinau Iqro bisa dadi latihan awal supaya siswa luwih gampang nguwasani aksara Jawa kanthi luwih trampil lan tliti.Â
Ing pangajaran aksara Jawa ana loro bab utama sing penting banget, yaiku sandhangan wyanjana lan aksara pasangan. Sandhangan wyanjana yaiku tandha tambahan sing gunane kanggo nambahake swara konsonan ing aksara dhasar, kayata cecak kanggo swara ng, layar kanggo swara r, lan wigyan kanggo swara h. Kanthi ana sandhangan kasebut, saben aksara bisa nyipta suku kata anyar sing luwih cetha. Dene aksara pasangan nduweni fungsi kanggo nyambungake antaraksara supaya ora ana swara a ing pungkasan. Bab iki ndadekake tulisan Jawa luwih fisin lan ndah, nanging uga mbutuhake kawruh lan katrampilan luwih jero nalika sinau utawa nulis.
Nalika sinau Iqro, siswa dilatih supaya bisa ngenali lambang aksara, maca kanthi becik, lan mangerteni maknan. Kabiasaan kasebut padha karo proses nalika sinau aksara Jawa, sing uga nuntut ketekunan lan kesabaran. Iqro mulangake supaya saben wong sinau kanthi tliti, ora kesusu, lan bisa nggatekake saben bentuk aksara. Sipat iki banget migunani nalika nguwasani aksara Jawa sing nduweni rupa lan aturan luwih rumit. Mula saka iku, sinau Iqro bisa dadi pondhasi kanggo ngembangake katrampilan maca aksara Jawa kanthi luwih jero.
Sinau aksara Jawa ora mung minangka usaha kanggo ngerteni cara nulis lan maca, nanging uga minangka salah siji wujud nguri-uri kabudayan bangsa. Aksara Jawa minangka lambang identitas masyarakat Jawa sing ngemu nilai-nilai luhur, tata krama, lan piwulang moral. Nalika siswa sinau Iqro kanthi tekun, dheweke ora mung nguwasani aksara, nanging uga sinau ngenani rasa hormat marang ilmu lan andhap asor ing ngupaya kawruh anyar. Mula, sinau Iqro lan aksara Jawa bisa dadi wujud perpaduan antarane piwulang agama lan kabudayan lokal.
Kajaba iku, sinau Iqro uga nglatih kecermatan lan konsentrasi sing penting nalika sinau aksara Jawa sing sugih sandhangan lan pasangan. Lumantar proses iki, siswa bisa ngembangake pola pikir sing tertib lan sistematis. Iqro ngajari manawa saben aksara nduweni makna, saben tandha nduweni fungsi, lan saben tembung nduweni teges sing kudu dimangerteni. Bab iki padha karo filosofi aksara Jawa sing ngajari supaya wong Jawa bisa ngormati saben ukara lan isi piwulang sing ana ing saben tembung.
Kanthi mangkono, sinau Iqro bisa dianggep minangka pondhasi kang kuat kanggo nguwasani aksara Jawa. Loro-lorone padha ngandhut nilai ketekunan, ketelitian, lan rasa tresna marang kawruh. Sinau Iqro bisa nguwatake kemampuan maca lan nulis, dn sinau aksara Jawa bisa nguwatake rasa kabangsaan lan katresnan marang budaya Jawa. Yen loro kasebut bisa dilebur, siswa ora mung pinter maca lan nulis, nanging uga nduweni rasa tresna marang agama, budaya, lan jati diri bangsa.
Mula saka kuwi, sinau Iqro minangka dhasar pangerten aksara Jawa iku perlu dijaga lan dilestarkak. Saka sinau Iqro, siswa sinau ngenali aksara lan swara, dn saka aksara Jawa siswa sinau ngenali jati diri lan kabudayan dhewe. Loro bab kasebut dadi warisan luhur sing kudu dirumat supaya bisa terus dadi pepadhang kanggo generasi sabanjur.
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI