Mohon tunggu...
Chuck Wisnoe
Chuck Wisnoe Mohon Tunggu... Wiraswasta - The cool.....

What is done in a hurry is seldom done well

Selanjutnya

Tutup

Foodie

Pecel Rawon, Rujak Soto... Kuliner Antik Teko Banyuwangi

10 Februari 2021   17:06 Diperbarui: 10 Februari 2021   17:20 755
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Pecel Rawon Banyuwangi (Tripadvisor.com)

Aku iki duduk wong Banyuwangi asli, tapi aku jek  mambu turunan wong Banyuwangi soale suwargi Ibuk ku yo asli teko Banyuwangi.

 He....he...sekali kali nulis artikel nggawe boso jowo rek. Iki aku njajal nulis artikel nggawe boso jowo ben gak punah boso jowo. Sakno bosone leluhure awake dewe sampek dilalikno. Gak onok sing nglarang kok nulis nganggo boso jowo.

Saiki aku lagi mbahas kuliner unik teko Banyuwangi. Tak kiro baru iki onok panganan sing dicampur - campur , duduk tahu campur lamongan yo. Iku lho onok panganan jenenge pecel rawon karo rujak soto. Sampean wes tahu nyobak opo dorong panganan iki ? 

Enak kok rasane panganan iki, misale iku sing jenenge pecel rawon. Kuliner iki onok e ya cuman nang Banyuwangi. Dadi ngene susunan ne panganan iki :  sego poteh, rawon iwake daging sapi terus nang nduwure di kei cambah, kangkung karo bumbu pecel, terus disiram dodoh rawon ....yaa  maknyus mantap rasane. Opo mane ditambahi sambel terasi , wadow roso pedese nendang poll. 

Nah saiki giliran rujak soto, panganan iki campuran teko rujak cingur ditambahi karo soto daging sapi. Tambah aneh maneh iki rasane. Yok opo gak aneh, rujak cingur didu karo soto daging.

Rujak Soto Banyuwangi (Indonesiakaya.com)
Rujak Soto Banyuwangi (Indonesiakaya.com)

Wes tah gak kesuwen, nek sampean gorong tau ngrasakno jenenge pecel rawon karo rujak soto  iki , yo teko o ae nang Banyuwangi. Pasti sampean penasaran yok opo rasane. Tapi loro kuliner gak iso rame nek didol metu teko Banyuwangi, gak eroh kenek opo aku gak ngerti. Soale aku tau ngerti wong Banyuwangi dodolan rujak soto nang Sidoarjo, ya gak suweh totop alias gak payu.

Eh lali aku , onok maneh siji panganan ya podo ngetop e nang Banyuwangi , yo iku sego tempong sing pedes poll sambel e. Iwake empal goreng  opo ayam kampung goreng, tempe, sayur kangkung terus di kei sambal bajak sing pedes ....yuuuu enak temen rasane, sampek kringeten nek mangan sego tempong.

Wes sak mene ae ceritoku tentang kuliner asli Banyuwangi. Salam hangat dari Banyuwangi , kabupaten paling ujung timur di pulau Jawa.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Foodie Selengkapnya
Lihat Foodie Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun