Mohon tunggu...
Kresno Aji
Kresno Aji Mohon Tunggu...

Saat ini sedang melanjutkan sekolah S2.\r\nSuatu keinginan untuk menulis di bidang sosial budaya, terutama budaya Jawa. Analisa politik ditulis dalam bahasa Inggris.

Selanjutnya

Tutup

Sosbud

Dirabi Bajul Siluman

6 Juni 2014   15:10 Diperbarui: 20 Juni 2015   05:03 0 0 0 Mohon Tunggu...
Dirabi Bajul Siluman
140201688263981845

[caption id="attachment_327631" align="aligncenter" width="300" caption="Bajul Putih"][/caption] Kaya dene biyasane, saben isuk lan sore Sumi ngumbahi klambi lan asah-asah uba rampe dhapur pisan ing kali cedhak omahe. Pakulinan iki pancen wis dadi adate warga desa kana. Ndelalah sore kuwi kaline nedheng-nedhenge banjir, saengga banyune kali munggah ora kaya adat biyasane. Nalikane nembe umbah-umbah, dumadakan kanthi ora sengaja Sumi weruh barang rupane ireng rada dawa kemampul nang panggonan kang biyasa kanggo umbah-umbah warga desa kana. Tanpa nduweni rasa cubriya, Sumi nyedhaki barang kang kemampul kasebut. Dumadakan, barang kuwi obah-obah, nanging ora ngadoh malah nyedhak. Bareng saya cedhak, cetha menawa barang kemampul kasebut dudu sampah utawa gagang sawenehe tetuwuhan nanging sawijining rete utawa anak bajul. Kanti tanpa tidha-tidha, Sumi sing kudune gila malah nyedhak lan tanpa nggagas sing neka-neka banjur njupuk rete kasebut lan banjur digawa bali. Rete kasebut banjur diopeni lan diseleh nang kendhil, sabanjure dideleh nang ngisor longan amben omahe. "sliramu keri wae ana kene ya ngger, aku bakal nggulawenthah sliramu kanthi becik..", ujare Sumi karo ngelus-ngelus rete kasebut tanpa jijik apa dene wedi babar pisan. Kaya dene ana sing manjing marang ragane kanggo ngopeni rete kuwi. Saben dina, Sumi ajeg ngloloh panganan arupa cebong marang "anake" kuwalon iku. Mung anehe, saploke ngopeni rete kasebut, mundhak dina uripe Sumi sang saya mapan. Sumi, kang mung randha ijen tanpa anak tanpa rowang, saiki uripe dadi kecukupan. Kamangka biyen, kanggo nyukupi butuhe dhewe saben dinane wae rekasa. Saiki, mundhak dina saya mundhak kecukupan. Kabeh iki uga tanpa kanyana-nyana. Kawitane, nalikane Sumi nembe resik-resik amben, nalikane nganggkat bantal kok nemu dhuwit kang lumayan akeh. Maune bab kasebut ora digagas, paling-paling dheweke lali nyimpen dhuwit ana ngisor bantal, sing wigati bisa kanggo nyambung urip saiki lan mengko. Mangkono batine Nanging, liya dina nalikane resik-resik amben omahe, dheweke nemu dhuwit maneh kang akeh kanggone dheweke. "Kok aeng men ta, iki dhuwit saka ngendi?" batine Sumi tidha-tidha. Nanging, saya dipikir dheweke malah sang saya mumet. "Wis ah, sing penting bisa kanggo ngopeni rete iki nganti gedhe lan bisa kanggo nutup kabutuhan saben dinane..." batine Sumi karo mupus sakabehe kedadeyan aeng kasebut. Rete olehe nemu kuwi maune mung dipakani kuthuk sing dituku nang pasar. Mundhak dina, bareng rete kasebut sangsaya mundhak gedhe, banjur ditukokake pitik lancur. Nanging saiki tuwuh prekara anyar, kendhil sing dianggo ngopeni rete wis mulai kecilikken. Mbok menawa sesuk-sesuk malah ora momot babar blas. Sumi dadi pekewuh dadakan, arep diumbar nang njero ngomah, dheweke wedi mengko yen lena malah didekep. Dheweke uga wedi yen tanggane dadi geger, meruhi dheweke ngopeni bajul. Menawa arep digawa menyang kali, dheweke wedi menawa bakal konangan tangga-tanggane sing nembe mangkat-mulih menyang kali. Mengko malah dirancak wong akeh, dienggo bancakan rame-rame. Saking bingunge anggone nggagas, wusanane dheweke keturon ana cedhak lawang omahe. Esuke, tanpa nggagas warna-warna, Sumi gawe luwengan kang rada gedhe nang dhapur. Pamrihe kanggo gawe kolam banyu lan dheweke bakal mindhah bayane sing mundhak gedhe ana kono. Lumayan kanggo sauntara karo ngenteni mengko kepriye maneh kang bakal dumadi. Ing sawijining wengi, nalikane si Sumi nembe wae keturon saking kesele ngurusi gaweyan ngomah lan uga anggone ngrumat baya kuwi. Dumadakan dheweke nglilir, kupinge kaya krungu swarane kecipaking banyu nang dhapur, kaya dene ana pawongan utawa kewan gedhe kang ambyur ing kolam. Wedi mbok menawa, baya ingon-ingonane diparani kanca-kancane apa nembe keluwen nganti ngamuk nang dhapur. Sumi enggal-enggal mlayu, marani dhapur kang uga kanggo nyimpen baya open-openane. Dheg!! Kaya ngapa kagete Sumi, baya ingon-ingonane saiki malih dadi tambah gedhe, malah kolam sing biyasa kanggo kandhange dadi ora muat babar pisan. Baya kuwi kaya dene ngamuk, mlaku mrana-mrene karo nabrak-nabrak tembok omahe. Ndelalah bojone biyen anggone gawe omah cukup pengkuh, senajan mung omah gedheg nanging ngisore kagawe saka tumpukan watu kali. Saengga, senajan ta si baya mlaku karo nabrak-nabrak mrana-mrene ora dadi ngapa, mung marakake geter sajroning omah. Sauntara iku, si baya isih mlaku-mlaku karo nabrak-nabrak mrana-mrene, saengga sisike padha gogrog. Sumi dadi keweden nekseni kedadeyan iku, menawa si baya dadi ngamuk lan banjur mangsa dheweke kepriye mengko dadine? "Ngger... ana perkara apa ta, dene sliramu kok dadi ngamuk kaya ngene? Apa ta kaluputanku, saengga ndadekake sliramu dadi ngamuk kaya mangkene? Apuranen ibumu iki ya ngger, menawa wis gawe cuwaning atimu!" ujare Sumi karo ngrerintih. Nanging, kaya-kayane omongane Sumi ora dipaelu dening si baya sing saiki mundhak gedhe. Dheweke tetep wae mlaku mrana-mrene karo nabrak-nabrakake awake ana tembok omahe Sumi. Sumi sing ndeleng sapari-polahe si baya tambah ndhrodhog kabeh nganti awake wel-welan. Nanging, saiki dheweke dadi cingak, amarga sang saya suwe sawise sakabehe sisike si baya kuwi mbrodhol, alon-alon ilang wujude minangka baya. Saiki malih maujud dadi sawijine bocah tumaruna kang nggantheng kanthi polatan kang tajem. Seprana-seprene nganti umur telung puluh luwih, Sumi durung nate ngalami kaelokan kaya ngene. Saking cingake, awake nganti ora bisa obah, lambene blangkemen ora bisa celathu babar pisan. Nalikane wis sawetara suwe anggone nyawang kedadeyan kuwi, dheweke mulai eling. Sumi enggal-enggal kepengin metu saka ngomahe arep njaluk tulung tangga-tanggane. "Kanjeng Ibu Sumi sampun ajrih!" celathune bocah bagus kuwi kanthi aring. "Panjenengan percados kemawon kaliyan kula, kula mboten bakal milara panjenengan malah badhe asung bebantu dhumateng panjenengan. Ning kanthi pitukon panjenengan janji mboten criyos kaliyan sinten-sinten bab wewadinipun kula punika. Kula mang dadosaken putra panjenengan kemawon. " celathune bocah bagus kuwi karo ngalang-ngalangi lakune Sumi sing arep metu saka ngomah. "Ya wis yen kaya mangkono ngger, ning jenengmu njur sapa...?" jawabe Sumi karo isih tidha-tidha nyawan bocah bagus kuwi. "Nami kula pun Jaka Andela!" ujare si bocah tumaruna iku kanthi trapsila. Sabanjure, kanthi diaku minangka anake kuwalon saka sedulure, wusanane si Jaka Andela bisa ambyur ing warga desa kono. Malah gawe atine Sumi tambah mongkog, amarga pranyata si Jaka Andela disenengin wong akeh amarga olehe nggantheng lan gagah nanging ora kumalungkung, pranyata malah andhap asor menyang warga, utamane marang sing luwih tuwa. Para kenya desa akeh sing seneng lan ketarik marang Jaka Andela, prasasat dheweke dadi kembang lambe ing antarane para kenya ing desa kuwi. Nanging saka sakehe prawan desa sing padha ketarik marang Jaka Andela, ana sawiji sing bisa ndadekake atine dadi dheg-dhegan, yaiku Tari. Salah sawijining kenya kang dadi kembang desa ana kono. Pranyata suwening-suwe wong loro padha dene ketaman asmara lan wusanane Jaka Andelo nyuwun marang Ibune supaya nembung marang wong tuwane Tari. Ing dina sing wis ditemtokake, wusanane Jaka Andela sida ngrabi Tari kang sineksen dening wong tuwa lan kulawargane Tari, uga Sumi minangka mbok kuwalone Jaka Andela. Lan wiwit dina kuwi, Tari lan Jaka Andela urip bebarengan. Ing sawijine dina, nalika wong loro padha jejagongan ijen ana ngomah, Jaka Andela celathu marang Tari. "Dhiajeng, aku arep blaka suta marang sliramu oleh apa ora?" takone si Jaka. "Inggih pikantuk kemawon ta kangmas, lha kula punika rak sanes sinten-sinten ta, kula punika rak garwa panjenengan kang werdinipun sigaraning nyawa. Dados sampun jamak lumrahiun menawi ta panjenengan blaka dhumateng kula...", ujare Tari teteh. "Ngene ya yayi, sabenere kuwi kanjeng Ibu Sumi kuwi dudu ibuku.." "Sanes ibunipun saestu? Lajeng, sinten ibunipun kangmas ingkang saestu?" pitakone Tari karo nlesih. "Ibuku ana ing sabrang desa, sliramu kepengin nemoni wong tuwaku?" pitakone Jaka Andela ngemu teges. "Lha injih makaten, kula kepengin kepanggih kaliyan Ibunipun kangmas tuwin ngaturaken pangabekti minangka putra mantunipun..." ujare Tari saya ndheseg. Wusanane Tari diajak bojone nemoni maratuwane asli ana sabrang desa. Kawitane, wong loro mlaku runut kali Cimanceuri tumuju ing kedhung. Sadawaning dalan, Jaka nyaritakake menawa desa papane ibune iku panggonan kang nyenengake, wargane andhap asor, makmur lan sentosa. Tari nganti mbayangake, menawa dheweke ana ing sawijining desa sing reja lan nyenengake. Nganti wusanane wong loro tekan ing sawijining desa sing gawe cingak tumrape Tari. "Iki papan panggonane wong tuwaku.." ujare Jaka marang bojone iku. Tari kamitenggengen, dheweke ora percaya menawa wis tekan papan kang dituju. Ing desa kuwi, katon menawa wargane rata-rata padha kecukupan. Omahe apik-apik, dicat putih resik. "Lha sing ngendi daleme wong tuwane panjenengan kangmas?" pitakone Tari karo isih singunen. "Sedhela maneh awake dhewe tekan!" jawab Joko. Wong loro terus lumaku, sadawaning dalan-dalan wargane padha sapa aruh karo wong loro iku, racake padha guyub nyumadulur. Bocah-bocah padha playon turut ratan, racake kabeh padha seneng. Jaka nggandheng bojone tumuju sawijining omah, nalika wis tekan njero wong loro kuwi dibagekake dening pawongan lanang wadon kang wis umur. Wong loro kuwi mratelakake minangka Bapa lan Ibune si Jaka Andela. Tari ora patiya mudheng, apa wae sing katindakake dening bojone selawase ana kana, sing wigati selawase manggon ana kana dheweke betah banget, ngluwihi betahe anggon ana ing omahe dhewe. Nanging, suwe-suwe dheweke kelingan marang wong tuwane, saengga kepengin bali methuki wong tuwane. Nalika arep bali, dheweke ngajak bojone nanging ditampik dening bojone kanthi alesan bakal njaga kayuwanane wong tuwane. Wusanane Tari mulih ijen wae, nalika dheweke mlaku tumeka ing pojok desa, kadadak tanpa kanyana dheweke langsung mentas saka kedhung kali Cimanceuri kanthi panganggo kang teles-kebes. Kaya ngapa cingake Tari marang kanyatan iki, kok bisa-bisane dheweke ana kedhung selawase iki. Wusanane Tari nembe eling, menawa bojone kuwi dudu salumrahe manungsa, nanging jinising lelembut kang manggon ana ing kedhung kali kono. Sawise mulih menyang omahe, ing liya dina Tari nemone Sumi, ibune kuwalon di Jaka Andela. Dheweke kepengen nggenahake sapa ta sejatine bojone kuwi. Maune Sumi ya suwala, ning suwe-suwe dheweke trenyuh lan banjur crita mula bukane ketemu si Jaka Andelo lan banjur didaku dadi anake kuwalon, pek-pekan saka sedulure Sumi. Nganti gedhe lan dadi bojone si Sumi. Sawetara sasi sabanjure, Joko methuk Tari nang omah wong tuwane, karepe arep diboyong sowan marang mertuwane ya wong tuwane Jaka Andela ana ing kedhung kali desa iku. Nanging Tari ora gelem kanthi pawadan amarga wong loro kuwi seje panggonan. "Ya wis, yen sliramu ora gelem tak boyong menyang kraton, kumpul dadi sawiji karo Rama Ibu. Ning menawa dhiajeng ngersakake pepanggihan klawan pun kakang, tabuhen bedhug wae. Pun kakang bakal rawuh ana kene yayi pepujane pun kakang. Nanging, amarga warga ing desane Tari sabeh wayah sembahyang padha nabuh bedhug, wusanane Jaka Andela nyambangi Tari sedina nganti ping lima. Dadi ing kali kasebut asring mecungul baya  pirang-pirang kang minangka para punggawane Jaka Andelo. Para warga kang meruhi baya pirang-pirang mecungul ing kali padha girap-girap mlayu bali omah, ora sida adus utawa umbah-umbah ana kali. Wusana ing sawijine dina, Tari nglairake bayi saka wijine Jaka Andelo. Bayi kuwi edi pasuryane kaya dene bapake. Jaka Andelo kang ngerti menawa anake wis lair duwe kekarepan arep nggapa anake kuwi, diaturake marang wong tuwane sakloron kang mapan ana ing kedhunge kali. "Kula mboten kawratan kangmas, menawi panjenengan badhe ngaturaken si jabang bayi punika wonten ing ngarsanipun eyange, namung kula nyuwun supados panjenengan mboten sisah rawuh malih wonten mriki supados para warga mboten sami ajrih mriksane bajul-bajul sami mecungul ing lepen sacelakipun mriki", ujare Tari kanthi trapsila nanging tandhes. "Kaya ngono ya dhiajeng, ya wis yen kuwi pamundhutmu pun kakang bakal minangkani muga dadi lan apike bebrayan ing kene." ujare Jaka Andela kanthi ati kang rinujit-rujit. Wusanane, sawise sapatemon kang pungkasan iku, saiki wis ora ana bajul utawa baya sing mecungul ana Kali Cimanceuri. Cuthel Sumber: - Jarwan bebas saka situs ilmukesaktian.blogspot.com

KONTEN MENARIK LAINNYA
x