Sanajan modernisasi wis mlebu ing saben aspek urip, masyarakat Jawa isih nganggep upacara iki minangka warisan luhur sing kudu dilestarekake. Akeh generasi enom sing saiki sinau maneh makna saka upacara iki, ora mung kanggo gaya, nanging kanggo ngelingake identitas lan jati diri budaya Jawa.
Nalika akeh tradisi luntur amarga globalisasi, Panggih tetep lestari amarga nduweni kahanan sosial sing kuat. Tradisi iki tansah digandhengake karo rasa bangga budaya, lan dadi ajang nguri-uri nilai Jawa sing ngandhut sopan santun, rasa hormat, lan katresnan marang sesami.
Upacara Panggih dudu mung prosesi upacara manten, nanging refleksi saka sakralitas budaya lan dinamika sosial wong Jawa. Ing sawijining acara sing katon prasaja, kasimpen makna kang jero yoiku kesucian, kebersamaan, lan rasa tresna sing nyawiji karo spiritualitas.
Nalika masyarakat Jawa bisa nglestarekake Panggih kanthi cara anyar tanpa ngilangi rohnya, iku nuduhake yen budaya Jawa iku urip, lentur, lan lestari. Tradisi iki dadi pangeling yen budaya ora mung peninggalan, nanging uga panguripan cara wong Jawa ngerteni lan ngrasakake urip kanthi rasa lan makna.
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI