Mohon tunggu...
Lina Maisaroh
Lina Maisaroh Mohon Tunggu... Wisteria

There's gonna be another mountain

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Wuyung Wani Wurung

26 Oktober 2020   08:53 Diperbarui: 26 Oktober 2020   08:56 113 3 0 Mohon Tunggu...
Lihat foto
Wuyung Wani Wurung
Sumber gambar: galeri foto pribadi

"Mas, iki jan-jane arep kepiye?" pitakonku lirih marang Mas Dika kang kawit mau nunggoni anggonku ngrampungake gawean. Dheweke mung lungguhan ana sandingku, ora ngucap apa-apa lan sepisan-pisan ngaras rambutku.

"Njenengan iku ngelih apa ora, Mas?" pitakonku maneh. Mas Dika nggedek banjur narik tanganku nalika aku menyat saka kursi. Hambeganku landung, jero uga nggegirisi.

Jan-jane ing sesambungan iki ora ana kang rumangsa tuna, padha seneng lan butuhe. Aku lan Mas Dika wis padha ngumure, wis lulus kuliah lan nduweni gawean kang kurang luwihe wis bisa nyukupi kekarepan lan jejangkepan werna-werna. Apa maneh kang perlu dienteni?

Sesambungan iki wis lumaku 4 tahun. Sesambungan kang diwiwiti pethukan ing Sekaten nalika aku ngawul klambi rombengan. Aku golek jaket, dheweke golek kathok. Sidane kang ngolehake jaketku iku Mas Dika lan aku kang ngolehake kathok komprang apik kanggo Mas Dika. 

Malah ndemenakake temenan merga nalika iku aku ngolehake kathok 5 cacahe. Tak kira yen ngolehake siji bisa wae Mas Dika ora tau ganti. Mulane aku ngolehake sak okeh-okehe kareben bisa solan-salin. 

Dene Mas Dika ngolehake jaket kang rupane nyleneh. Nalika iku aku kaya wegah-wegaho nampa jaket kaya lulang wedhus gembel lurik. Rambutku wis kriting, yen nganggo jaket iku malah persis wewe gombel. Ananging merga kepranan Mas Dika, jaket iku tak tampa lan tak enggo tumeka saiki. Rupa jakete pancen elek ananging anget kathik gampang rerumatane.

Mas Dika uga ngeterake mulih. Aku manut, ora nduweni rasa wedi amarga tak wawas Mas Dika iku wong lanang apik-apik lan ora katon nduweni niat ora becik. Pancen temenan, Mas Dika seje karo wong lanang kang wis-uwis. Wiwit saka dina iku katresnan antarane aku lan Mas Dika tuwuh lumaku tumeka saiki kaya kembang lan tawon, kebo lan jalak, utawa hiu lan iwak remora.

Yen akon aku nyeritakake kang endah-endah ora bakal kentekan ukara amarga saben kesenengan iku kasimpen becik ana ing atiku. Pancen ana ing sesambungan iku ora mung seneng terus utawa nguja tresna. Ana wektune aku lan Mas Dika tukaran, sengit nganti wegah pethukan. Kuwi kabeh wis tak lakoni lan tak rasakake. Rasane pancen nano-nano maneka werna ananging cekake aku kandha yen sesambungan iki endah lan becik.

Kanggone Mas Dika, pangucapku winginane sore palingna gawe atine cuwa kelara-lara. Dina iku Mas Dika ngepasi ajak rabi, dheweke wis mratelakake werna-werna kanthi tharik-tharik. Katon banget yen iku kabeh direronce Mas Dika nganggo pikir kang mateng lan jero. Aku mung meneng, ora manthuk utawa nggedek. 

Awakku jejeg kaya wit glugu, ananging jiwa lan atiku gonjang-ganjing wayangan dhewe. Saben krungu rerekane Mas Dika, kaya-kaya aku dadi wadon kang paling dosa ning dunya iki. Geneo wong lanang apik-apik kaya Mas Dika malah kudu tak tinggalake.

Arep kepiye maneh? Pikiranku wis buntung ora bisa ditulungi maneh. Anggonku nangis saben bengi nganti eluhe garing, swarane gerok lan sikil ora bisa jejeg. Laraning cidro iki wis tak rasakake kawit telung tahun kepungkur nalika aku diajak mulih Magelang kanggo ketemu Bapak lan Ibune Mas Dika. Dina iku kudune dadi dina kang endah dene aku sansaya cerak pitepangan karo Mas Dika lan keluargane. Ananging dina endah iku owah dadi udan gludug, banjir, lindhu, gunung njeblug lan pageblug dadi siji ana ing awakku.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
VIDEO PILIHAN
KONTEN MENARIK LAINNYA
x