Mohon tunggu...
KOMENTAR
Cerpen

Warunge Yu Ginuk

25 Juni 2018   15:07 Diperbarui: 25 Juni 2018   15:17 436 0
Yu Ginuk lagi galau tingkat dewa. Bar idul fitri bobote mundhak akeh, kamangka wes poso romadhon trus sawalan imbuh poso nyawal. Tanggane sing bar dha mudik dha pangling kabeh. "Weleh, yu Ginuk, kok tambah makmur sampeyan. Sajak kakehan tehaer." Cluluke Warti karo nyalami yu Ginuk. Tutik (iki pancen jenenge, ora mergo untune metu sitik) langsung ngambungi yu Ginuk "Maaf lahir batin yo Yu Ginuk, kosong kosong." "Nanging utangmu ra melu dikosongke Tik." Saure Yu Ginuk. "Mbobot po yu Ginuk, kok wetengmu soyo gedhe."

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun