Mohon tunggu...
Srikandi
Srikandi Mohon Tunggu... -

abdi dalem kanjeng sultan

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Warunge Yu Ginuk

25 Juni 2018   15:07 Diperbarui: 25 Juni 2018   15:17 436
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Yu Ginuk lagi galau tingkat dewa. Bar idul fitri bobote mundhak akeh, kamangka wes poso romadhon trus sawalan imbuh poso nyawal. Tanggane sing bar dha mudik dha pangling kabeh. "Weleh, yu Ginuk, kok tambah makmur sampeyan. Sajak kakehan tehaer." Cluluke Warti karo nyalami yu Ginuk. Tutik (iki pancen jenenge, ora mergo untune metu sitik) langsung ngambungi yu Ginuk "Maaf lahir batin yo Yu Ginuk, kosong kosong." "Nanging utangmu ra melu dikosongke Tik." Saure Yu Ginuk. "Mbobot po yu Ginuk, kok wetengmu soyo gedhe."

Komunitas pagi warung Yu Ginuk simbok simbok kompleks sing bar dha mulik mudik dha salam-salaman, ambung-ambungan, ngapuran ngapuranan, trus ngobrol gayeng kaya adat sabene. Topike saiki urusan berat badan. Roto roto pancen dha mundhak lemu, sajake le ngelan opor dha kakehan. "Ra sah susah yu, iki kabeh dha ketok lemu lemu, kui apik tegese awak dhewe ki saya makmur. Rasah meri karo Jeng Sri, langsing,  wong ming di tinggal selingkuh, bojone rabi meneh." kandhane Tutik karo milih kangkung, golek sing seger seger.

Warunge Yu Ginuk pancen laris, prasasat kabeh warga komplek dha blanja mrono. Dhasare warunge yo pepakan, seko sayuran, gereh, ayam, thethelan daging, buah tekan kering keringan ana kabeh. Berita berita terkini yo siap terhidang, mbuh tenanan mbuh isu, pokoke gayeng.

"Kae lo kang Parman bojone jeng Sri jare saiki dhemenan karo Sarjiyem." Tutik mulai melancarkan gosipnya. "Wingine jeng Sri nglabrak Sarjiyem, rambute di jambaki, raine di cakari, gayeng pokoke.""Woo, sarjiyem sing omahe kidul ndeso kae po. Ayu sarjiyem yo timbang jeng Sri. Njuk karepe arep duwe bojo telu ngono po kang parman, kok le mbagusi temen." "Ora bagus yu, ming brewu, dadi akeh sing dho kepilut. Aku we gelem dadi dhemenane." Omonge tutik koyo ra nganggo mikir. "Oalah tut, ngilo.. ngilo." Tutik mung menjeb ketok untune sing metu sitik.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun