Mohon tunggu...
KOMENTAR
Filsafat

Serat Wulang Reh (1-5)

1 Juni 2013   15:25 Diperbarui: 24 Juni 2015   12:41 810 1
Bener luput, ala becik, lawan begja cilaka mapan saking badan priyangga, dudu saking wong liya, pramila den ngati-ati, sakeh dirgama singgahana den eling. (Wulang Reh, Durma-3)

(Benar salah, baik buruk, dan untung rugi, terletak pada diri sendiri, bukan karena orang lain, maka dari itu hati-hatilah, terhadap ancaman, selalulah sadar dan waspada).

+++++

1

Pamedhare wasitaning ati, cumanthaka aniru pujangga, dhahat mudha ing batine, nanging kedah ginunggung, datan weruh yen akeh ngesemi, ameksa angrumpaka, basa kang kalantur, tutur kang katula-tula. (Wulang Reh)

(Tersingkapnya ajaran hati, sok berani untuk meniru seorang pujangga/ahli kitab, hal itu sangatlah bodoh sekali, tetapi karena ingin dipuja, tidak tahu kalau banyak yang menertawakan, memaksa untuk mengarang, bahasanya kacau, kata-katanya sia-sia)

Tinalaten rinuruh kalawan ririh, mring padhanging samita. (Wulang Reh)

(Telitilah dengan sabar, supaya semua tanda kehidupan menjadi jelas)

2

Sasmitaning ngaurip puniki, mapan ewuh yen ora weruha, tan jumeneng ing uripe. (Wulang Reh)

(Tanda hidup ini, apabila tidak dimengerti, tidak akan bermakna hidupnya)

Akeh kang ngaku-aku, pangrasane sampun udani, tur durung wruh ing rasa. (Wulang Reh)

(Banyak yang merasa sudah tahu atau paham, tahu tentang 'rasa', padahal belum mengetahui benar tentang 'rasa sejati')

Upayanen daropan sampurna ugi, ing kauripanira. (Wulang Reh)

(Berjalanlah supaya menjadi sempurna, dalam hidupmu)

3

Jroning kuran nggoning rasa yekti, nanging ta pilih  ingkang uninga, kajaba lawan tuduhe. (Wulang Reh)

(Dalam al-Quran terdapat kebenaran sejati, tetapi hanya yang terpilih yang tahu, dan yang mendapat petunjuk)

Nora kena denawur, ing satemah nora pinanggih, mundhak katalanjukan, temah sasar susur. (Wulang Reh)

(Hal itu tidak bisa sembarangan, pada bagian yang tersirat, jangan keblabasan, jangan sampai kesasar)

Yen sira ayun waskitha, sampurnane badanira puniki, sira anggugurua. (Wulang Reh)

(Apabila engkau ingin bijaksana, mencapai kesempurnaan dalam hidupmu, maka bergurulah)

4

Nanging yen sira nggeguru kaki, amiliha manungsa kang nyata, ingkang becik martabate, sarta kang wruh ing kukum, kang ngibadah lan kang wirangi. (Wulang Reh)

(Apabila engkau berguru, carilah seorang manusia yang nyata, yang baik martabatnya, yang tahu hukum, yang beribadah dan prihatin)

Sokur oleh wong tapa, ingkang wus amungkul, tan mikir pawewehing liyan, iku pantes sira guronana kaki, sartane kawruhana. (Wulang Reh)

(Lebih baik dapat seorang pertapa, yang menjiwai pertapaannya, yang tidak mengharap pemberian orang lain, pahamilah hal itu)

5

Lamun ana wong micareng ngelmi, tan mupakat ing patang perkara, aja sira age-age, anganggep nyatanipun, saringana dipun baresih, limbangen lan kang patang prakara rumuhun, dalil kadis lan ijemak, lan kiyase papat iku salah siji, ana kang mupakat. (Wulang Reh)

(Jika ada orang bicara ilmu, tetapi tidak sesuai dengan empat perkara, jangan segera, itu dianggap nyata, saringlah dengan teliti, ingatlah hal empat itu, hal empat itu, dalil hadis dan ijmak, keempatya adalah kias (qiyash) haruslah ada yang sesuai)

*) Sumber: Javanese Wisdom Berpikir dan Berjiwa Besar, Agung Webe, Indonesia Cerdas.

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun