Mohon tunggu...
IMAM ARIF S
IMAM ARIF S Mohon Tunggu... Lainnya - Ketua KPU Ka. Banyumas Tukang Ngecebres

Urip Kui Kudu Urup

Selanjutnya

Tutup

Politik

Kontrak Politik

21 Februari 2021   15:39 Diperbarui: 21 Februari 2021   16:15 210
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

#Ngecebres04

Kulanuwun, priwe kabare luuur? muga sehat waras bregas. Aamiin

Inyong arep nerusna ngecebrese wingi babagan pemilu. Akeh kanca-kanca sing pada ngresula, mergane pemilu lan pilkada wis kopang kaping saben limang taun sepisan, ningen nasibe ajeg bae, tetep susah. Ana kanca sing dadi tukang becak crita jere wis nyoblos pemilu ping papat, tetep ajeg bae dadi tukang becak. 

Ana kanca usaha dadi PKL wis melu pemilu ping 5, tetep ajeg bae dadi PKL. Sing dadi kuli bangunan, ajeg dadi kuli. Sing dadi tani, ajeg bae dadi tani. Sing nyambut gawene srabutan, esih bae srabutan nyambut gawene lan sepiturute lah pokoke clala clolo. Intine kanca-kanca pada ngresula, deneng pemilu pilkada bolak balik ora ngrubah kondisi uripe, tetep susah, tetep mlarat lan ndoresani.

Iya lur, pancen ora ana kaitane langsung pemilu lan pilkada karo kesejahteraan rakyat. Ningen sing ana kaitane kuwe karo calon sing depilih utawa njagong.  nek calon sing depilih utawa njagong mau kuwe calon sing programe apik, pinter, amanah lan gelem mikirna nasib rakyate, nembe nasib rakyate brubah, dadi sejahtera. Bisa bae tetep dadi tukang becak, nanging esih bisa nempur, bisa nyekolahna anak, kesehatan dejamin, papan panggonan layak. 

Bisa bae esih dadi tani, nanging ana jaminan bibit sing apik, golet pupuk lan obat hama gampang tur murah, asil tanine melimpah. Bisa bae ajeg usaha PKL, nanging debantu trukah lan ora degusur tempat usahane. Bisa bae ajeg dadi karyawan, nanging aman nyaman, ana jaminan ora gampang de PHK. Bisa bae ajeg dadi tukang deres, nanging rega gula dejamin maen, ana asuransi lan jaminan kesehatane. Pegaweane ajeg, ningen uripe sejahtera, aman lan nyaman.

Lamona priwe carane? Kuncine kuwe neng njerone pemilu kudu ana kontrak politik, kesepakatan antarane si calon karo pemilih (inyong lan rika pada) sing isine nggo kapentingan wektu sing dawa, perbaikan sistem. Udu deenggo sing sepele kaya bagi-bagi kaos, krudung, sembako utawa wuwur. Babagan bagi-bagi sembako, krudung, duwit utawa wuwur kuwe mlebune money politik sing delarang neng agama lan negara. Inyong wingi wis ngecebres pirang-pirang, yen money politik utawa wuwur kuwe merekna calon sing dadi utawa njagong ora kober mikir rakyate, sebabe duwite wis enthong akeh pisan, wajar lan lumrah mikire priwe balek trukaeh lan ana kasile dadi pejabat.

Perbaikan sistem kuwe contone biaya sekolah lan kesehatan gratis, golet gawean gampang, ana rasa aman usaha ora degusur, subsidi pupuk nggo tani, asuransi kesehatan, jaminan ora de PHK, perbaikan sarana lan prasarana,  irigasi pengairan, perhatian maring agama lan budaya, manula lan wong sing ora duwe ora ngasi kapiran uripe. Lan lia liane.

Pemilih sing tandatangan mau kuwe bisa makili ormas, komunitas, paguyuban, kumpulan  utawa liane. Sing demaksud calon kuwe calon legislatif lan calon pimpinan pemerintahan/kepala daerah. Kontrak politik kuwe wujude komitmen pemilih arep mbantu, ndukung lan nyoblos si calon, lan calon sing depilih duwe komitmen utawa janji yen wis njagong arep usaha priwe carane ben gawe rakyat sejahtera lan nasib anggota komunitas/kelompok masyarakat mau dadi lewih apik. Dadi si calon ora perlu ngetokna duwit pirang-pirang gole nggolet bithing, mung garine yen wis njagong usaha kanthi nemen mujudna janji-janji sing wis desepakati neng njerone kontrak politik mau.

Dadi sing jenenge kontrak politik kuwe lewih bermartabat, lewih terhormat debandingna money politik. Yen money politik kuwe paling nampane seket ewu utawa satus ewu, sedina rong dina wis enthong manfangate. Ningen angger kontrak politik kuwe manfangate derasa suwe, taunan lan akeh sing ngrasakna gutul bisa bae anak putune. Wis paham ya lur, mbok lewih maen kontrak politik? Kontrak politik kuwe bermartabat lan hebat. Bisa njawab dadi solusi urip neng masyarakat, dadine ora ana maning sing ngresula bolak balik pemilu lan pilkada, deneng uripe ajeg susah lan ndoresa.

Mesti rika kepikiran, nek calon tes dadi kelalen karo janjine utawa isi kontrak politike, priwe carane gole nagih? Sedurunge kanca-kanca pada gawe kontrak politik karo si calon, kudu kanca-kanca nyeleksi,  priwe rekam jejake, priwe pergaulane, maen apa ora akhlak budine, pinter apa ora lan sepiturute. Ora waton kontrak politik karo sembarang calon.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Politik Selengkapnya
Lihat Politik Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun