Duh gusti...
yen slirane lali'
Coba elingno marang kusumaning ati
Jiwo rogo iki tetep saguh ngenteni
Yen kuat sampe tekane pati
Pengen sesanding koyo ratu lan rojo
dununge roso sliramu iku garwo
Rasane ati iki ora lilo
Yen sliramu gandeng priyo liyo
Bocah ayu seng kinyis kinyis
Ngertenono atiku rasane koyo di iris iris
Saben kelingan kangene ra iso ditepis
Trenyuh ati,baten rasane nangis
Sliramu ra ngerti opo pancen ra gubris
Pring kuning dtoto rapi
Digawe leyeh leyeh karo ngunjuk kopi
Nanging kawulo sakdermo nglampahi
kabeh iku wes dadi garising Gusti
Nyebar godong koro
kadale nyawang tirto
Amung sabar sak wetoro
Tawakal marang sing Kuoso
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI